Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bahasa jawa

Total questions: 17

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

2.

Saben liwat tanduran sinawang ijo...

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

3.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

4.

Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani...

a)

Parikan

b)

Panyendhu

c)

Bebasan

d)

Panyandra

5.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Parikan

d)

Papindhan

6.

Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane...

a)

Jambe sinigar

b)

Nawon kemit

c)

Ndamar kanginan

d)

Mucuk eri

7.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani...

a)

Basa rinengga

b)

Basa guyonan

c)

Basa bagongan

d)

Basa krama desa

8.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

9.

Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.

Tembung sing klebu panyendhu yaiku....

a)

Dedege dhuwur

b)

Lembehane mlarak sempal

c)

Batuke nonong

d)

Yen mlaku kaya macan luwe

10.

Wartini iku bacahe ayu, alise.....

a)

Nawon kemit

b)

Blalak-blalak

c)

Miji timun

d)

Nanggal sepisan

11.

Eyang kakung...................saking Kalimantan

a)

Wangsul

b)

teka

c)

Kondor

d)

Mulih

12.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............

a)

Disapu

b)

kosapu

c)

Nyapu

d)

daksapu

13.

Pak Lurah lagi..........menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku....................

a)

Mangkat

b)

Kesah

c)

Tindak

d)

Budhal

14.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

15.

Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...

a)

intonasi saben ukoro kudu bener

b)

intonasi ukoro ora kudu bener

c)

tempo anggone maca ora kudu bener

d)

pamedhote ukoro ora kudu bener

16.

Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Sengsara

c)

Suka - suka

d)

Mandiri

17.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani ...

a)

Dheskripsi

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Narasi