NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN BAB 1&2
Total questions: 40
Worksheet time: 28mins
Sapa sing nganggit Serat Wedhatama?
KGPAA Mangkunegara VI
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunegara V
KGPAA Pakunegara VI
KGPAA Mangkubuwana IV
Serat Wedhatama iku cacahe ana pirang pupuh?
2
3
4
5
6
Coba tembang apa kang ora kalebu ing pupuh Serat Wedhatama?
Sinom
Pangkur
Kinanthi
Mijil
Pocung
Tembung Wedhatama iku asale saka tembung "wedha" lan "tama". Tembung "wedha" duweni teges?
mudha
utama
tuwa
ajaran
pitutur
Tembang Gambuh ana ing Serat Wedhatama iku duweni pada cacahe pira?
18
14
15
30
35
Guru gatrane tembang Gambuh yaiku?
4
5
6
7
8
Guru lagune tembang Gambuh yaiku?
u-u-i-u-o
u-u-i-u-a
u-u-i-i-o
u-u-i-u-u
u-u-i-u-e
Guru wilangane tembang Gambuh yaiku?
7-10-12-7-8
7-10-12-8-7
7-10-12-8-8
7-12-10-8-8
7-10-12-10-8
Watake tembang Gambuh yaiku ?
rumaket
galak
welas asih
nantang
manis
1. Samengko ingsun tutur
2. Tandha nugrahaning Manon
3. Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
4. Sembah catur supaya lumuntur
5. Ing kono lamun tinemu
ukara ing ndhuwur menawa diurutake dadi tembang Gambuh kang bener yaiku?
2-1-4-3-5
1-4-3-2-5
1-4-3-5-2
1-3-4-5-2
1-4-5-3-2
1. Weruh wekasing dumados
2. Pamoting ujar iku
3. sarta sabar tawekal legaweng ati
4. Kudu santosa ing budi teguh
5. Trima lila ambeg sadu
ukara ing ndhuwur menawa diurutake dadi tembang Gambuh kang bener yaiku?
2-4-3-1-5
2-3-4-5-1
1-4-3-5-2
2-4-3-5-1
4-3-5-1-2
Guru Wilangan lan guru Lagune tembang Gambuh gatra 4 yaiku?
7u
10u
8u
12i
80
Tembang Macapat uga diarani tembang ?
gedhe
cilik
tengahan
dolanan
campursari
Serat Wedhatama iku cacahe ana 5 pupuh, dene pupuh kang kapindho yaiku tembang ?
Gambuh
Sinom
Pangkur
Kinanthi
pocung
Cacahe larik saben sakpada diarani ?
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru swara
guru sastra
Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ?
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru swara
guru sastra
cacahe wanda saben sakgatra diarani ?
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru swara
guru sastra
Cerita rakyat iku uga diarani cerita apa?
anomin
amonim
antonim
sinonim
anonim
Ing ngisor iki kang ora kalebu ana ing jinise cerita Rakyat yaiku ?
legenda
fabel
cerkak
mite
sage
cerita rakyat iku ngrembaka kanthi cara ?
gethok tular
seratan
siaran
impen
gojegan
kang dadi titikane cerita rakyat yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba ?
awujud gethok tular
ana alesane utawa bukti kang kongkrit
ceritane turun temurun
bukti kang ana ora parti jelas
ceritane ana benere nanging uga ana kang kleru
Ana ing cerita rakyat kajaba imajinatif uga nduweni ciri anonim. Apa kang dikarepake anonim iku ?
ora dimangerteni pangriptane
jelas sing ngripta
ceritane bab agama
alur ceritane runtut
ceritane ngayawara
fabel, legenda, mite lan sage iku kalebu jinise cerita rakyat. Dene kang diarani mite yaiku ?
cerita kang ana sambung rapet e karo sejarah
cerita kang ana sambung rapet e karo dewa-dewa
cerita kang ana sambung rapet e karo kewan
cerita kang ana sambung rapet e karo alam goib
cerita kang ana sambung rapet e karo dumadine papan panggonan
ing ngisor iki kang kalebu tuladha cerita mite yaiku ?
sangkuriang
timun emas
rawa pening
Nyi Rara Kidul
Angling dharma
ing ngisor iki kang dadi tuladhane cerita rakyat,kajaba ?
jaka tingkir
rawa pening
malin kondang
mula bukane kutha semarang
sawijining wengi ing malioboro
kang ora kalebu ana ing unsur-unsur instrinsik cerita rakyat yaiku ?
alur
sudut pandhang
tema
amanat
adegan
ing cerita timun emas, kaceritakake menawa timun emas iku perang lawan ?
kancil
mbok randha
jaka tingkir
buta
timang
ing cerita timun emas, timun emas diwenehi mbokne buntelan kang cacahe ana ?
2
3
4
5
6
ing cerita sangkuriang, sangkuriang iku duweni kirik utawa asu kang jenenge ?
helly
timang
tumang
dhadhapan
kiwang
cerita sangkuriang iku kalebu ing jinising cerita rakyat kang awujud ?
legenda
fabel
mite
sage
dongeng
latar papan panggonan kang ana ing cerita bandhung bandhawasa yaiku ana ing tlatah ?
jatinom
tengger
toba
prambanan
pening
ing cerita asal usule danau toba, kaceritakake menawa toba iku duweni anak lanang kang jenenge ?
timang
sangkuriang
samosir
tumang
baru klinthing
underaning cerita iku diarani ?
alur
latar
tema
sudut pandhang
amanat
cerita sangkuriang iku nyeritakake asal-usule papan ngendi ?
danau toba
tangkuban prau
gunung bromo
rawa pening
prambanan
cerita timun emas, kalebu ing salah siji jinise cerita rakyat yaiku ?
legenda
mite
sage
dongeng
fabel
Wong seger badanipun
otot daging kulit balung sungsum
Tumrap ing rah memarah antenging ati
Antenging ati manungku
Angruwat ruweding batos
Saka rerepen tembang ing nduwur, kang dadi wos surasane yaiku ...
wong kang sehat iku manawa kerep mangan ati.
wong kang sehat iku manawa kuat otot balunge
wong kang sehat iku wong kang sugih bandha dunya
wong kang sehat iku menawa bisa anteng lan menep atine
wong kang sehat iku menawa kepinginane bisa tansah keturutan.
Wong kang senengane cerita nggedhupyuk kaya-kaya wis pinter njara langit ora ana tandhinge. nanging sejatine durung akeh kawruhe. wong kaya ngene iku bebasane ...
lahang karoban manis
ngagar metu kawul
kocak tandha lokak
ora dhuwur ora sembur
kerot tanpa untu
Ing wanci dalu wonten ... ingkang abyor ing tawang.
bawana
tirta
baskara
sasandara
kartika
Ing wayah isuk ... madhangi jagad.
bawana
tirta
bagaskara
sasandara
kartika
Yeku wenganing kalbu
kabukane kang wengku winengku
wewengkone wis kawengku neng sireki
nging sira uga kawengku
mring kang pindha kartika abyor
Ukara ing ngisor iki kang ora jumbuh karo surasane rerepen tembang ing ndhuwur yaiku ?
Manungsa kudu gelem manembah marang Gusti Allah
Manungsa kudu tekun anggone ngibadah
Manungsa iku kudu manembah lan ngibadah marang Gusti Allah
Manembah lan ngibadah iku ora mung ragane nanging uga jiwane
Manembah lan ngibadah manawa kober lan eling marang Gusti Allah
