NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa (Pacelathon)
Total questions: 25
Worksheet time: 53mins
(Pacelathon kanggo njawab soal no 1 sd. 9)
Yen kowe dadi Gandung ilang ing papan wisata, becike....
meneng wae
takon wong liya
ngenteni digolekki
mlaku-mlaku terus
Yen kowe dadi kancane Gandung, nalika Gandung ilang rasane atimu....
was-was
seneng
biasa wae
bungah
Ing ngiso iki cara supaya ora ilang ing panggonan wisata sing rame, kajaba....
mlaku bareng kanca-kanca sakelompok
mlaku bareng guru pembimbing
mlaku dhewe tanpa ijin gurune
mlaku nututi rombongan piknike
Pak guru menyang ruang informasi amarga....
goleki Tutik sing durung munggah bis
goleki Gandung lan kanca-kancane
goleki informasi lokasi piknik
goleki Gandung sing durung munggah bis
Yen krasa salah kudu....
tambah nesu
njaluk ngapura
nyalahke kanca
meneng wae
Gandung wisata menyang endhi?
Candi Mendut
Candi Prambanan
Candi Borobudur
Candi Gedung Sanga
Anggone wisata, Warsana lan kanca-kancane padha numpak....
bis
sepedha
montor
kreta
Apa alasane Gandung ninggalake kancane?
arep golek ngombe dhewe
arep tuku oleh-oleh dhewe
arep munggah candi dhewe
arep foto-foto dhewe
Sapa bae kelompoke Gandung?
Tutik, Dewi, Warsana
Indri, Warsana, Dewi
Indri, Dewi, Warsana
Warsana, Tutik, Indri
Yen dikandhani bab utawa perkara sing becik kudu....
digatekake
dilalekake
dijarke bae
diwangsuli
Pawongan sing nindakake pacelathon diarani....
tema
alur
latar
paraga
Sadurunge gawe wacan pacelathon luwih dhisik nemtokake....
dawa cendheke ukara
tema
alur pacelathon
swasana pacelathon
Monggo kula aturi ... wonten nginggil, Bu.
Tembung kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku...
lenggah
lungguh
jumeneng
sendhen
Isine pacelathon becike jumbuh karo....
swasana
kapreluan
tema pacelathon
karepe paraga pacelathon
Basa Jawa krama alus digunakake dening....
kanca sakelas
guru marang siswa
anak marang wong tuwa
wong tuwa marang anak
Ing antarane jeneng paraga lan ukara sing diucapake sajrone wacan pacelathon lumrahe diwenehi tanda waca ....
titik
petik
titik loro
koma
Nana ngombe teh, dene simbah ....
ngunjuk
tumbas
nginum
ngerasakake
Karangan kang wujude guneman para paraga kang tumindak arane ....
pacelathon
crita
geguritan
tembang
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....
ngoko alus
krama alus
krama lugu
ngoko lugu
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Pak Timan nggunakake basa ngoko marang Anton amarga ....
bapake Anton
gurune ing sekolahe
kancane ing pagaweyan
ora gelem basa krama
Paraga Anton lan Pak Timan iku ngrembug babagan carane ....
gawe geguritan
maca geguritan
ngonceki isine geguritan
milih
Susi mangan kacang godhok lan ibune ... kripik pisang.
Ukara iku kudune dijangkepi tembung ....
dhahar
mangan
nedha
maem
Tuladha basa krama kang trep kanggo awake dhewe yaiku ….
Bu, kula bidhal rumiyin, nggih
Panjenengan adus rumiyin!
Bu, kula tindak rumiyin
Kula badhe siram rumiyin
Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”
Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”
Candra : “Inggih , Bu!”
Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.
Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....
ngoko
krama
campuran
ngoko andhap
Ukara ing ngisor kang migunakake basa ngoko lugu yaiku ....
Kowe wingi neng ngendi?
Mbak, aku nyuwun jajan meneh.
Ibu kesah nyambut damel.
Ibu tindak nyambut damel.
