NEW
Font size
WorksheetsParibasan Basa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Tegese paribasan
"Ana catur mungkur" yaiku...
ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane
ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga
wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga
karepe arep ngirit jebul malah entek akeh
Tegese paribasan
"Dahwen ati open" yaiku...
wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih marang barang sing dicacat mau
sanajan wong liya manawa nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni
pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati
sanajan anggone nindakake sakepenake wusane kaleksanan kanthi becik wusanane
Tegese paribasan
"Keplok ora tombok" yaiku...
wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe
wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake
samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane
melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad
Tegese paribasan
"Tuna satak bathi sanak" yaiku...
wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran
kekarepane lahir batine wis mantep banget
wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang patine sarana menehi pitulungan
sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni
Tegese paribasan
"Ngubak-ubak banyu bening" yaiku...
gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem
wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa wong liya
wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe
wong kang kegedhen panjangka kurang sarana
wong kang owah pikirane amarga kakehan ngelmu
paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...
Kebak luber kocak kacik
Kejugrugan gunung menyan
Kerot tanpa untu
Kocak tandha lokak
wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane
paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...
Nguyahi segara
Nututi layangan pedhot
nuthuk elor kena kidul
Mbalung usus
wong gedhe kang njarak utawa nerak aturane dhewe
paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...
Gajah ngidak rapah
Gajah tumbuk karo gajah, kancil mati ing tengah
Jaran kerubuhan empyak
Kebo ilang tombok kandhang
wong sagrombolan sing tumindak ala
paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...
Kethek serangon
Kere munggah bale
Kebo nusu gudel
Kebo kabotan sungu
karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan
paribasan sing cocok kanggo arti ing dhuwur yaiku...
Welas tanpa lalis
Ulat madhep ati karep
una satak bathi sanak
Tega larane ora tega patine
Sing sapa salah bakale seleh
Ukura ing dhuwur kalebu...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada
Ukura ing dhuwur kalebu...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
Apik kemripik nancang kirik
Ukura ing dhuwur kalebu...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
Garang nanging garing
Ukura ing dhuwur kalebu...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
Bacin-bacin iwak, ala – ala sanak
Ukura ing dhuwur kalebu...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
Ukura ing dhuwur kalebu...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan, batangane: ...
bata
gajah
nanas
botol
Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane: ...
rokok
dom
bekicot
pring
Emboke wuda anake tapihan, batangane: ...
wit pring
andha
rokok
wit jambu
Pitik walik saba meja, batangane: ...
nanas
sulak
salak
iwak
