wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UAMNU BAHASA JAWA KELAS 6 21/22

Total questions: 45

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

2.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Isine mentes

b)

Nganggo basa padinan

c)

Cacahe larikan ora katemtokake

d)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

3.

geguritan iku kangga gampange diarani uga ...

a)

kakawin jawa kuna

b)

kidung jawa pertengahan

c)

tembang macapat

d)

tembang campursari

e)

puisi gagrag anyar

4.

Syair enem gatra diarani

a)

Gita caturgatra

b)

Gita pancagatra

c)

Gita sadgatra

d)

Gita saptogatra

5.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

6.

Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !

Bagus : Drun, nyang endi ?

Badrun : Lapangan, melu ta?

Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul

Badrun : Ana acara ta

Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro

...

Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

e)

basa krama madya

7.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

8.

Nilai karakter ingkang saged kapendhet saking kedadosan tiyang-tiyang dhusun sami atur pambiyantu dhateng Rara Jonggrang?

a)

Gotong Royong

b)

Nasionalis

c)

Bela Negara

d)

Tenggang Rasa

9.

Bisa jupuk pengalaman kang becik saka niru para tokohe kuwi kalebu ...

a)

Karaktere crita rakyat

b)

Unsur intrinsik crita Rakyat

c)

Unsur ekstrinsik crita rakyat

d)

Jinising crita rakyat

e)

Ancase crita rakyat

10.

Crita rakyat duweni unsur intrinsik crita. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik Crita Rakyat yaiku...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Turun-temurun

d)

Latar

e)

Penokohan

11.

Bulan-bulan gedhe

Ana santri menek jambe

Ceblokna salining wae

Mumpung jembar kalangane


Tegese "mumpung jembar kalangane" yaiku ....

a)

mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki

b)

bocah sing lagi nyantri

c)

saben bocah kudu sregep sinau agama

d)

lapangan sing jembar

12.

Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah - bocah ngenani ...

a)

budi pakerti

b)

olah Raga

c)

ketrampilan

d)

ilmu pengetahuan

13.

Tembung "gambar" yen diwenehi ater-ater "dak, ko, di" dadine . . . .

a)

daknggambar, koknggambar, digambar

b)

daknggambar, kogambar, digambar

c)

dakgambar, kogambar, digambar

d)

dakgambar, konggambar, digambar

14.

Tembung gantung yen oleh seselan -um dadi . . . .

a)

gamtung

b)

gantungum

c)

gumantung

d)

gaumtung

15.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

16.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

17.

Tulisan Jawa ing ndhuwur unine ....

a)

Jaka maca korane

b)

Jaka maca koran

c)

Joko maca koran

d)

Jaka moco koran

18.

Wong-wong mesti padha nonton. Najan wujude mung kertas, nanging dibutuhake nganti setaun lawase. Barang iki kadhang angkane dibunderi, kanggo nengeri kedadean utawa rencana sing bakal dilakoni. Wacan iku deskripsi ngenani ...

a)

Meteran

b)

Handphone

c)

Tanggalan

d)

Buku bahasa jawa

19.

jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

purwakanthi

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

paribasan

20.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

d)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

e)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

21.

Raden Gatotkaca kuwi satria sing gagah .......

a)

prakosa

b)

mandraguna

c)

duwur

d)

gantheng

22.

Gatotkaca Satriya saka....

a)

Madukara

b)

Pringgadani

c)

Astina

d)

Sawojajar

23.

Panengahe Pandhawa yaiku ....

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Puntadewa

d)

Duryudhana

24.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

25.

Salah sawijine cara kanggo nawakake barang utawa jasa, yaiku ….

a)

Pariwara

b)

wara-wara

c)

sedhahan

d)

pranata adicara

26.

Narkoba bahaya kang nyata


Isine iklan masyarakat ing dhuwur, yaiku ….

a)

pangajab supaya masyarakat nganggo narkoba

b)

pangajab supaya masyarakat ngadohi narkoba

c)

pangajab supaya masyarakat urip resik

d)

pangajab supaya masyarakat nganggo narkoba

27.

Gatekna pethilan teks rekaman pariwara ing ngisor iki!


O2 : “lha genea ya mudheng, pengisi acarane intens lan ISI Surakarta, rugi gedhe yen sampeyan nganti gak nonton.”

O1 : Nek kuwi tetep nonton, lawong aku kok len-len.”

(Teks rekaman pariwara Ruang Seni Sukoharjo)


Bab kang dirembug ing pethilan teks rekaman pariwara kasebut, yaiku...

a)

Pertunjukan tradisional

b)

Acara karang taruna Kabupaten Sukoharjo

c)

Pertujukan ruang seni Sukoharjo

d)

Nonton seni pertunjukan ing Sukoharjo

28.

Panjenengan remen midhangetaken Wayang Kulit, nglaras Gendhing Jawi, Kethoprak, lan Macapat?

Kadherekaken dening penyiar-penyiar ingkang grapyak...semanak...luwes

Mangga midhangetaken


Isi kang baku sajroning dengaran pariwara ing dhuwur yaiku...

a)

Midhangetaken Panglipur Jawi

b)

Midhangetaken Kesenian Jawi

c)

Midhangetaken Kabudayaan Jawi

d)

Midhangetaken Kagunan Jawi

29.

Isine tembang pocung iku lumrahe ...

a)

Kasmaran

b)

Getun

c)

Susah

d)

Pitutur

30.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Tembang kasebut kedadean saka ... pada

a)

1

b)

4

c)

5

d)

6

31.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen urip kudu ngati-ati

b)

Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung

c)

Dadi wong kudu seneng golek gegara

d)

Yen urip iku kudu guyub rukun

32.

Bapak pucung amung sirah klawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka sipucung dadi dahana

Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Geni

b)

Gajah

c)

Sepur

d)

Penthol korek

33.

Tembang macapat bisa ditegesi "maca" tembang kang medhote ....

a)

telu telu

b)

papat papat

c)

siji siji

d)

lima lima

34.

Jinise tembang macapat iku ana...

a)

10

b)

9

c)

8

d)

11

35.

Tegese paribasan

"Ana catur mungkur" yaiku...

a)

ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane

b)

ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga

c)

wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga

d)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

36.

Tegese paribasan

"Keplok ora tombok" yaiku...

a)

wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe

b)

wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake

c)

samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane

d)

melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad

37.

Tegese paribasan

"Ngubak-ubak banyu bening" yaiku...

a)

gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem

b)

wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa wong liya

c)

wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe

d)

wong kang kegedhen panjangka kurang sarana

38.

wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane

paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...

a)

Nguyahi segara

b)

Nututi layangan pedhot

c)

nuthuk elor kena kidul

d)

Mbalung usus

39.

Penulisan tembung klapa muda ing ngisor iki sing bener yaiku…

a)
b)
c)
d)
40.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

41.

41. Kinanthi panglipur wuyung

Rerenggane prawan sunthi

Mboten pasah doyan nginang

Tapih pinjung tur mantesi

Mendah gene kang dewasa

Lemah langit gonjang ganjing

sebutno guru gatra, guru lagu lan guru wilangan tembang macapat ing nduwur!

(a)  

42.

42. aksara jawa ing duwur diwaca (a)  

43.

43. sebutna unsur-unsur instrinsik cerita rakyat!

(a)  

44.

44. sebutno 3 macem tembang dolanan!

(a)  

45.

45.

A         : Assalamu’alaikum. . .

B         : Wa’alaikusalam. . . seko ngendi wae to kuwe kuwi ?

A         : Sayur ijo iku cesin, Aku bar ngisi bensin

B         : Umah tuo di cagak saka, Dienteni kawit mau ora ........

A         : Pak Mamat gawe gapura, yen kesuwen yo .......

B         : Nyaron bumbung, le ngenteni nganti cengklungen. Yo wes ndang mlebu

A         : Hehe. . .

lengkapono isine parikan ing nduwur!

(a)