NEW
Font size
WorksheetsTEMBANG SINOM
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Tingkah laku ala kudu disingkiri amarga ....
bisa agawe susahe manungsa
agawe bungahe manungsa
ngrugekake awake dhewe
ngrugekake wong kang lali
Cacahe gatra ing tembang Sinom ana ....
7
8
9
10
Cacahing gatra/ larik ing tembang macapat diarani ....
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
dhongdhing
Cacahing wanda ing saben-saben sagatra ana ing tembang macapat diarani ....
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
pada
Tibaning swara ing pungkasane gatra ana tembang macapat diarani ....
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
dhongdhing
Tembang kang nggambarake bocah kang wis ngancik dewasa kang lagi sregep-sregepe anggone ngangsu kawruh lan ngrengkuh apa kang dadi pepenginan ing sajroning uripe, yaiku diarani tembang …
Pangkur
Sinom
Asmaradana
Kinanthi
Tembung Sinom iku dumadi saka tembung nom utawa …
godhong pelem
godhong mlinjo
godhong jeruk
godhong asem
Serat Wulangreh kaanggit dening...
Sultan Pakubuwana IV
Susuhunan Pakubuwana IV
Susuhunan Pakubuwana VI
SUsuhunan Hamengkubuwana VI
menapa tegesipun tembung "jalmi" ?
manungsa
wit
kewan
jin
titikane tembang sinom, yaiku ...
8i, 8a, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i
8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 8u, 7i, 8i, 12u
8a, 8i, 8o, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12o
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Tembang Sinom ateges....
kahanane (situasi) manungsa nalika isih enom
laire si jabang bayi
nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan during lair
rasa seneng, katresnan, lan kewicaksanaan
"tyas" tegese ...
tangan
awak
sirah
ati
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun,
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha
“Ambeke kang wus utama”. Baris iku mau tegese ….
Omongane wong sing pinter
Sikape wong sing wis utama (sampurna)
Uripe wong sing wis sukses
Cita-citane wong sing luhur
Bodhone sing dituduhake// tujuane supaya diece// dening wong liya//. Ukara iku padha karo isine tembang Sinom ing ndhuwur gatra/ baris sing ka pira ?
Gatra 5-6-7
Gatra 6-7-8
Gatra 4-5-6
Gatra 3-4-5
Wong sing watake utama iku rumangsa yen kabeh tumindake kudu kepiye
nggawa manfaat
gawe seneng
bisa untung
dialem wong liya
Manut tembang Sinom ing ndhuwur, wong kang wis sampurna kapinterane sikape kepiye?
Seneng pamer kapinterane
Seneng nutupi kapinterane
Seneng ngece lan ngina wong bodho
Seneng nyepelekake wong bodho
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune ngluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
“balilu kang sun alingi” gatra/ / baris mau tegese ….
aku bali ngumpet
kepinterane tak deleh ngarep
pinterku tak alingi
bodhoku sing takumpetake
Manut pada/bait mau, wong sing ora pinter olehe ngomong kepiye?
akeh ngapusi
apa anane
seneng nuturi
ngomonge seru
Nanging padha estokana,
pitutur kang muni tulis,
yen sira nedya raharja,
anggonen pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling,
pitutur wong sepuh-sepuh,
mugi padha bisa,
anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Tegese:
Nanging padha lakonana,
nasihat sing ditulis iki,
yen kowe padha kepingin slamet,
nganggoa nasehat iki,
anggonku ngeling-eling,
nasihate wong tuwa-tuwa,
muga- muga padha bisa,
nganggo nasihat iki,
wulangane wong tuwa iku mberkahi.
Manut isine pada 5, yen kepengin uripe slamet, apa sing kudu dilakoni?
Duwe sikap tanggung jawab
Sinau sing pinter lan temenan.
Manut marang pitutur becike wong tuwa-tuwa
Tansah welas asih marang sesama
3.Sekar Sinom ing Serat Wulangreh ngemot pinten pada/bait?
20
30
33
35
