wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tryout Basa Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama Lugu

2.

Nyuwun tulung panjenengan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

3.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!

(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)

Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”

Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”

Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”

Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”

Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”

Bagas : “Inggih, Bu!”


Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama Alus

d)

Krama lugu

4.

wayang kulit ngemu pitutur kang edi ....

a)

peni

b)

budi

c)

rukun

d)

luhung

5.

dadi bocah kudu sregep sinau supaya ora rugi ing mburi.

tembung rugi tegese padha karo ....

a)

nelangsa

b)

cilaka

c)

bathi

d)

tuna

6.

tokoh wayang ing gambar duweni watak ....

a)

gampang nesu

b)

welas asih

c)

galak

d)

jirih

7.

katon apik.


yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....

a)
b)
c)
d)
8.

Unen-unen kang kudu di bedhek yaiku....

a)

Cangkriman

b)

Pepindahan

c)

Bebasan

d)

Saloka

9.

Pindhang Kileng, kalebu cangkriman....

a)

wancah

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

tembang

10.

Gajah nguntal sangkrah, kalebu cangkriman....

a)

wancah

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

tembang

11.

Bapak pucung

Cangkemmu madhem mendhuwur

Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering

Iku kelebu cangkriman....

a)

wancah

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

tembang

12.

Dikethok malah tambah dhuwur, batangane....

a)

clana

b)

kates

c)

buntil

d)

pelem

13.

Rebutan balung tanpa isi, tegese ....

a)

pasulayan marga barang kang sepele

b)

ora antep, atine molah-malih

c)

olehe ngunen-uneni sakatoge

d)

wong tuwo melu repot amarga tumindake anak

14.

Diwenehi ati ngrogoh rempelo, tegese ....

a)

wis diwenehi sathithik, banjur njaluk luwih akeh

b)

ora antep, atine molah malih

c)

bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake

d)

sarwa cilaka, tansah kena paeka

15.

".... Bapak tindak Surabaya?


tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing duwur yaiku ....

a)

Sapa

b)

Apa

c)

Kapan

d)

Pripun

16.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

17.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

18.

Karangan kang isine nggambarake sawijining kahanan, yaiku...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Argumentasi

e)

Persuasi

19.

Gambar ing nduwur termasuk prastawa alam....

a)

Gunung njeblug

b)

Angin lesus

c)

Kobongan alas

d)

Lindhu

20.

Ing ngisor iki termasuk gambar kedadeyan prastawa alam, kajaba ....

a)
b)
c)
d)
21.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

22.

BANJIR

Saben taun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta banjir. Semono uga kalawarti basa Jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jayabaya.

Banjir iku kedadeyan ing mangsa apa?

Wangsulan pitakon kasebut yaiku ....

a)

Ing Jawa Timur

b)

Ing mangsa rendheng

c)

Ing mangsa labuh

d)

Ing sakuruting Bengawan Sala

23.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

24.

Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?

a)

banyu kali kena polusi

b)

akeh wit-witan ing pinggir kali

c)

wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori

d)

wis suwe ora udan

25.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......

a)

ngundhuh wohing pakarti

b)

lemah longsor mendhem puluhan omah

c)

ayo njaga lestarine alam!

d)

banjir nrajang pirang-pirang desa