WorksheetsLatihan 2 U M Bahasa jawa
Total questions: 60
Worksheet time: 33mins
Sedudo iku manggon ing gunung endhi
gunung arjuna
gunung wilis
gunung tenggee
gunung merapi
Dumunung ing wilayah Kabupaten Nganjuk yaiku ana ing daerah endhi sedudo iku
Loceret
sawahan
Berbek
Wilangan
Kang kalebu tembung lingga yaiku
bangku
masak
dipangan
mlayu_mlayu
Kang kalebu tembung andhahan yaiku
clana
klambi
mlayu
turu
Tembung ing ngisor iki kang antuk ater ater yaiku
sesumbar
Dewe _dewe
bangjo
disapu
Ater ater anuswara yaiku
dak_, kok_,di_
me-N
m_,n_, ny_, ng_
sa_,pa_, ba-,
Rara ditimbali Bu Emi menyang ruang guru. Tembung ditimbali dhuweni ater_ater
anuswara
tripurusa
seselan
karangkep
Gunung Bromo misuwur ing saidenging donya. Tembung kahanan ana ing Tembung
Gunung bromo
misuwur
ing
saindenging
Mbah putri ngombe jamu beras kencur. Ngombe basa kramane
ngunjuk
nginum
ndhahar
Ngombe
Kang kalebu aksara legena yaiku
ꦢꦫ
ꦭꦪꦁ
ꦱꦸꦏꦸ
ꦲꦶꦢꦸ
Serat Wulangreh iku anggitane ....
Sri Susuhunan Pakubuwono III
Sri Susuhunan Pakubuwono IV
Sri Susuhunan Pakubuwono V
Sri Susuhunan Pakubuwono VI
Candhi Borobudur iku mapan ing Kabupaten
Magelang
Temanggung
Purworejo
Wonosobo
Tataran kapindho ing Candhi Borobudur diarani
Kamadhatu
Stupa
Rupadhatu
Arupadhatu
Agni iku salah sawijining dasanama saka ....
Banyu
Angin
Lemah
Geni
Pintere den alingi bodhone dinokok ngayun. manut ukara kuwi sing dipapanake ing ngarep yaiku ....
Pintere
Ilmune
Bodhone
Patrape
Tradisi suran iku dianakake saben tanggal pira?
Tanggal 1 Muharram
Tanggal 1 Ramadhan
Tanggal 1 Rabiul Awal
Tanggal 1 Syawal
Tembang sinom iku kadadeyan saka pirang pada
31
32
33
34
Guru wilangan lan guru lagu tembang macapat pupuh sinom yaiku
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7i 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i,7u 7i 8i, 12a
7i, 8u, 7i 8i, 12a, 8a, 8i, 8a, 8i, 7i
Ing sakjrone stupa baku ing Candhi Borobudur ana recane ....
Bima
Budhha
Punta
Kresna
Tembung sura oleh panambang -an dadi suran, tembung kanca oleh panambang -an dadi....
kancanan
kancan
kancane
kancanane
Menapa rikma panjenengan sampun wonten ingkang pethak?
Tembung rikma menawa diganti ngoko yaiku
Janggut
Rambut
Brengos
Alis
Narendra, Narpati, Nareswara, nata, sri.
Dasanama ing dhuwur yaiku dasanamane saka ....
Ibu
Bapak
Angin
Raja
Kang ora kalebu unsur intrinsik cerita yaiku
Paraga
Tema
Tokoh
Sutradara
Sapa gambar wayang ing dhuwur iki
Kumbakarna
Rahwana
Rama
Leksmana
Paraga ing cerita iku kaperang dadi 3. Ingkang ora kalebu paraga dramatik yaiku
Antagonis
Protagonis
Tritagonis
Petragonis
Kidang kencana iku sejatine malihane
Prabu Dasamuka
Kumbakarna
Anoman
Kalamarica
Anoman iku disebut wanara seta amarga warnane
Abang
Ijo
Putih
Ireng
Gambar wayang ing ngisor iki kang nggambarake Rahwana yaiku ....
Basa kang digunakake murid marang guru yaiku basa....
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Krama Alus
Krama Lugu
Jaman aku isih cilik, senengane jaranan nganggo plapah gedhang. Tegese jaranan ing dhuwur iku apa ....
Alat Kanggo
Nanggap
Minangka
Dolanan
Aksara Jawa kasebut yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku...
Seneng maca buku.
Iku senengane maca buku.
Aku seneng maca buku.
Sapa seneng maca?
Sandhangan sing digunakake ing ukara kasebut, yaiku....
Taling
Pepet
Suku
Wulu
Supaya konsonan "r" ing tembung "Seger" bisa diwaca luluh/mati, ditulis kanthi nggunakake sandhangan.....
Wignyan
Pepet
Layar
Taling
Cacahe/jumlahe aksara Jawa ana........
11
22
19
20
Jangkepana/lengkapi urutan aksara Jawa iki!
Ha ..... Ca ..... Ka
Da Ta Sa ..... .....
Pa, Sa
Ga, Ma
Na, Ra
Wa, La
Wa, Sa
Pa, Dha
Na, Ra
Nya, Nga
Ukara aksara Jawa kasebut nggunakake sandhangan....
Wulu
Layar
Pepet
Wignyan
Tembung "Ora" yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan......
Taling tarung
Taling
Pepet
Wulu
Sandhangan pengkal kalebu sandhangan apa...
swara
wyanjana
panyigeg wanda
pasangan
Aksara jawa uga diarani...
murda
legena
rekan
angka
Sandhangan "pangkon,wignyan,layar, lan cecak" kalebu sandhangan...
swara
wyanjana
panyigeg wanda
pasangan
"Suku" yaiku sandhangan kanggo swara?..........
I
U
E
O
Menawa ditulis latin unine ....
Ati daya
Adi daya
Ari Raya
Adi Budaya
Menawa ditulis latin unine ....
Rapapa
Parenga
Rapeta
Paringa
Menawa ditulis latin unine ....
Dasasila
Pancasila
Dasamuka
Dasawarna
Tulisan aksara taling tarung yaiku ....
Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung dijaga yaiku ....
Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung ukara yaiku ....
Sandhangan sing digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani
Sandhangan swara
Sandhangan wyanjana
Sandhangan panyigeg wanda
Sandhangan pangkon
Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku
3
4
5
6
Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Bu, sore mau aku diwenehi dhuwit dening simbah. Ukara kasebut iku kleru, dene benere yaiku …
Bu, aku mau disukani dhuwit dening simbah sonten wau.
Bu, kula wau sonten dipuncaosi dhuwit dening simbah.
Bu, kula wau sore dipunsukani dhuwit dening simbah.
Bu, sonten wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.
Dhik, bapak mau lunga menyang ngendi? Ukara kasebut iku ora trep miturut unggah-ungguh, dene benere yaiku …
Dhik, bapak wau kesah dhateng pundi?
Dhik, bapak wau tindak dhateng pundi?
Dhik, bapak wau kondur saking pundi?
Dhik, bapak mau tindak menyang ngendi?
Kowe mulih sekolah banjur kepethuk pakdhemu sing arep tindak sawah. Kepiye anggonmu aruh-aruh?
Pakdhe badhe tindak sabin?
Pakdhe saking tindak sabin?
Arep menyang sawah apa piye Dhe?
Wah, ajeng teng sabin ta Dhe?
Uwong kang tetepungan/kenalan, lumrahe sepisanan nyuwun priksa babagan asmane. Ing ngisor iki basa kang bener nalika tetepungan yaiku …
Ditepungke, sapa jenengmu?
Nuwun sewu, sapa jenengan?
Nyuwun ngapunten, jenengan sapa?
Nuwun sewu, panjenengan asmanipun sinten?
Bagas nalika ing toko buku ketemu karo gurune kang asmane Bu Bekti, anggone sapa aruh Bagas marang Bu Bekti becike yaiku …
Bu Bekti, badhe napa niki?
Bu Bekti, ajeng tumbas napa bu?
“Bu Bekti, badhe mundhut menapa bu?”
“Bu Bekti, badhe tumbas napa bu?”
“Kados pundi kabaripun?”. Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo …
njaluk ngapura
atur panuwun
sapa aruh
tetepungan
Nalika pamitan marang bapak sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku …
Pak, kula bidhal sekolah, nyuwun pangestunipun.
Pak, kula tindak sekolah, nyuwun sangune.
Pak, kula ajeng mangkat sekolah.
Pak, kula badhe tindak sekolah.
Ing sawijining dina, ibumu duka marang kowe jalaran anggonmu dolan nganti kliwat wayah, mula anggonmu nyuwun pangapura marang ibu kang trep yaiku …
Bu, kula lepat saestu, sanes wektu ajeng kula ambali malih.
Bu, kula nyuwun pangapunten, sanes wekdal boten kula ambali malih.
Bu, sorry tenan kula njaluk ngapura, liya wektu boten kula baleni malih.
Bu, kula sing kleru, ibu kedah ngapunten kula, boten ajeng tak baleni malih.
Nalika dhuwitmu tiba, kancamu ana sing ngerti lan jupukake, banjur kancamu menehake dhuwitmu marang kowe maneh. Anggonmu menehi wangsulan marang kancamu yaiku …
Matur nuwun, dhuwitku ora sida ilang.
Matur nuwun, untunge kowe ora ngepek dhuwitku.
Matur nuwun, begjane durung ditemu wong liya dhuwite.
Matur nuwun, iki mau bisa dadi pangajaran menawa nyimpen dhuwit kudu pener.
“Mbah nyuwun sewu kula ngrumiyini nggih.” Ukara kasebut diucapake menawa kowe …
Arep sowan ing daleme simbah
Arep pamit mulih nalika mertamu
Arep nglancangi wong sing luwih tuwa
Liwat ing ngarepe wong kang lagi lungguhan.
