NEW
Font size
WorksheetsREMIDI PTS BASA JAWA KELAS 5 2021/2022
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Adhedhasar tujuane nulis, ana karangan kang wujude teks dheskripsi,narasi, eksposisi, persuasi lan argumentasi. Kang diarani teks dheskripsi yaiku...
Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan.
Menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake lan ngalami dhewe.
Njlentrehake saweneh bab kanthi cetha, nganti wong liya percaya lan manut marang isine.
Njlentrehake saweneh kedadean manut urutan wektune.
> Nggambarake samubarang kanthi cetha
> Njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya
> Pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadean
> Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda lan kahanan liyane
Titikane teks ing ndhuwur kalebu teks...
Narasi
Dheskripsi
Eksposisi
Persuasi
Sawah Ing Desaku
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.
Wacan kasebut kalebu teks gancaran...
Narasi
Eksposisi
Dheskripsi
Persuasi
Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tanduran sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing ngemper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi. Siram-siram kembang ing wacan kasebut yaiku wayah...
Isuk
Awan
Sore
Bengi
Sawah Ing Desaku
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.
Kepriye sesawangan sawah ing desaku...
Nyata endah sinawang mata.
Tanduran ingkang tandus.
Kali-kali akeh uwuh.
Swarane banyu kang gembrojok.
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane.
Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku...
Kali ing desaku banyune ora resik.
Kali ing desaku.
Kali ing desaku jembar.
Kali ing desaku reged banget.
Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake. Kinupengan tetanduran maneka werna sing padha lagi mekar kembange. Jerune sakmeter seprapat. Ing njerone blumbang dicemplungi wit enceng gondhok. Blumbang ing mburi omah dianggo ngingu iwak grameh. Kajab ngiras kanggo pakan grameh, godhong enceng gondhok kang ijo royo-royo kena kanggo ngiyup iwak. Ngingu grameh pancen butuh waktu suwe. Amarga saka kamurahane Gusti Kang Murbeng Dumadi, asile uga kena dijagakake.
Paragrap ing dhuwur idhe pokoke yaiku...
Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake.
Amarga ana kamurahane Gusti asile uga kena dijagakake.
Ngingu grameh pancen butuh wektu suwe.
Blumbang omahku.
Omahku pancen prasaja, nanging kanggoku wis apik tur nyenengake. Ing pekarangan ngarep omah ana tanduran pelem, jambu, jeruk, lan rambutan. Mulane omahku katon ayom.
Ukara pitakon kang mathuk karo wacan ing ndhuwur yaiku...
Sebutna apa wae tanduran ing pekarangan ngarep omah?
Kepriye nglestarekake tanduran ing pekarangan ngarep omah?
Kapan wayah nandur tanduran ing pekarangan ngarep omah?
Kena apa tanduran ing pekarangan ngarep omah?
Warga desaku pancen guyub rukun. Saben wektu dianakake gugur gunung. Lanang wadon, gedhe cilik, bebarengan reresik lingkungan. Umpana ana lomba lingkungan resik tur sehat, desaku pantes oleh juwara.
Ukara pitakon kang mathuk karo wacan ing ndhuwur yaiku...
Kepriye reresik lingkungan?
Apa sing reresik lingkungan?
Kena apa reresik lingkungan?
Sapa kang reresik lingkungan?
1. Njlentrehake saweneh kedadean manut urutan wektune
2. Njlentrehake saweneh bab kanthi cetha, nganti wong liya percaya lan manut marang isine
3. Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan
4. Menehi gambaran samubarang kang maca, nganti sing maca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.
Kang kelebu teks narasi yaiku nomer...
4
3
2
1
Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana diarani...
Parikan
Pepindhan
Panyendhu
Panyandra
A. Bangkekane nawon kemit
B. Lambene guwing
C. Alise nanggal sepisan
D. Tangane cekot
Kang kalebu panyandra yaiku...
A lan B
A lan C
B lan C
B lan D
1. Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi
2. Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya
3. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana
4. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nyacad
Kang kalebu panyendhu yaiku...
4
3
2
1
A. Bangkekane nawon kemit
B. Lambene guwing
C. Alise nanggal sepisan
D. Tangane cekot
Kang kalebu panyendhu yaiku...
A lan B
A lan C
B lan C
B lan D
Senajan irunge ... Ratih kuwi isih katon manis.
Ukara panyendhu kanggo jangkepi ukara ing ndhuwur yaiku...
Cekot
Grumpung
Guwing
Dhingklang
1. Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi
2. Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya
3. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana
4. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nyacad
Kang kalebu pepindhan yaiku...
4
3
2
1
1. Polahe kaya sikata nyamber walang
2. Tandane kaya bantheng ketaton
3. Panase kaya mecah mecahna sirah
4. Cipir mrambat kawat ora mampir angger liwat
5. Ireng-ireng gorengan kopi, atine seneng juwara siji
6. Cilik-cilik gelange karet, isih cilik aja kesed
Kang kalebu pepindhan yaiku...
1-2-3
2-3-4
3-4-5
4-5-6
Kang kalebu basa rinengga yaiku panyandra, panyendhu, pepindhan lan parikan. Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi diarani tembung...
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
1. Polahe kaya sikata nyamber walang
2. Tandane kaya bantheng ketaton
3. Panase kaya mecah mecahna sirah
4. Cipir mrambat kawat ora mampir angger liwat
5. Ireng-ireng gorengan kopi, atine seneng juwara siji
6. Cilik-cilik gelange karet, isih cilik aja kesed
Kang kalebu parikan yaiku...
1-2-3
2-3-4
3-4-5
4-5-6
Terusane parikan ing ngisor iki yaiku...
Cipir mrambat kawat, ....
Ora mampir nggawa kawat
Ora mampir angger liwat
Ora mampir amerga lepat
Ora mampir amerga disawat
