wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-ungguh basa

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

“Aku duwe pitek cilek wulune brintek, saben dina takpakani jagong”

Ukara ing nginggil klentu, panulisan kang leres inggih menika ….

a)

Aku duwe pitik cilik wulune brintek, saben dina takpakani jagong.

b)

Aku duwe pitek cilik wulune brintik, saben dina takpakani jagung.

c)

Aku duwe pitik cilek wulune brintek, saben dina takpakani jagong.

d)

Aku duwe pitik cilik wulune brintik, saben dina takpakani jagung.

2.

Sajroning pasrawungan saben dinten, unggah-ungguh generasi mudha Jawa sakmenika sampun boten kados jaman riyin malih. Ing ngandhap menika salah satunggaling cara supados bocah-bocah sakmenika saged migunakaken unggah-ungguh kang trep lan nggadhahi tata krama kang becik inggih menika ….

a)

Murid dipunkulinakaken ngagem basa ngoko kaliyan guru.

b)

Tiyang sepuh ngulinakaken rembagan ing griya ngagem basa manca.

c)

Lare kulina ngagem basa ngoko kaliyan tiyang sepuh supados langkung akrab.

d)

Lare dipunkulinakaken ngagem basa krama kang leres marang tiyang sepuh.

3.

“Kepareng …. Pak Giyanto. Kula badhe …. pirsa gegayutan kaliyan lampahing pembangunan talud ingkang sampun cekap sasi kepengker.”

Tembung kang trep kangge nggenepi ukara ing ngandhap inggih menika ….

a)

Ngendika, mundhut

b)

Ngendika, nyuwun

c)

Matur, mundhut

d)

Matur, nyuwun

4.

“Dina iki Bu Guru ora bisa teka amarga lara. Iki mau diwenehi tugas Pak Hadi kon nggarap soal.”

Menawi dipundadosaken basa ngoko alus ….

a)

Dina iki Bu Guru ora bisa rawuh amarga gerah. Iki mau diparingi tugas Pak Hadi didhawuhi nggarap soal.

b)

Dina iki Bu Guru ora bisa rawuh amarga gerah. Iki mau diparingi tugas Pak Hadi kon nggarap soal.

c)

Dina iki Bu Guru ora bisa rawuh amarga gerah. Iki mau diparingi tugas Pak Hadi diaturi nggarap soal.

d)

Dina iki Bu Guru ora bisa teka amarga gerah. Iki mau diparingi tugas Pak Hadi didhawuhi nggarap soal.

5.

   …. Bu Guru boten sareng kaliyan …. Pak Guru.

Tembung kang paling trep kangge nggenepi ukara ing ngandhap inggih menika ….

a)

Rawuhe, tekane

b)

Rawuhipun, tekane

c)

Tekane, rawuhe

d)

Rawuhipun, tindakipun

6.

Amargi …. Bapak radi dalu, bibar …. kula lajeng …. rumiyin.

Tembung kang paling trep kangge njangkepi ukara ing ngandhap inggih menika ….

a)

Wangsulipun, nedha, turu

b)

Wangsulipun, dhahar, sare

c)

Konduripun, maem, turu

d)

Konduripun, nedha, tilem

7.

Kepiye anggonmu omong marang Bapakmu, ngandhani menawa Bapak kon mulih sedhela karo Simbah?

a)

Bapak kon mulih sedhela karo Simbah.

b)

Bapak didhawuhi Simbah kondur sekedhap.

c)

Bapak diaturi Simbah kondur sekedhap.

d)

Bapak didhawuhi Simbah wansul sekedhap.

8.

Bapak saiki kagungan pimpinan anyar, dene pimpinane riyin kanca sekelas nalika SMA. Basa kang trep dipungunakaken Bapak marang pimpinanipun inggih menika ….

a)

Krama lugu

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama alus

9.

Bapak pesen marang putrane supaya nalika menyang omahe Pakdhene ora lali omong welinge Bapake. Bapake omong piye marang anake?

a)

Yen lunga omahe Pakdhe, aja lali welingku ya, Le!

b)

Yen menyang omahe Pakdhe, aja lali welingku ya, Le!

c)

Yen menyang daleme Pakdhe, aja lali welingku ya, Le!

d)

Yen lunga omahe Pakdhe, ampun kesupen welingku ya, Le!

10.

Eyang mundhut pirsa, “Apa bapakmu wis omong welingku, Le?”

Kula mangsuli, “Inggih, Eyang. Bapak sampun ….”

Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ing ngandhap inggih menika ….

a)

Kandha

b)

Semaur

c)

Ngendika

d)

Matur