NEW
Font size
WorksheetsBahan Soal Latihan Basa Jawa Kls 4 Jumat,13 Mei 2022
Total questions: 16
Worksheet time: 8mins
Wuwuhan sing ana ing saburine tembung diarani….
ater-ater (awalan)
seselan (sisipan)
panambang (akhiran)
konfiks (gabungan awalan lan akhiran)
Wujude panambang ing antarane yaiku …
-in-, -um-, -el-, -er-
-a, -e, -en, -an, -ana, -ne, -na, -ku, -mu
m-, n-, ny-, ng-, da-, kok-, di-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-
anuswara/tripurusa (-/-i) utawa (-/-ake)
Tembung lingga (tulis), tembung andhahan (tulisen), pangrimbage yaiku ….
tulis + en
tulis + ana
tulis + na
tulis + i
Tembung lingga (bayar), tembung andhahan (bayaran), pangrimbage yaiku ….
bayar + en
bayar + an
bayar + na
bayar + i
Wuwuhan gabungan antarane ater-ater lan panambang diarani ….
ater-ater (awalan)
seselan (sisipan)
panambang (akhiran)
konfiks (gabungan awalan lan akhiran)
Jinise konfiks ing antarane yaiku ….
-in-, -um-, -el-, -er-
-a, -e, -en, -an, -ana, -ne, -na, -ku, -mu
m-, n-, ny-, ng-, da-, kok-, di-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-
anuswara/tripurusa (-/-i) utawa (-/-ake)
Gunane kanggo
ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) yaiku ….
konfiks tripurusa -i/-I utawa tripurusa
-/-ake
konfiks anuswara -i/-I utawa anuswara -/-ake
konfiks pa-/-an utawa pa-/-n
konfiks ka-/-an utawa ka-/-n
Gunane kanggo
ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) yaiku ….
konfiks tripurusa -i/-I utawa tripurusa -/-ake
konfiks anuswara -i/-I utawa anuswara -/-ake
konfiks pa-/-an utawa pa-/-n
konfiks ka-/-an utawa ka-/-n
Tuladhane konfiks anuswara -i/-I utawa anuswara -/-ake yaiku ….
di- + resik + -I = direseki
di- + pakan + -I = dakpakani
kok- + silih+ -ake = koksilihake
ny- + sapu + -I = nyaponi
Tuladhane konfiks tripurusa -i/-I utawa tripurusa -/-ake yaiku ….
m- + buwang + -I = mbuwangi
ng- + gambar+ -ake = nggambarake
dak- + gawa+ -ake = dakgawakake
n- + jupuk + -ake = njupukake
Rerangkene swara kang metu saka tutuk kang ana tegese lan dingerteni surasane iku diarani ….
tembung
sampiran
isi
wanda
Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo ....
ngenteni udan terang banjur ngiyup
ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga
ngenteni bakul jamur liwat ngarep omah
ngobati jamur kulit nganggo macem-macem obat
Para leluhur kita pancen wis kondhang yen makarya tansah ....
tata, tatas, titi, lan titis
takon, tekun, teken, tekan
gemi lan nastiti
guyub rukun ora cecongkrahan
Narasi, yaiku ....
teks kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis)
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe
teks kang ngandharake asil panaliten utawa asil pamawas marang sawijining kahanan
pengalaman manungsa ngadhepi pacobaning urip saka Kang Maha Kawasa
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Bahane teks narasi bisa saka ....
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe manungsa
asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten sing dianakake dening para ahli
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti
