wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZ PAT BAJAWA KELAS 7

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Kang diarani geguritan, yaiku minangka karya sastra kang tinulis kanthi endah basane lan tembung-tembung pilihan sing isine mentes lan mantesi. Basa kang endah ing geguritan diarani basa ….

a)

ngoko

b)

krama alus

c)

rinengga

d)

ngoko lugu

2.

Gatekna pratelan ing ngisor iki.

(1)     Biasane ngandharake isen-isen atine penganggit.

(2)     Kasusun saka gatra lan pada.

(3)     Tibaning swara kudu runtut.

(4)     Basane gunakake basa padinan.

Titikane geguritan katunjuk nomer ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

3.

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!

Wanci sekolah miwiti pasinaon

Kathah siswa kang sami pitakon

Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon

Kerja bakti tanpa dikongkon

..................................................

Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku ....

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

purwakanthi guru basa

4.

Nalika maca geguritan kudu gatekake wirama. Wirama yaiku ….

a)

  obahe awak kanggo nyengkuyung kahanan sing diwaca

b)

pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung

c)

bisa ngrasakake susah, seneng, nesu, lan liyane saka isine geguritan

d)

banter alone lan munggah mudhune swara

5.

Tembang macapat sing duweni guru wilangan lan guru lagu 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a yaiku tembang ….

a)

Mijil

b)

    Maskumambang

c)

Sinom

d)

Asmaradana

6.

Tembang macapat sing nggambarake bayi kang isih ana kandhungane ibu yaiku ….

a)

Mijil

b)

Maskumambang

c)

Sinom

d)

Asmaradana

7.

Saben tembang macapat duweni watak kang beda-beda. Tembang macapat sing duweni watak grapyak, sengsem, lan sedhih amarga nandhang kasmaran yaiku tembang ….

a)

Mijil

b)

Maskumambang

c)

Sinom

d)

Asmaradana

8.

Ngegungna bekti mring Ibu

Kinantenan Bapak ugi

Rela sabar lan narima

Temen sarta luhur budi

Iku watak kang utama

Dadi panembahing ati

guru gatra tembang ing dhuwur yaiku

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

9.

Ngegungna bekti mring Ibu

Kinantenan Bapak ugi

Rela sabar lan narima

Temen sarta luhur budi

Iku watak kang utama

Dadi panembahing ati

guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku

a)

10, 6, 10, 10, 6, 6

b)

8, 8, 8, 8, 8, 8

c)

8, 8, 8, 8, 7, 8, 8

d)

12, 8, 8, 8, 8

10.

Ngegungna bekti mring Ibu

Kinantenan Bapak ugi

Rela sabar lan narima

Temen sarta luhur budi

Iku watak kang utama

Dadi panembahing ati

Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

  i, o, e, i, i, u

b)

   a, i, a, a, i, a, i

c)

u, i, a, i, a, i

d)

   u, i, u, i, o

11.

Pasangan aksara Jawa sing panggonane ana ing sisihe tembung yaiku ….

a)

ka, ta, la

b)

ra, ga, nya

c)

ha, sa, pa

d)

nga, ya, ta

12.

Gawe bata saka lemah lempung.

Menawa ditulis nganggo aksara Jawa seng bener yaiku nomer ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

13.

Sinta kesengsem dening kidang kencana.

Menawa ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku bagean ….

a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

14.

Ing ngisor iki kalebu karakteristike cerita rakyat, kajaba ….

a)

anonym

b)

kanthi buki kang nyata

c)

diceritakake kanthi lesan

d)

turun-temurun turun-temurun

15.

Pengarang nggunakake tokoh “aku” dadi tokoh panyengkuyung (tambahan) ing crita klebu tuladha perangan … sajroning crita.

a)

alur

b)

sudut pandhang

c)

gaya basa

d)

  latar

16.

Gatekna pretelan wacan ngisor iki!

Ing jaman semana ana crita rakyat ing Kecamatan Mojolaban, yaiku nggambarake kisahe wong sekti sing disenengi dening wong akeh lan bisa ndadekake desane maju. Ing jaman semana ana desa panggone ana ing sisih wetan Bengawan Solo.

 

Cuplikan crita kasebut diarani perangan … sajroning crita.

a)

tema

b)

     latar

c)

alur

d)

perwatakan

17.

  Gatekna pretelan wacan ngisor iki!

Udan wiwit esuk mau grejeh. Hawane adhem sanadyan ora jekut. Nanging wis nyababake wong wegah metu kajaba wong nyambut gawe kantoran, klebu sing pancen duwe kebutuhan dheseg, pilih ana ning omah. Nyetel tipi, mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak.

 

Latar wektu perangan crita kasebut yaiku mangsa ….

a)

rendheng

b)

pancaroba

c)

banjir

d)

panas

18.

Ing ngisor iki sing ora klebu crita legendha yaiku ….

a)

Dumadine Kutha Simo

b)

Babad Diponegoro

c)

Asal-usul Semarang

d)

Asal-usul Boyolali

19.

Aku nonton bola nganti lingsir wengi. Lingsir wengi tegese ….

a)

meh padhang

b)

ngancik wengi

c)

meh tengah wengi

d)

kliwat tengah wengi

20.

Struktur teks crita rakyat ana 3 bageyan, yaiku ….

a)

pambuka, jejer, lan pasulayan

b)

  pambuka, pasulayan, lan konflik

c)

pambuka, pamecahe masalah, lan pangudhare prakara

d)

pambuka, pasulayan, lan pangudhare prakara 

21.

Ukara sing digunakake kanggo nulis geguritan iku lumrahe basane padhet, tegese ... .

a)

tembung kang digunakake endah

b)

tembung sing digunakake becik

c)

ukara sing digunakake tegese angel dingerteni

d)

ukara sing digunakake baku lan ringkes

22.

Aja nganti kebanjur

Sabarang polah kang ora jujur

Yen kabanjur sayekti kajur tan becik

Becik ngupaya iku

Pitutur ingkang sayektos

Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

jur,jur,cik,ku,tos

b)

ur,ur,ik,u ,tos

c)

  u,u,i,u,o

d)

r,r,k,u,s

23.

Aksara Jawa legena cacahe ana ….

a)

30                    

b)

25

c)

20

d)

21

24.

Sandhangan kuwi aran lan unine yaiku ....

a)

Cecak, unine ng

b)

cakra, unine ra

c)

keret, unine re

d)

wignyan, unine h

25.

Sandhangan kuwi aran lan unine yaiku ....

a)

layar, unine r

b)

wignyan, unine h

c)

pangkon, unine h

d)

wignyan, unine ng

26.

sandhangan kuwi aran lan unine yaiku ....

a)

cecak, unine r

b)

layar, unine ng

c)

cecak, unine ng

d)

cakra, unine ng

27.

Crita kang wis sumebar ing masarakat, kang cacahe ora bisa kepetung, ora cetha kala mangsane, ora weruh sapa sejatine sing nganggit diarani ….

a)

dongeng lugu

b)

wiracarita

c)

mite

d)

crita rakyat

28.

Sandhangan wyanjana kaperang dadi 3, yaiku ….

a)

cakra, keret, pengkal

b)

wulu, suku, taling

c)

cecak, wignyan, layar

d)

taling tarung, pangkon, pepet

29.

Tembung ratu + agung, yen digarba ing tembang macapat dadi ….

a)

ratunggung

b)

ratagung

c)

ratwagung

d)

ratuagung

30.

Tembung kaloka + ing, yen digarba ing tembang macapat dadi ….

a)

kalwakang

b)

kalokeng

c)

kalwaking

d)

kalwaning