NEW
Font size
WorksheetsAsesmen Formatif Undha-Usuk lan Unggah-Ungguh Basa Jawa
Total questions: 30
Worksheet time: 51mins
Basa kang digunakake marang wong kang wis kenal akrab lan isih ana rasa pada-padha ngurmati, ing unggah-ungguh basa kalebu ragam . . . .
Krama Madya
Ngoko Madya
Ngoko Alus
Krama Alus
Pak Budi (51 th, jabatan kepala sekolah), Pak Joko (55th, jabatan wakasek. kurikulum).
Nalika Pak Joko ngendikan marang Pak Budi ing kahanan formal ing sekolahan, mligine migunakake ragam basa . . .
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Pak Budi (51 th, jabatan kepala sekolah), Pak Joko (55th, jabatan wakasek. kurikulum). Kalorone kenal akrab lan isih ana rasa padha-padha ngurmati.
Nalika Pak Joko ngendikan marang Pak Budi nalika kerja bakti ing desa, mligine migunakake ragam basa . . .
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Pak Budi (51 th, jabatan kepala sekolah), Pak Joko (55th, jabatan wakasek. kurikulum).
Nalika Pak Budi ngendikan marang Pak Joko nalika ing sekolahan (kahanan formal), mligine migunakake ragam basa . . .
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Urutan undha-usuk basa Jawa kang bener saka tembung "omah" yaiku . . .
Omah - Griya - Dalem
Omah - Dalem - Griya
Omah - Wisma - Griya
Gubug - Dalem - Griya
Basa krama lugune tembung "bojo" yaiku . . .
Garwa
Bojo
Semah
Estri
Basa krama lugune "arep" (akan) yaiku . . .
Badhe
Ajeng
Arep
Lajeng
Basa krama aluse "arep" (akan) yaiku . . .
Badhe
Ajeng
Arep
Nembe
"Mas, aku mulih dhisik ya, yen panjenengan arep kodur jam pira?"
Petikan ukara kasebut migunakake ragam basa Jawa . . .
Krama Lugu
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Alus
"Kula wau sampun bibar nedha siyang, mangga gantosan pajenengan ingkang dhahar siyang, amargi dhaharanipun sampun cumawis sekawit wau."
Ukara kasebut migunakake ragam basa Jawa . . .
Krama Madya
Krama Lugu
Krama Inggil
Ngoko Alus
Ing sawijining acara jalan santai pengetan dina kamardikan RI kaping 78 taun, David ketemu kenalane saka Dhusun liya yaiku Andra. Nadyan durung pati akrab, nanging David minangka wong Jawa tetep gelem sapa aruh marang Andra.
Basa kang paling trep digunakake David yaiku . . .
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Inggil
Ngoko Alus
Nalika nggarap pakaryan kelompok ing omahe Alvin, Dani didangu bapake Alvin, "Omahmu ngendi le?"
Wangsulane Dani kang paling trep yaiku . . .
Dalem kula Wonokarto pak.
Griya kula Wonokarto pak.
Omah kula Wonokarto pak.
Gubug kula Wonokarto pak.
Ibu: "Le tulung tukokna sabun ana warung."
Azka: "Inggih bu"
Adhik: "Mas Azka, panjenengan arep tindak ngendi?"
Azka: "Iki aku . . . . . . Ibu tuku sabun.
Tembung kang paling trep kanggo njangkepi ukarane Azka yaiku . . .
Dipunutus
Dipundawuhi
Dipunkengken
Dikongkon
Ibu: "Le tulung tukokna sabun ana warung."
Azka: "Inggih bu"
Adhik: "Mas Azka, panjenengan arep tindak ngendi?"
Azka: "Iki aku . . . . . . Ibu tuku sabun.
Ragam basa apa kang digunakake Adhik?
Ngoko Alus
Krama Lugu
Ngoko Lugu
Krama Alus
Wicantenan marang wong kang babar blas durung kenal, mligine migunakake ragam basa . . .
Krama Alus
Krama Lugu
Krama Madya
Ngoko Alus
Wicantenan marang wong kang kenal akrab, umure kurang luwih padha, nanging wong kasebut nduweni pangkat/jabatan dhuwur, mligine migunakake ragam basa Jawa . . .
Ngoko Lugu
Krama Alus
Ngoko Alus
Krama Lugu
Basa krama madyane "kowe" yaiku . . .
Sira
Sampeyan
Panjenengan
Slira
Pak Toni: "Bu, dhaharan menika . . . . panjenengan."
Bu Vani: "Inggih, matur nuwun Pak Toni, oinggih menika ugi wonten rasukan . . . . panjenengan."
Tembung ingkang trep miturut unggah-ungguh basa kanggo njangkepi 2 ukara kasebut yaiku . . .
Kangge - Kagem
Kagem - Kangge
Kangge - Kangge
Kagem - Kagem
Bu Joko: "Pak, menika tabuh pinten nggih, panjenengan . . . . jam ta?
Pak Roni: "Menika tabuh sewelas langkung sedasa menit bu."
Tembung kang paling trep miturut unggah-unggu basa Jawa kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku . . .
Ngangge
Nganggo
Ngagem
Duwe
Basa kramane "24" yaiku . . .
Kalih dasa sekawan
Pat likur
Kalih dasa papat
Sekawan likur
Basa kramane "67" yaiku . . .
Sewidak pitu
Nem dasa pitu
Enem pitu
Enem dasa pitu
Bu Guru ngendikan marang murid kang kenal uga akrab lan saiki wis dadi pejabat ing pemerintahan.
Basa apa kang luwih becik digunakake Bu Guru?
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Madya
Krama Inggil
"Aku arep mangkat tuku buku, menawa bapak arep mangkat tuku wedang."
Ukara kasebut supayane luwih trep miturut unggah-ungguh basa yaiku . . .
Aku arep mangkat tuku buku, menawi bapak badhe tindak mundhut unjukan.
Aku arep bidhal tumbas buku, menawa bapak arep bidhal tumbas unjukan.
Aku badhe tindak mundhut buku, menawi bapak badhe tindak mundhut unjukan.
Kula ajeng bidhal tumbas buku, menawi bapak ajeng tindak mundhut unjukan.
"Aku arep mangkat tuku buku, menawa bapak arep mangkat tuku wedang."
Ukara kasebut miturut unggah-ungguh basa kang trep menawa diowahi dadi ragam krama kepriye?
Kula ajeng bidhal tumbas buku, menawi bapak ajeng tindak mundhut unjukan.
Kula badhe bidhal tumbas buku, menawi bapak badhe tindak mundhut unjukan.
Kula badhe kesah tumbas buku, menawi bapak badhe tindak mundhut unjukan.
Kula ajeng kesah mundhut buku, menawi bapak ajeng tindak mundhut unjukan.
Adi: "Aku sesuk arep lunga menyang Sala jam pitu. Hla yen panjenengan apa sida tindak menyang Sala uga?"
Raditya: "Sida, aku sesuk sida mangkat."
Kira-kira apa alesane Adi migunakake ragam basa Jawa kaya ing pacelaton kasebut?
Amarga marang wong kang durung kenal.
Amarga marang wong kang kenal ning durung akrab.
Amarga marang wong kang wis kenal akrab nanging isih nduweni rasa ngurmati.
Amarga marang wong kang nduweni jabatan dhuwur lan umure luwih tuwa.
Pak Dipa: "Sampeyan kalawingi mantuk saking griya kula tabuh pinten Pak?"
Pak Sony: "Tabuh wolu pak kalawingi, sampeyan napa sampun supe?"
Kira-kira apa alesane Pak Dipa lan Pak Sony migunakake ragam basa kaya ing pacelathon kasebut?
Amarga wis kenal akrab lan isih ana rasa padha ngurmatine
Amarga durung kenal
Amarga wis kenal nanging durung pati akrab.
Amarga wis kenal akrab
Basa krama aluse "takon" yaiku . . .
Tanglet
Taken
Mundhut priksa
Nyuwun pirsa
Siswa: "Pak saya akan izin kencing dulu ya."
Ukara kasebut menawa diowahi dadi basa Jawa krama supayane luwih prayoga kanggo omongan siswa marang gurune, yaiku . . .
Pak kula badhe idin toyan rumiyin nggih.
Pak kula ajeng idin turas rumiyin nggih.
Pak kula badhe idin turas rumiyin nggih.
Pak kula ajeng idin toyan rumiyin nggih.
Basa krama aluse "nonton/nyawang" yaiku . . .
Ndeleng
Priksa
Pirsa
Tingal
Basa krama aluse "ngerti" yaiku . . .
Ngertos
Pirsa
Priksa
Tingal
