NEW
Font size
WorksheetsUlangan Harian (Budaya Jawa)
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Budaya mujudake pamikire manungsa kang becik, satemah dadi panutan tumrap masyarakat, ing ngisor iki kang kalebu budaya jawa unsur adat istiadat kajaba?
Pentas Jaranan
Pahargyan temanten
Sedekah bumi
Larung sesaji
Sapa sing kudu masrahake manten ing upacara pasrah tinampi?
Wong tuwa manten wadon
Wong tuwa manten lanang
Sesulih manten wadon
Sesulih manten lanang
Prosesi kang ora kalebu upacara adat panggih manten bageyan krobongan yaiku?
Bobot timbang
Ngidak wiji dadi
Sungkeman
Kacar-kucur
Prosesi adat panggih manten kang kalebu "peralihan" saka pendhapa tumuju ing krobongan yaiku?
Balangan gantal
Bobot timbang
Sinduran
Dhahar kembul
Gambar kasebut mujudake simbol ing ngisor iki, kajaba?
Jaluk pangapura tumrap luputing manungsa
Jaluk guyub rukun urip tansah bebarengan
Jaluk donga supaya gancar ing bebrayan
Jaluk pangestuning utawa restu wong tuwa
Menawa upacara adat iki duwe pesen moral yaiku?
Dadi wong kudu menehi tuladha kang apik
Dadi wong kudu rukun karo bojone
Dadi wong tuwa iku abot lakone
Dadi wong kudu manut karo aturan apik
Apa wae kang dikucurake ing upacara kacar-kucur?
Beras, koro, dhuwit, jagung
Beras, dhele, koro, jagung
Beras, dhele, lentho, koro
Beras, dhele, lentho, dhuwit
Dene kembang kang ana ing prosesi ngidak wiji dadi mujudake lambang?
Abang: nepsu luwamah
Kuning: nepsu luwamah
Putih: nepsu mutmainah
Ijo/ireng: nepsu mutmainah
Panaliten sajerone upacara adat ana bageyan kang ngerembug "alesan wong milih neliti upacara adat kasebut" Bageyan iki diarani?
Landhesan panaliten
Mupangat panaliten
Ancas panaliten
Dudutan lan panyaruwe
Saka panaliten sing wis kok tulis, ana prosesi upacara adat kang wis ora relevan karo jaman saiki, yaiku?
Bobot timbang
Dhahar kembul
Kacar-kucur
Ngidak wiji dadi
Gantal ana rong werna, yaiku?
Gondhang tresna lan gondhang susur
Gondhang kasih lan gondhang tutur
Gondhang tresna lan gondhang tutur
Gondhang kasih lan gondhang susur
Nilai moral upacara kasebut bisa ora relevan menawa?
Wong lanang ora gelem nyambut gawe
Wong lanang bisa nyukupi kebutuhane kaluwarga
Wong lanang asile nyambut gawe ora cukup kanggo nyukupi butuhe kaluwarga
Wong lanang akon bojone nyambut gawe
Panyaruwe saka upacara panggih manten adat Jawa miturut laporanmu kajaba?
Upacara adat panggih manten becike ditinggalake wae
Upacara kudu diuri-uri amarga nilai kang apik
Nilai kang ana ditrepake sajerone urip bebrayan
Upacara bisa diuri-uri kanthi anggelar lan nyinaoni upacara adat
Sing duwe kajat upacara adat panggih manten yaiku?
Wong tuwa manten wadon
Wong tuwa manten lanang
Maratuwa manten wadon
Wong tuwane manten
Dene sing duwe kajat upacara adat ngundhuh mantu yaiku?
Wong tuwa manten wadon
Wong tuwa manten lanang
Maratuwa manten wadon
Wong tuwa manten
Upacara adat panggih manten kang asli, kagelar ana ing?
Latar lan pendhapa
Latar lan krobongan
Pendhapa lan senthong tengah
Krobongan lan senthong tengah
Prosesi upacara dulangan mujudake nilai ing ngisor iki, kajaba?
Karukunan kaluwarga
Kerja sama kekarone
Kasejahteraan kanggo kekarone
Krasa welas asih manten
Prosesi dulangan ing jaman biyen, kang dianggo mangan manten yaiku?
Sega lan lawuh maneka rasa
Sega lan ati kebo
Sega lan lawuh maneka warna
Sega lan daging
Ukara ing ngisor iki kalebu Rura Basa kajaba?
Nyunduki sate
Menek pelem
Ngundhuh degan
Mepe karak
"Ndhuk godhokna wedang aku nganggo panci aja gawe ceret, mumpung isi esuk"
Ukara ing dhuwur kalebu jinising apa?
Kerata Basa
Rura Basa
Rakep basa
Gugon tuhon
Ing ngisor iki kalebu tuladha gugon tuhon kang trep, kejaba?
Mangan brutu njalari pikun
Lungguh bantal njalari udunen
Mangan karo turu njalari dadi ula
Lungguh ing meja njalari ora ilok
"Wis bolak-balik dak kandhani nanging blas ora digugu"
Ukara ing ndhuwur migunakake tembung rangkep awujud?
Dwi wasana wantah
Dwi purwa semu
Dwi lingga salin swara
Dwi purwa salin swara
Gugon tuhon digunakake dening wong biyen kejaba kanggo?
Kareben meden-medeni anak putune
Kareben anak putune ora nerak aturan becik
Kareben anak manut yen dikandhani
Kareben ngerti perkara kang ora patut dilakoni
"Aja ployan-playon ing jaba wayah sore-sore, supaya ora digegondhol dening wewe"
Gugon tuhon ing ndhuwur migunakake tembung rangkep kejaba?
Dwipurwa
Dwi lingga wantah
Dwi lingga salin swara
Dwi wasana
Tembung kang migunakake "Dwiwasana" sing dadi loro bageyan apane?
Wanda kang ana ing pungkasane
Wanda kang ana ing purwane
Tembung kang ana ing pungkasane
Tembung kang ana ing purwane
