Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UTS Bahasa Jawa Tema Panguripan Kelas XI

Total questions: 20

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Asil Pangangen-angen penyair tumrap kahanan utawa prastawa kang diamati, dihayati, utawa dilakoni kang ditulis nganggo tembung kang ringkes lan mestes diarani...

a)

Cerkak

b)

Geguritan

c)

Roman

d)

Novel

2.

Puisi Jawa gagrag anyar uga disebut..

a)

Tembang Macapat

b)

Tembang Tengahan

c)

Tembang Gedhe

d)

Geguritan

3.

Geguritan iku dibedakne dadi..

a)

2

b)

4

c)

5

d)

6

4.

Tembung geguritan asale saka tembung lingga gurit kang tegese..

a)

Tetembangan

b)

Tulisan, Gambar, Nyanyian

c)

Rumpakan

d)

Paugeran

5.

Geguritan kang nduwe pathokan cacahe wanda saben gatra bebas diarani geguritan...

a)

Anyar

b)

Kuno

c)

Tradhisional

d)

Khusus

6.

Tembung "Sun Nggegurit" iku lumrahe tinemu ana ing..

a)

Tembang macapat

b)

Tembang Gedhe

c)

Geguritan Jawa Kuna

d)

Geguritan Jawa Anyar

7.

Endahing Geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...

a)

Pilihane tembung kang mentes

b)

Runtute Swara utawa migunakake purwakanthi

c)

Tembung Andhahan kang karimbang

d)

Bagus lan ayune kang maca geguritan

8.

Unen-Unen kang dibolan baleni kang bisa ndadekake geguritan katon nduweni irama diarani...

a)

Rima

b)

Tembung Entar

c)

Tembung Garba

d)

Tembung Saroja

9.

Geguritan ing nduwur surasane babagan..

a)

omah desa

b)

omahe bapak kang mlarat

c)

omah cilik

d)

Omah sejarahe wong tua

10.

Guguritan ing ndhuwur isine aweh piweling wong tua marang

a)

Bocah-Bocah sekolah

b)

Anake Dhewe

c)

Masyarakat Umum sing padha Maca

d)

Pengarang

11.

Omah riwayat, tegese omah sing dadi

a)

Sejarah

b)

Bangunan Anyar

c)

Kropos Dipangan Rayap

d)

Pabrik

12.

Ya ing omah iki sliramu nate kenal lan asring sanja. Nyambung Ati Kasepen kang sendhen ana kusen. Seng dikarepake ukara kasebut yaiku..

a)

Ana omah iki kowe padha kenal bapakmu sing saben dina gawe kusen

b)

Ana omah iki kowe kenal lan kulina nekani saperlu tilik bapakmu sing saiki lungguh ana kusen

c)

Ana Omah iki kowe kenal lan kulina nyambung atine Bapakmu

d)

Bapakmu Saiki mung lungguh ana kusen ora tau ditiliki

13.

ing ngisor iki bab-bab kang perlu ditindakake nalika maca geguritan, kejaba

a)

Lafal kudu cetha, umpamane swara d, dh, t, th, e

b)

Sareh, ora perlu kemrungsung amarga bisa ngilangi nges utawa greget

c)

Anteng

d)

Mapanake jeda kanthi trep (pas)

14.

Ing ngisor iki kelebu purwakanthi swara, yaiku..

a)

Cecer Cicir Cewet

b)

Ana dina ana upa

c)

Bibit Bebet Bobot

d)

Kebat Kliwat gancang Pincang

15.

Tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal usule utawa nduweni teges ora salugune diarani...

a)

Tembung Entar

b)

Tembung Garba

c)

Purwakanthi

d)

Tembung Rangkep

16.

Ing ngisor iki kelebu tembung entar, kajaba........

a)

Bocah kae pancen dawa tangane

b)

Becik Ketitik Ala Ketara

c)

Kae pancen wong kang lunyu ilate

d)

Wong Kuwi atine ana wulune

17.

Tembung-tembung ing ngisor iki kelebu tembung rangkep dwilingga salin swara. kajaba...

a)

Bola-Bali

b)

Mulah-Mulih

c)

Kolang-Kaling

d)

Nulas-Nulis

18.

Tembung ing ngisor iki kalebu tembung rangkep dwilingga padha swara, yaiku..

a)

Bapak - Bapak

b)

Wira - Wiri

c)

Andheng - Andheng

d)

Alun- Alun

19.

Tetembung kang ditulis dan pangucape padha nanging beda tegese diarani..

a)

Homograf

b)

Homonim

c)

Homofon

d)

Yogaswara

20.

Tetembungan kang ditulisane padha, nanging beda pangucape lan tegese diarani

a)

Homograf

b)

Homonim

c)

Purwakanthi

d)

Yogaswara