NEW
Font size
WorksheetsUnggah-Ungguh Basa
Total questions: 20
Worksheet time: 12mins
Bapak sampun tindak (mrana). Basa kramane mrana yaiku ....
ngrika
mrika
mara
marani
“Liburan semester siji wingi kowe maring endi Rum?”
Ukara iku yen diowahi dadi basa krama:
“Liburan semester setunggal wingi kowe maring endi Rum?”
“Liburan semester setunggal wingi panjenengan maring endi Rum?”
“Liburan semester setunggal wingi panjenengan kesah pundi Rum?”
“Liburan semester setunggal wingi panjenengan dhateng pundi Rum?”
“Angger Pemalang nang endi bae sing ana area hot spot-e?”
Ukara iku yen dibenerake basa krama dadi ...
“Angger Pemalang teng pundi mawon sing wonten area hot spot-e?”
“Menawi Pemalang teng pundi mawon sing wonten area hot spot-e?”
"Menawi Pemalang ing pundi mawon ingkang wonten area hot spot-e?”
“Angger Pemalang teng pundi mawon ingkang wonten area hot spot-e?”
Jono : “Jo, aku arep piknik menyang Widuri kowe melu ora”
Bejo : “Wadhuh, beres kuwi. Aku takmatur bapak dhisik ya!”
Kepriye prayogane anggone Bejo pamit karo bapake?
Pak, aku dijak Jono plesir maring Widuri takmelu ya Pak?
Pak, Kula nyuwun arta badhe kangge plesir.
Pak, kula nyuwun idin badhe piknik dhateng Widuri sareng Jono.
Pak, kula badhe matur sareng Jono badhe dhateng Widuri.
”Nuwun sewu, kepareng badhe ....... menapa wonten wekdal lan boten nganggu, Pak?"
Ukara kasebut trepe dijangkepi tembung:
takon
taken
ndangu
nyuwun pirsa
”Anu Pak, kula wonten tugas latihan dialog saking guru basa jawi, mila kula ...... dhateng Pak Seno.”
Ukara kasebut trepe kajangkepi tembung:
teka
rawuh
sowan
marani
Mas Anang : ”Kok sepi, apa bapak ibu padha tindakan?”
Andi : .........................................
Wangsulane Andi sing paling trep:
Iya mas Anang, bapak karo ibu lagi lunga.
Iya mas Anang, bapak karo ibu lagi tindak.
Iya mas Anang, bapak kaliyan ibu durung bali.
Iya mas Anang, bapak kaliyan ibu nembe lunga.
Yen kowe omong-omongan karo kancamu sing wis kulina banget, nganggo basa ....
krama alus
campuran
ngoko lugu
ora ana sing bener
“Kowe wis mangan apa durung ?”
Krama aluse ....
Sampeyan sampun nedha napa dereng ?”
Panjenengan sampun dhahar menapa dereng ?”
Koen wis mangan napa dereng ?”
Panjenengan mpun nedha napa dereng ?”
Tembung-tembung sing dudu krama alus yaiku :
rambut
asta
sare
tindak
Ukara ing ngisor iki sing ora trep miturut unggah-ungguh basa krama alus yaiku :
Pak guru mboten rawuh amargi gerah.
Bu Ani nitih sepedha motor.
Mas Bima ngunjuk kopi.
Ibu wangsul saking peken.
Aku turu jam sanga, dene Bapak turu kira-kira jam setengah sepuluh.
Sing bener manut unggah-ungguhe ....
Kula tilem jam sanga, dene Bapak tilem kinten-kinten jam setengah sedasa.
Kula sare jam sanga, dene Bapak tilem kinten-kinten jam setengah sedasa.
Kula tilem jam sanga, dene Bapak sare kinten-kinten jam setengah sedasa.
Kula sare jam sanga, dene Bapak sare kinten-kinten jam setengah sedasa.
Ibu mulih jam papat sore, dene aku mulih jam setengah lima.
Manut unggah-ungguh sing bener yaiku ....
Ibu wangsul jam sekawan sonten, dene kula wangsul jam setengah gangsal.
Ibu kondur jam sekawan sonten, dene kula kondur jam setengah gangsal.
Ibu wangsul jam sekawan sonten, dene kula kondur jam setengah gangsal.
Ibu kondur jam sekawan sonten, dene kula wangsul jam setengah gangsal.
Kula kalawingi .... ringgit purwa lampahan Semar mantu.
Cecek-cecek iku trepe kaisi tembung apa?
mirsani
ningali
nyipati
nekseni
Tamune wis padha rawuh, nanging ibu durung ...
adus
siram
pakpung
awak-awak
kula nembe nedha, dene bapak dereng ....
mangan
nedha
dhahar
maem
Simbah menawi ..... kaliyan wayahipun ngginakaken unggah-ungguh basa ngoko.
ngomong
matur
sanjang
ngendikan
Aku lagi maca buku, nalika bapak ... koran.
maca
ningali
maos
nonton
Andi : “Kepareng matur bilih sowan kula .... Pak Lukman."
dikon
dikengken
dikongkon
diutus
Aku mengko arep .... dhuwit marang Bu Wulandari.
njaluk
nyuwun
minta
nyilih
