wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

JENIS TEKS NON SASTRA FASE E

Total questions: 14

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Penyu

Penyu minangka salah sawijine fauna laut sing urip ing pulo kabeh samudera ing dunia. Ing dunia, ana 7 spesies penyu, 6 ing antarane ana ing Indonesia. Penyu diklasifikasikake mbebayani kanthi kritis.

Jenis penyu sing ana ing Indonesia, yaiku penyu hijau, penyu sisik, penyu belimbing, penyu pipih, lan penyu tempayan.

Penyu belimbing minangka paling gedhe, kanthi ukuran dawa awak 2,7 meter lan bobot 600-900 kilogram. Dene penyu paling cilik minangka penyu lekang, kanthi bobot 50 kilogram.

Penyu umume migrasi jarak sing adoh ing wektu sing ora suwe. Jarak 3.000 kilometer bisa ditempuh sajrone 58-73 dina.

Kabeh jenis penyu laut ing negeri iki dilindhungi miturut Peraturan Pemerintah Nomor 7 tahun 1999 babagan Pengawetan Jenis Tumbuhan dan Satwa.

Uwong ora tanggung jawab mburu penyu kanggo njupuk carapace lan nggawe aksesoris kayata gelang, liontin, lan diawetake kanggo dipamerake isih akeh banget nganti saiki.

Penyu minangka spesies sing wis urip ing bumi nganti mayuta-yuta taun lan bisa urip nganti saiki. Penyu nglampahi akeh wektu ing segara nanging induke bakal ndharat nalika wayahe ngendhog.

Penyu nduweni sepasang sikil ngarep kanthi wujud sikil dayung sing menehi ketangkasan kanggo nglangi ing banyu.

 Yen ditilik saka isine wacan, teks ing dhuwur kalebu ...

a)

deskripsi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

e)

narasi

2.

Omah adat Jawa kang salah sijine yaiku Joglo, kang dibangun miturut kapercayan utawa filsafat Jawa. Omah Joglo nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar.

            Wewangunan omah joglo iku ana perangan peerangan kang gumathok, ing antarane yaiku:

1.      Pendhapa

Dhumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa wates ruwangan. Wujud kang tinar buka iki ora tanpa ngemu teges.Iki aweh pralambang luhure pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake kerukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunakake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis mula ruwanganne digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganthi tekan pojok-pojok payon joglo.

2.      Pringgitan

Janjane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo gelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo gelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe kewajiban nguri-uri lan ngrembakakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga img saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.

3.      Dalem Ageng

Wujude persegi lan tinutup deneng gedheg ing patang sisih. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwuh tinutup. iki nudhuhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine  kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari parkara kang lagi disandhang.

Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah , yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake  ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges nudhuhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan. Tembung nDalem ing masyarakat Jawa uga diarani papan kanggo panggonan. Mula saka kuwi sajroning omah njero iki ana senthong utawa kamar, senthong iku kapilah dadi telu:

1)      Senthong Tengen

Mapan ing sisih tengen, ing kamar iki sumadya amben/dhipan lan piranti kanggo turu liyane, kamar iki kanggo turu lan leren tumrap wong lanang . Mapan ing sisih tengen iku mengku makna manawa wong lanang iku dadi kuwajiban ngayomi wong kang ana sajroning omah kasebut. Papan sisih tengen nduweni makna sinandhi supaya sakabehing gegayuhan iku bisa kasembadan kudu tansah nengenake tumindak kang utama. Lan dadi pangayoman tumrap sing ana sisih kiwane.

2)      Senthong Tengah utawa Krobongan

Papan kanggo nyimpen pusaka lan pamujan marang Dewi Sri. Senthong tengah minangka papan palin suci utawa pribadi kanggone sing duwe omah. Ing sajrone krobongan kasimpen bandha pusaka sing ndhuweni makna gaib sarta pari asiling oanen kapisanan. Dewi Sri uga dianggep minangka kang nduweni omah utawa bandara kang sabenere. Sajroning krobongan sumadya amben, kasur lan guling, yaiku paturon kang sepisanan kanggo penganten anyar, bab iki nduweni makna minangka pasawijen Dewa Komajaya lan Dewi Kamaratih yaiku dewaning katresnan. Papan tengah iku nduweni makna enering panembah konjuk marang Gusti kang amuraba jagad saisine.

3)      Senthong Kiwa

Ing kamar iki sumadyan amben pepak piranti kanggo turu liyane, minangka papan kanggo turu lan ngaso tumrap wong wadon. Papan sisih kiwa nduweni makna tansah ngiwakake lan nyingkiri tumindak kang ala.  Pakarti kang ala kudu disirnakake.

4.      Gandhok utawa Pawon/pekiwan

Gandhok minangka sawijining kamarnsing ana ing sisih tengen lan kiwa Pringitan lan Omah Dalem, wujude wangunan kang dawa lan panggonanne dipisahke saka wangunan utama kanthi latar minangka pemisah; Umume gandhok digunakake minangka papan turu kanggo kulawargane, sanak kulawarga lan panggonannyimpen barang-barang omah lan digunakake minangka lumbung kanggo nyimpen bahan pangan. Gandhok kasusun saka rong ruwangan yaiku Gandhok Kiwa lan Gandhok Tengen.

Gandhok utawa Pawon kang mapane ing mburi dhewe utawa mburi Omah Dalem, fungsine kanggo masak lan kanggo adus. Sanadyan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sin nduwe omah reresik diri lan dhahar. Bab iki nuduhake yen menungsa iku duwe sipat setiti lan ngati- ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit.

Nilai kang kakandhut saka wacana  deskripsi Omah Adat/tradisional Jawa :

Ø Nilai Adat / Tradhisi

      Adat bisa uga tradhisi wis dadi pakulinan turun temurun sajroning masyarakat. Sajroning tradhisi kakandhut akeh kearifan, pituduh paling caket nindakake kabudayan kanggo bangsa lan negara. Ana ne omah adat Jawa iki ngandhut nilai tradhisi utawa adat Jawa kang ndhisike amung diduweni dening para penggede lan kerabat bangsawan.

Ø Nilai Historis (sejarah)

      Anane Omah adat Jawa mujudake fakta sejarah kang nganti saiki isih tinemu ing masyarakat Jawa, mligine Jawa Tengah. Kandhutan nilai sejarah iki bisa didakeake dhata budaya kita kang  sejatine kudu tetep dilestarikake.

Ø Nilai Budaya

      Omah adat tinggalane para leluhur, mligine omah adat joglo, klebu salah siji asil kabudayan kang nduweni makna filosofis budaya Jawa. Anane motif utawa ragam hias kang digunakake ing wangun omah adat joglo nuduhake bukti anane budaya kang kudu dimangerteni dening para generasi mudha.

Ø Nilai Agama/ Religi

      Wangun omah adat Jawa iki diwangun kanthi netepake werdi kang becik. saben bagean omah nduweni werdi lan guna dhewe-dhewe, klebu kanggo kagiyatan ibadah kulawarga kang nduweni omah kasebut. Bab iki dadi bukti menawa omah adat joglo iku ngandhut nilai agama.

Ing perangan njero omah Joglo ana kang diarani gedhongan kang diembakake kaya dene mihrab, papan panggonan kanggo imam kang mimpin shalat. Bab iki nglambangake….

a)

Sapa pawongan kang duwe omah

b)

Manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip kanthi dhewekan.

c)

Karukunan lan katarbukan

d)

Saliyane dadi papan panggonan ngeyup, bisa uga kanggo papan ngabekti marang Gusti kang dipercaya.

e)

Manungsa kudu duwe sipat prihatin lan ngendhaleni hawa nepsu yen pingin kepenak ing tembe mburine.

3.

Ngandhakake prekara wanodya tansah anyar lan ndudut ati amarga ora bakal kentekan isu. Sasuwene lumaku donya iki, wanodya mung nglakoni urip sosial, ekonomi, lan politik kang ora patia wigati dibandhingake karo wong lanang. Kanthi cara struktural uga fungsional wanodya tansah kasingkirake. Suwalika, minangka ibu rumah tangga, wanodya tansah misuwur. Pitakonane, nganti kapan kahanan kaya mangkene iki bakal lumaku?Kamangka wis akeh cara lan upaya kanggo ngowahi kahanan iku, mligine saka para pakar wanodya.

Saka pethilan wacan kasebut, kanthi njingglengi titikane wacan, bisa diarani wacan ...

a)

eksposisi

b)

argumentasi

c)

narasi

d)

deskripsi

e)

persuasi

4.

Ngandhakake prekara wanodya tansah anyar lan ndudut ati amarga ora bakal kentekan isu. Sasuwene lumaku donya iki, wanodya mung nglakoni urip sosial, ekonomi, lan politik kang ora patia wigati dibandhingake karo wong lanang. Kanthi cara struktural uga fungsional wanodya tansah kasingkirake. Suwalika, minangka ibu rumah tangga, wanodya tansah misuwur. Pitakonane, nganti kapan kahanan kaya mangkene iki bakal lumaku?Kamangka wis akeh cara lan upaya kanggo ngowahi kahanan iku, mligine saka para pakar wanodya.

Para siswa bisa milih luwih saka siji wangsulan ...

Adhedasar wacan kasebut, kang dadi underane perkara yaiku ....

a)

wanodya kang urip kumalungkung

b)

wanodya kang beda karo wong lanang

c)

wong lanang kang nguwasani urip wong wadon

d)

wong wadon kang nrima ing pandum

e)

wong lanang kang sawenang wenang

5.

Titikane paragrap :

(1) Mbudidaya supaya sarujuk

(2) Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang dikarepake panulis/ celathu

(3) Tansah ngendhani dredah

Adhedasar pratelan kasebut ing dhuwur, kalebu paragrap ...

a)

eksposisi

b)

argumentasi

c)

deskripsi

d)

narasi

e)

persuasi

6.

Gatekna pratelan iki !

(1) nemtokake underane utawa tema perkara sing arep ditulis

(2) Ngumpulake data saka maneka sumber, nyusun cengkorongan utawa kerangka sing cocok karo underan sing dipilih

(3) Nemtokake ancas nulis wacana eksposisi

(4) Ngembangake cengkorongan dadi wacana eksposisi sing wutuh

Carane nulis wacan kang bener yaiku ...

a)

1 -3- 2- 4

b)

1- 2-3 - 4

c)

4- 3- 2- 1

d)

4- 2- 3- 1

e)

4- 1- 2- 3

7.

praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.

wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato. 

Read more:http://aneka-wacana.blogspot.com/2012/05/wacana-persuasi-dalam-bahasa-jawa.html#ixzz7cfJfJCxB

Wong kang pidato iku amung butuh latihan sedelok kanggo nglanyahkake anggone pidato ing ngarep wong akeh . Pranyatan kasebut miturut isine wacan bener utawa kleru ....

a)

bener

b)

kleru

8.

praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.

wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato. 

Yen ditilik saka isine wacan , wacana ing dhuwur kalebu wacana persuasi.

Pranyatan ing duwur kalebu bener utawa kleru ....

a)

bener

b)

kleru

9.

Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratunggasing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangkacandhi Budha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone KuthaMuntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bunder,kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budacacah 504.Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njerostupa-stupa sing bolong-bolong.Tekan saiki, Candhi Borobudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Budha padha ngrayakakeWesak ing candhi iki saben tahun. Candi Borobudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kanggawe gumunturis Indonesia lan mancanegara.

Adhedasar wacan iku, Candhi Borobudur digawe dening Raja ....

a)

Semaratungga

b)

Rakai Pikatan

c)

Hayam Wuruk

d)

Dharmawangsa

e)

Ratu Sanjaya

10.

Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratunggasing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangkacandhi Budha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone KuthaMuntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bunder,kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budacacah 504.Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njerostupa-stupa sing bolong-bolong.Tekan saiki, Candhi Borobudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Budha padha ngrayakakeWesak ing candhi iki saben tahun. Candi Borobudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kanggawe gumunturis Indonesia lan mancanegara.

Adhedasar wacan iku, Candi Borobudur dumunung ing ....

a)

kidul kulone Kutha Muntilan

b)

lor wetane Kutha Muntilan

c)

kidul kulone Kutha Magelang

d)

kidul kulone Kutha Semarang

e)

kidul kulone kutha Yogya

11.

Candi Borobudur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kang gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara. Tembung kondhang kaloka kalebu tembung ....

a)

entar

b)

saroja

c)

garba

d)

yogyaswara

e)

rinengga

12.

KUDUNE BOMBONG PRODHUK DHALEM NEGRI

Presidhen Jokowi nalika sesorah ing Bali mentas iki katon kurang rena awit anggaran negara atusan trilyun ora tumanja marang kawula cilik. gara-garane, anggaran sak ho-hah gedhene kuwi mung kanggo tetukon barang impor. Satemah efek ora bisa ngerek ekonomi dhalem negri kanthi becik. Miturut kepala negara, anggaran pengadaan belanja modal pamarentah pusat kehe Rp 526 trilyun, pamarentah dhaerah Rp 535 trilyun, BUMN Rp 420 trilyun. Yen 40 persene wae kanggo blanja prodhuk dhalem negri, ngendikane presidhen, asile bakal murakabi kawula cilik.

Para pengelola anggaran negara kudune nduweni watak bombong marang prodhuk Indonesia, aja njur apa-apa impor. Mangka dhuwit sing dienggo ngimpor barang kuwi satemen dhuwite rakyat. Geneya ora nliti prekara iki, apa saka impor barang mau ana komisi sing mlebu kanthong pribadi? Ing mangsa ekonomi durung bangkit normal saploke kena aradan Covid 19, "stimulan " saka pamarentah pusat lan dhaerah banget diarep-arep.

Para siswa bisa milih wangsulan luwih saka siji

Pranyatan kang jumbuh karo surasane wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Ditilik saka surasane kalebu wacan argumentasi

b)

Miturut surasane wacan ing dhuwur bisa diarani wacan eksposisi

c)

Wacan ing ndhuwur ngadharake pamanggih saka panulis bab prodhuk Indonesia

d)

Wacan ing dhuwur ngaturi pamaca barang impor diakehi padahal migunaake dhuwite rakyat

e)

Wacan ing dhuwur ngajak-ajak pamaca supaya nganggo prodhuk Indonesia

13.

Presidhen Jokowi nalika sesorah ing Bali mentas iki katon kurang rena awit anggaran negara atusan trilyun ora tumanja marang kawula cilik.

Tembung kurang rena ing dhuwur nduweni teges ....

a)

ora nyenengke ati

b)

kuciwa

c)

maremke ati

d)

gawe bangga

14.

Suwalike , minangka ibu rumah tangga. wanodya tansah misuwur.

Saka ukara kasebut, tembung misuwur duweni teges ....

a)

nrima

b)

kesel

c)

open

d)

kondhang

e)

kalahan