WorksheetsBusana Jawa Gagrak Ngayogyakarta
Total questions: 35
Worksheet time: 1hrs 14mins
Ing ngandhap menika ingkang kalebet rasukan kakung gagrag Ngayogyakarta, kejaba…
sikepan
blangkon
surjan
beskap
pranakan
Surjan dipunwastani ugi pakaian….
dhaerah
jawa
kejawen
takwa
pranakan
kawigatosna sipat-sipat busana ing ngandhap punika!
1. gagah
2. sengguh
3. greget
4. ora mingkuh
5. setia
Saking sipat busana ing nginggil menika ingkang nggambaraken makna saking busana takwa inggih punika…..
1,2,3
2,3,4
3,4,5
1,2,4
1,3,4
kawigatosna sipat-sipat busana ing ngandhap punika!
1. sederhana
2. grusa-grusu
3. anggun
4. alus
5. gagah
Saking sipat busana ing nginggil menika ingkang nggambaraken makna saking busana kebaya inggih punika...
1,2,3
2,3,4
3,4,5
1,2,4
1,3,4
Kawigatosaken motif batik ing ngandhap menika!
1. Parang barong
2. Truntum
3. Parang rusak
4. Ceplok
5. Kawung ageng
Motif batik ingkang minangka awisan/motif larangan inggih punika…..
1,2,3
2,3,4
1,3,5
1,2,4
3,4,5
Ingkang mbedakake wiron Ngayogyakarta kalihan Surakarta inggih menika….
ambanipun
jumlahipun
reginipun
seretipun
caranipun
Perangan busana Jawi ingkang dipunginakaken mapanaken keris inggih menika wonten ing….
kamus
jarik
timang
sabuk
stagen
Ing busana kejawen, menawa jaler lumrahe ngangge..… dene putri ngangge.....
batik-batik
surjan-kebaya
kebaya-surjan
batik-kebaya
surjan-batik
Rasukan ingkang dipunginakaken abdi dalem pangkat bupati sapanginggil nalika wonten pisowanan ing kraton Ngayogyakarta kados ing gambar inggih punika….
atela
surjan lurik
beskap
pranakan
surjan
Lonthong utawa stagen kaginakaken kangge ngencengi....
Kamus
Timang
Surjan
Sinjang
Kebaya
Surjan lurik limrah kaginakaken dening...
Sri Sultan Hamengkubuwana
Kawula
Para abdi dalem
Para sentana
Pangeran
Surjan Sembagi utawa surjan kembangan sejatosipun busana ingkang dipunagem dening....
Sri Sultan Hamengkubuwana
kawula
Para abdi dalem
Para sentana
Pangeran
Kenging menapa saben dinten Kemis Pon para warga ing Ngayogyakarta menika migunakaken busana Jawa gagrak Ngayogyakarta?
Mengeti deklarasi madegipun Kasultanan Ngayogyakarta
Mengeti dinten lair Kutha Ngayogyakarta
Mengeti dinten pangukuhan keistimewaan
Mengeti madegipun Kraton Mataram Islam
Pangeling-eling dhateng para mudha
Iket punika sarana panutuping sirah, piwulangipun supados manungsa saged....
Ngiket raos gunggung dhiri utawi umuk
Ngiket raganing manungsa
Ngiket jiwaning ingkang ngagem
Gadhah pangangkah
Damel manungsa menggalih diri sarira
Menawi ngginakaken kebaya kuthu baru aksesoris ingkang dipunginakaken inggih punika…..
pin
peniti renteng
bross
gelang
ali-ali
Kebaya ingkang limrah dipunginakaken ing gagrag Ngayogyakarta inggih punika...
Kuthu baru
Modern
Lurik
Tangkepan
Kemben
Sanggul ingkang kaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta inggih punika sanggul....
Ngore
Ceplok
Tekuk
Kondhe
Bokor
Selop ingkang diagem nalika migunakaken kebaya tangkepan inggih punika....
Selop terbuka
Heels
Sandal trepes
Selop tertutup
Sepatu
Perangan sepisan ingkang dipunagem nalika ngangge rasukan kejawen inggih punika….
cenela
jarik
blangkon
kebaya
lontong
Menawi ngginakaken kebaya tangkepan aksesoris ingkang dipunginakaken inggih punika…..
pin
kalung
peniti renteng
gelang
ali-ali
Ing busana kejawen gagrag Ngayogyakarta menawa tiyang kakung lumrahe ngangge....
atela
beskap
sikepan
surjan
batik
Tiyang ingkang damel keris dipunsebut....
Empu
Panjak
Resi
Dhalang
Juru
blangkon ing gambar punika gagrag....
Surakarta
Ngayogyakarta
Mataraman
Pekalongan
Jawa Timur
Sinjang bathik ing Ngayogyakarta wonten ingkang dados awisan. Salah satunggalipun punika corek Parangbarong amargi mligi dipunagem Ngarsadalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan nalika pisowanan ageng. Wujud batik Parangbarong inggih menika …
Jinis busana Jawi gagrag Ngayogyakarta salah satunggalipun awujud warni biru cemeng lurik telupat kados ing gambar, inggih punika kawastanan …
Surjan
Surjan lurik
Pranakan
Sembagen
Atela
Pambéda ageman sinjang/jarik antasiwipun gagrag Ngyogyakarta lan Surakarta inggih punika …..
Ngayogyakarta sèrèt dipunlebetaken, Surakarta sèrèt ing njawi
Ngayogyakarta sèrèt ing njawi, Surakarta sèrèt dipunlebetaken
Ngayogyakarta sèrèt ing njawi, Surakarta sèrèt ugi sami ing jawi
Ngayogyakarta sèrèt boten diagem, Surakarta sèrèt dipunlebetaken
Ngayogyakarta sèrèt boten ketingal, Surakarta sèrèt ugi boten ketingal
Ingkang dipunwastani kain jarik wiron inggih punika …..
kain bathik ingkang dipunlinting ing sisih pinggir saèmpèr kados kipas
kain kados jarik kagem tapihan
minangka panjangkep kebaya
kain ingkang kados kipas
kain jarik
Caranipun nganggem bebed/kain jarik tiyang kakung ingkang leres, inggih punika .....
Jarik – lonthong – stagen – timang –kamus
jarik – lonthong – stagen – kamus – timang
jarik - timang– kamus – lonthong – stagen
jarik – kamus – stagen - lonthong – timang
jarik – stagen – lonthong –kamus - timang
Perangan busana punika diarani....
kamus
timang
cenela
dhestar
wangkingan
Jenis warangka keris/dhuwung Ngayogyakarta punika diarani....
wulan tumanggal
branggah
gayaman
wulan ndadari
wulan sabit
Menika dhuwung gagrak Surakarta (kiwa) saha Ngayogyakarta
(tengen)
leres
lepat
Benik, ingkang wonten ing salebetipun surjan mralambangaken nepsu ingkang keedah dipunsingkiri dening manungsa.
Leres
lepat
Blangkon Surakarta umumipun awarni coklat jene wonten mondholipun, dene blangkon Ngayogyakarta awerni cemeng boten wonten mondholipun
leres
lepat
Kebaya tangkepan/kartini kalebet busana putri gagrag Ngayogyakarta, dene kebaya kuthu baru kalebet busana putri gagrag Surakarta.
leres
lepat
Ambane wiron putri 3 ruas driji, dene wiron kakung namung 2 ruas driji.
leres
lepat
