wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TEMBANG MACAPAT KELAS XI

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Tembung ingkang pamaosipun papat papat, anggenipun maos saben gatranipun kapunggel 4 wanda 4 wanda kasebat ....

a)

Guru Gatra

b)

Mancapat

c)

Macapat

d)

Guru Lagu

2.

Ingkang kalebet peranganipun tembang macapat inggih punika ....

a)

Wanda,gatra,pupuh

b)

Pupuh,gatra,unggah ungguh

c)

Pranatacara,pada,cakepan

d)

Cakepan,gatra,unggah ungguh

3.

Tetembungan ingkang kaginaaken ing tembang kasebut ....

a)

Pupuh

b)

Gatra

c)

Wanda

d)

Cakepan

4.

Peranganing tembung ingkang mungel sakecap (suku kata) kasebut ....

a)

Gatra

b)

Wanda

c)

Cakepan

d)

Pada

5.

Paugeran kangge cacahing wanda saben sagatra kasebut ....

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru gatra

d)

Cakepan

6.

Paugeran dhawaning swanten (aksara vokal) ing pungkasaning gatra ingih menika ....

a)

Cakepan

b)

Guru gatra

c)

Guru wilangan

d)

Guru lagu

7.

Paugeran kangge cacahing gatra/larik saben sapada kasebut .....

a)

Guru wilangan

b)

Pupuh

c)

Guru lagu

d)

Guru gatra

8.

Gambaran jabsng bayi inhkang tasih wonten kandutan ibunipun,dereng ketingal kakung utawi estri inggih punika tembang macapat....

a)

Sinom

b)

Gambuh

c)

Maskumambang

d)

Kinanti

9.

Gambaran jabang bayi sampun miyos/medal saking kandutan ibu inggih menika tembang macapat ....

a)

Megatruh

b)

Mijil

c)

Pocung

d)

Durma

10.

Gambaran wonten ing aurip dipun tuntun supados saget mlampah nindakaken gesang ing alam donyo inggih menika ....

a)

Kinanti

b)

Mijil

c)

Dandang gula

d)

Pangkur

11.

Gambaran kalodangan engkang wigatos tumraping tiyang enem supados ngangsu kawruh sak kathah kathaipun ingih menika ....

a)

Asmaradana

b)

Sinom

c)

Pucung

d)

Durma

12.

Gambaran raos tresna dumateng asanes inggih menika ....

a)

Gambuh

b)

Maskumambang

c)

Asmaradana

d)

Dandanggula

13.

Gambaran jumbuhipun antawis jaler kalian estri engkang sami nggadahi raos tresna ingih menika ....

a)

Gambuh

b)

Dandanggula

c)

Asmaradana

d)

Maskumambang

14.

Gambaran gesangipun tiyang engkang saweg remen nggadahi sisihan lan nglampahi gesang bebrayan ingih punika ....

a)

Gambuh

b)

Dandanggula

c)

Megatruh

d)

Pangkur

15.

Gambaran tiyang tuwuh raos tresna asih lan paring weh weh dumateng sesami inggih menika.....

a)

Pangkur

b)

Megatruh

c)

Gambuh

d)

Durma

16.

Gambaran wong urip wis kudu nyingkiri haw napsu angkara murka inggih menika ....

a)

Pangkur

b)

Pocung

c)

Megatruh

d)

Durma

17.

Gambaran awit sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa inggih menika .....

a)

Pangkur

b)

Pocung

c)

Durma

d)

Megatruh

18.

Gambaran bilih sampun dados layon lajeng dipun bungkus kain mori pethak saderengipun kasarekaken inggih menika ....

a)

Pangkur

b)

Megatruh

c)

Gambuh

d)

Pocung

19.

Cacahipun guru gatra sekar macapa durma inggih menika ....

a)

7 gatra

b)

6 gatra

c)

8 gatra

d)

9 gatra

20.

Guru wilangan tembang macapat Pocung inggih menika ....

a)

12,8,6,12

b)

12,6,8,12

c)

12,7,8,12

d)

12,8,7,12

21.

Wonten ing ngandhap menika pangertosan saking tembang durma inggih menika...

a)

Saking tembung darma/ wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang saweg nandhang katresnan, pramila  banjur  tuwuh raos  kekarepan  darma/ wèwèh  marang  sapadha-padha

b)

Bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi dipocong sadèrèngipun kasarèkaken

c)

Saking tembung ‘kanthi, utawi ‘tuntun' ingkang ateges dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam ndonya.

d)

embung  jumbuh/ sarujuk  ingkang  ateges bilih sampun jumbuh/ sarujuk lajeng  dipungathukaken  antawisipun kakung  saha  estri ingkang  sami-sami  nggadahi  raos tresna wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan

22.

Macapat kalebet salah satunggaling kaprigelan…

a)

Maos

b)

Nembang

c)

Nari

d)

Nyemak

23.

Gatosaken cakepan tembang ing ngandhap ! Durma Guntur PL Barang Dipunsami ambanting sariranira Cegah dhahar lan guling Darapon sudaa Nepsu kang ambra-ambra Lerema ing tyas sireki Dadia sabarang Karsanira lestari Piwulang ingkang saged nggambaraken isi saking tembang macapat ing nginggil inggih menika....

a)

tiyang gesang dipunkeparengaken ngambra-ambra hawa nepsu

b)

tiyang gesang kedah mikirke awake dhewe

c)

gadhah watak srakah

d)

saged nyingkiri hawa nepsu ingkang boten sae

24.

Wonten ing ngandhap menika pangertosan saking tembang Sinom inggih menika...

a)

Saking tembung ‘kanthi, utawi ‘tuntun' ingkang ateges dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam ndonya

b)

Bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi dipocong sadèrèngipun kasarèkaken

c)

Anoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati kanggenipun tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathahkathahipun

d)

Rasa   tresna,  tresna   marang   liyan  (jalèr  saha   èstri  saha   kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi

25.

Gatosaken cakepan tembang ing ngandhap !

SINOM

Tresna sapadha-padha

Aja dhemen amarahi

Meminihi ing prakara

Mengko mundhak dicireni

Para ngolah sathithik Yen tinimbang pijer palu

Pedahe ora nana

Mung gawe rengkaning ati

Awit tangga sadulur ketemu rina

Ingkang sanes minangka piwulang moral saking macapat sinom ing nginggil inggih menika…

a)

Duwe rasa welas asih marang sapadha-padha

b)

Dadia manungsa kang duwe sipat ngalah

c)

Aja seneng golek perkara

d)

Aja seneng dolan lan mangan turu

26.

Sindhen inggih menika wanita ingkang kagungan kaprigelan wicara nalika nembang  macapat kanthi sae. Wicara inggih menika kaprigelan...

a)

Ngedalaken swara trep kalian titilaras

b)

Patrap badan nalika nembang

c)

Solah bawa utawi sopan santun

d)

Ngginaaken rasa nalika nembang

27.

Macapat asring dipunginaaken ing manekawarni kesenian tradisional ing tanah Jawi. Salah satunggaling ginanipun macapat ing bab kesenian inggih menika...

a)

Kangge pralambang kesuksesan

b)

Kangge kasusastran jaman samenika

c)

Kangge nulis aturan-aturan pemerintah

d)

Kangge lelagon kethoprak lan wayang wong

28.

Tembang macapat durma kagungan paugeran : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i, gatosaken tembang macapat durma ing ngandhap menika!

Ayo kanca, padha nyinau agama

dhawuhing maha suci

dimen uripira

rahayu lan widada

ing donya tumekeng akhir

.............................

kinasihan ing gusti

Jangkepana cakepan ingkang gothang/dereng wonten ing nginggil !

a)

kapanggihaken kabegjan

b)

manggihaken kabegjanan

c)

manggih kabegjan

d)

manggih kabegjanan

29.

Macapat menika nggambaraken urut-urutanipun tiyang gesang wiwit saking lair dumugi patinipun, gambar ingkang nggambaraken macapat durma inggih menika...

a)

b)

c)

d)

30.

Macapat menika nggambaraken urut-urutanipun tiyang gesang wiwit saking lair dumugi patinipun. Gambar ingkang nggambaraken macapat Sinom inggih menika...

a)

b)

c)

d)