NEW
Font size
WorksheetsPRANATACARA
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Kang ora kalebu jeneng liyane pranatacara yaiku....
pambiwara
pranataadicara
MC
pranatasiswa
Ingkang kinurmatan Kepala SMPN 5 Sleman, ingkang kula kurmati bapak/ibu guru SMPN 5 Sleman, saha sedaya siswa ingkang bagya mulya. Ukara kasebut kalebu perangan pranatacara....
atur pamuji
atur pakurmatan
atur pangaksama
pangajab
Sumangga kula panjenengan tansah ngaturaken puji miwah syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang dumugi titi wanci punika tansah kepareng paring nugraha kawilujengan dhateng kula panjenengan sami. Ukara kasebut kalebu perangan pranatacara....
atur pakurmatan
atur pamuji
atur panuwun
atur pambagyaharja
Sumangga acara wonten ing siyang menika kita wiwiti kanthi waosan basmallah kula dherekaken. Andharan kasebut kalebu rantaman acara bab....
pambuka
panutup
pangandikan
wigatosing acara
Satemah ing titiwanci menika kula dalah panjenengan sami saged.....ing papan menika. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku.....
kempal manunggal
mlempak
makempal
angrawuhi
Ana ing sawijining acara kang baku kudu ana sing nata utawa ngatur lakuning acara supaya acara ora monoton lan njuwarehi. Paraga kang nduweni jejibahan nata lan nglantarake sawijining acara diwastani.....
pamedhar sabda
sesorah
hamengku gati
pranataadicara
Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....
Panata adicara
Pambagyaharja
Panata acara
Pambiwara
Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….
tut wuri handayani
adigang adigung adiguna
ajining raga gumantung saka busana
olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
Ingkang boten kalebet tembung sanesipun pranatacara inggih menika...
medhar sabda
pambyawara
pranata adicara
panata titi laksana
Ing ngisor iki, kang ora kalebu sarate dadi pranatacara yaiku...
olah swara
olah basa
olah busana
olah bawa
Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....
nutup adicara
nata lan nulis rantamane adicara
nata lakune adicara
maca adicara
Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo… .
artikulasi
lafal
wirama gendhing
intonasi
15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..
anteb saha manteb
tanggap swasana
pocapan cetha
jumeneng jejeg
Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….
Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi
Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.
Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab
Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan
Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut….
Basa alus
Basa kiasan
Basa paramasastra
Basa rinengga
Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….
atur pambagya
atur panuwun
atur panutup
atur panampi
Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...
andhap inggilipun swara boten namung ajeg
pilihaning tembung sae
busananipun sae, resik
solah bawa trapsila lan empan papan
