Font size
WorksheetsBahasa Jawa kelas 5 (pawarta)
Total questions: 50
Worksheet time: 38mins
Karangan sing isine nyritakake sawijining rerangken kedadeyan kanthi runtut adhedhasar urutan wektu, ana paragane, lan ana latar utawa setinge diarani ....
narasi
dheskripsi
eksposisi
argumentasi
Sing kalebu strukture teks narasi yaiku ....
Pambuka, isi, lan panutup
Orientasi, narasi, lan resolusi
Orientasi, komplikasi, lan resolusi
Narasi, eksposisi, lan orientasi
Panggonan kedadeyan sing diandarake jroning crita narasi diarani ....
setting
tema
paraga
amanat
Perangan crita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadeyan, lan papan panggenane diarani ....
orientasi
komplikasi
resolusi
eksposisi
Perangane crita kang mujudake kepriye anggone ngudhari reribet jroning kedadeyan. Resolusi biasane mapan ing mburu diarani ....
orientasi
komplikasi
resolusi
eksposisi
Perangane nganti tumekane pucuking kedadeyan utawa masalah diarani ....
orientasi
resolusi
komplikasi
eksposisi
Palaporan ngenani sakabehing kedadeyan kang lagi wae dumadi kang kapacak ing medhiya cetak utawa digiyarake lumantar medhiya elektronik diarani ....
geguritan
pawarta
tembang
lelagon
Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamirsa lumantar swara langsung diarani ....
lisan
wacan
tulisan
gagasan
Jinise pawarta sing wektu lan panggonan kedadeyan ora kena dipesthekake diarani pawarta ....
ndinan
lisan
dadakan
crita
Jinise pawarta sing ora dibatesi wektu lan panggonan, diwedharake mung kanggo hiburan diarani pawarta ....
ndinan
lisan
dadakan
crita
Pawarta sing durung dingerteni bener/lupute kedadeyan sing sabenere diarani ....
kabar manuk
kabar keluwarga
kabar bungah/susah
kabar nagara
Adhedhasar medhiya sing dienggo ngandharake, jinise pawarta diperang ....
politik, hukum, lan budaya
cithak lan elektronik
lokal, regional, lan nasional
ndinan, dadakan, lan crita
Adhedhasar iketene wektu lan panggonan, jinise pawarta diperang ....
politik, hukum, lan budaya
cithak lan elektronik
lokal, regional, lan nasional
ndinan, dadakan, lan crita
Adhedhasar lingkungan geografis, jinise pawarta diperang ....
politik, hukum, lan budaya
cithak, lan elektronik
lokal, regional, lan nasional
ndinan, dadakan, lan crita
Pitakonan sing paling cocok kanggo nakokake ngenani isine pawarta yaiku ....
Apa wae jinis medhiya kang bisa digunakake kanggo nulis pawarta?
Ing ngendi papan dununge kedadeyan kang ana jroning pawarta kasebut?
Geneya isine pawarta kuwi kok nganti telat anggone nulis ing majalah?
Apa sing diarani pawarta lokal, pawarta regional, lan pawarta nasional?
Gatekno crite narasi ing ngisor iki!
Wektu liburan sekolah wingi Siti diajak lan keluwargaku rekreasi menyang Tlaga Sarangan. Jam papat esuk kabeh keluwargaku wis padha tangi saperlu siyap-siyap arep nganakake rekreasi menyang Tlaga Sarangan.
Siti liburan menyang ....
Tlaga Sarangan
Kali Tlaga
Alun-alun Sarangan
Tlaga Semarang
Nulis pawarta iku kudu ana irah-irahan. Irah-irahan iku tegese ....
judhul
isi
pambuka
panutup
Wacanen kanthi setiti!
Alun-alun utawa taman kota iku lumrahe maggone ing tengah-tengan utawa punjering kutha utawa kabupaten. Ing sakiwa tengene alun-alun iku ana bangunan penting.
Lumrahe alun-alun iku manggon ing ....
satengahe kutha
saknjabane kutha
sapinggire kutha
papan sing sepi
Ing teks narasi ana para paraga kang diarani ....
tokoh
judul
panggonan
pamaca
Kahanan ing Tlaga Sarangan iku nengsemake banget.
Tembung "nengsemake" tegese ....
medeni
mbebayani
mbingungake
nyenengake
Bowo bocah sregep.
Kosok baline sregep yaiku ....
kesed
karep
kasep
kasad
Pak guru lagi nulis ing papan tulis.
Tembung nulis yen dikramakake ....
nyerat
nganggit
ngagem
ngasta
Andi Pengen Dados Dokter
Dokter enggih puniku wong sing pedamelane ngobati sing gering. Gelar dokter boten sembarangan wong antuk, tapi gelar dokter kedah ditempuh kelawan sekola ning kedokteran. Lamun kula sampun gede, kepengen dados dokter lantaran bangkit ngobati wong gering. Maka niku kula sembarang alit ayun belajar sungguh-sungguh supados bangkit meraih cita-cita lan bangkit nyenengaken wong tua.
Dokter berjuang demi ngobati wong gering. Lamun boten wenten dokter, wong sing gering niku susah ngobati penyakite. Maka kula pengen dados dokter supados bangkit ngebantu wong-wong sing gering.
Judul wacaan ning duhur enggih puniku .....
Dokter Andi
Andi Dados Dokter
Andi Tukang Dokter
Andi Pengen Dados Dokter
Negara kula dijajah sareng wong Belanda lambate 350 tahun. Alhamdulillah seniki sampun merdeka berkat jasane para ….
petani
pedagang
pahlawan
dokter
Lamun badan kula sedanten gering, kula kedah berobat ning ….
polisi
dokter
pilot
arsitek
Ibu nuwun sewu, menawi kepareng kula badhe matur. Ature Bayu marang ibune iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampur tembung krama diarani …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ayo diunjuk dhisik, mau saka sekolahan ta? Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …
Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.
Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.
Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.
Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.
Ing dina Selasa, Arin telat anggone mlebu kelas jalaran tangi kawanen. Kepriye anggone Arin matur marang Bu Guru kang wis miwiti pelajaran?
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran.
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pawiyatan.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pawiyatan.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawi kepareng kula badhe ndherek pawiyatan.
Nalika arep miwiti rapat karang taruna, Fahmi minangka ketua pemudha jaluk para anggotane supaya padha gatekake. Kepriye ature Fahmi menawa jaluk kawigaten para anggotane?
Kanca-kanca aja rame dhisik!
Kanca-kanca rungokna sedhela!
Kanca-kanca bisa meneng apa ora?
Kanca-kanca jaluk kawigatene anteng dhisik.
Nalika Bulik Asri kondur saka Bandung, Lintang entuk oleh-oleh peyem. Kepriye ature Lintang kang bener nalika ngandharake panuwun dhateng bulike?
Matur nuwun lik, tapi kok mung sethithik?
Matur nuwun lik, kula remen peyemipun.
Matur nuwun lik, sesuk tumbaske maneh.
Matur nuwun lik, sesuk meneh ya.
Nalika kowe dinyatakake munggah kelas VIII lan dadi juwara 1 ing kelas, Bu Rina minangka wali kelasmu ngucapake selamat kanggo kowe. Anggonmu caos wangsulan marang Bu Rina kang becik yaiku …
Matur nuwun Bu, menika sedaya awit donga pangestunipun Bu Rina.
Matur nuwun Bu, untung ingkang dados wali kelasipun Bu Rina.
Matur nuwun Bu, menika amargi kula mempeng anggene sinau.
Matur nuwun Bu, menika amargi kula boten tau bolos sekolah.
Wah swaramu apik tenan ndhuk! Pantes menawa kowe juwara nyanyi tingkat Provinsi. Ukara kasebut kalebu jinising ukara kang ngandharake …
nyuwun idin
pamuji/ngalem
narik kawigaten
pitepangan
Aksara Murda cacahe ana ....
8
7
6
5
Ngisor iki jenenge aksara murda
Na, Ka, Ta, Da, Pa, Nya, Ga, Ba.
Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba.
Na, Ka, Ta, Wa, Pa, Nya, Ga, Ba.
Na, Ka, Ta, La, Pa, Nya, Ga, Ba.
Aksara murda Na yaiku ....
Aksara murda Ka yaiku ....
Aksara murda Pa yaiku ....
Aksara murda Ga yaiku ....
Aksara murda Sa yaiku ....
Aksara murda Ta yaiku ....
Aksara murda Ba yaiku ....
Tatacara panulisane aksara murda yaiku ....
Aksara murda bisa diwenehi sandhangan
Aksara murda ora kena diwenehi sandhangan
Aksara murda kena kena dadi sesigeging wanda
Aksara Murda kena dipangku
Aksara Murda kasebut yen dialihkasara dadi aksara latin yaiku....
Prawiramartaya
Fajar Herman Santosa
Fajar Hermansyah
Fajar Hermawan Saputra
Sebutna jenis jenise pawarta!
Teks dheskripsi yaiku...
Sebutna jenis jenise teks !
5W + 1 H
Terangna apa maksud e tulisan ing nduwur !
Apa tegese kabar manuk?
