wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESMENT AKHIR SEMESTER 2 MATA PELAJARAN BAHASA JAWA

Total questions: 45

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Alun-Alun Ngawi kalebu salah sawijine alun-alun paling gedhe ing Jawa Wetan.

Alun-alun merdeka dadi kebanggaan warga Ngawi . Ing wektu iki alun-alun kang

diwenehi peparapan Alun-alun Merdeka iki lagi ndandani awake supaya endah yen

disawang. Mulai saka taman, area hotspot, jogging track, area dolanan bocah-bocah,

lan liyo liyane.

Paragraf ing ndhuwur iku kalebu sawijine teks . . . .

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

2.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.

Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks . . . .

a)

persuasi

b)

argumentasi

c)

deskripsi

d)

narasi

3.

Teks narasi yoiku teks kang sesuai urutan wektu. Langkah nggawe teks narasi kang wiwitan yoiku . . . .

a)

Ndhapuk para paraga

b)

Metepne sasaran pamacane

c)

Nemtokne tema lan amanat

d)

Mangerteni babagan aturan

4.

Soekarno ngucapake pidhato bab dhasar-dhasar Indonesia merdeka kang kasebut

Pancasila. Soekarno bebarengan karo Muhammad Hatta minangka wakil bangsa

Indonesia mroklamirake kemerdekaan Indonesia ing tanggal 17 Agustus 1945, bubar

iku Soekarno ditangkap walanda lan di asingake menyang Bengkulu tahun 1948.

Pungkasan Sukarno kalungguhake minangka Presiden Republik Indonesia.

Wacan ing ndhuwur kasebut kalebu jinise teks . . . .

(a)  

5.

Karangan kang ngandhut sawatara informasi lan ilmu kawruh kang disajekake kanthi

ringkes, mentes, lan akurat diarani teks . . . .

(a)  

6.

Teks deskripsi yoiku teks kang nggambarake sawijining babagan kanthi cetha lan rinci. Langkah pertama kanggo nyusun teks deskripsi yoiku . . . .

a)

Nemtokake tujuan olehe nggawe teks deskripsi

b)

Nemtokake utawa milih objek sing arep digawe teks

c)

Nglumpukake data lan rincian struktus teks.

d)

Nggawe kerangka tulisan lan ngembangake dadi teks utuh.

7.

"Klepon yaiku panganan tradisional wong jawa kang digawe saka glepung beras ketan

kang awujud bunder mblondo kang duweni ukuran kaya dene dolanan bocah. Klepon

biasane warnane ijo, nanging ana uga sing abang, lan ora ana warnane.

Rasane legi amarga ing tengah ana isine arupa gula jawa cair, dadi pas dipangan

rasane maknyus. Teksture lembut, lan nang bagian njabane ana klapa parut kang

nambahi cita rasa saka klepon iki."

Paragraf ing ndhuwur iku kalebu jinise teks . . . .

(a)  

8.

Teks deskripsi yoiku teks kang nggambarake sawijining babagan kanthi cetha lan rinci. Salah sijine titikane teks deskripsi yoiku . . . .

a)

Ora nggunakake majas kanggo nggambarake objek.

b)

Nggunakake ukara kang ora rinci kanggo nggambarake objek

c)

Nggunakake ukara umum kanggo nggambarake objek.

d)

Nggunakake tembung khusus kanggo nggambarake objek.

9.

Teks narasi yoiku teks kang kadadeyan ing rerangken sawijine urutan wektu. Struktur teks narasi iku dumadi saka patang perangan ing antarane . . .

a)

Pasulayan

b)

Pitepungan

c)

pamulihan

d)

pamungkas

10.

Teks kang isine wujud pangajak/ pambujuk alus marang pamaos, supaya pamaos gelem nindakake apa kang dadi karepe pangripta ingaranan teks . . . .

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

11.

Sawijine teks kang isi tulisane nyatakake panemu, gagasan utawa ide pangripta kang asipat ngyakinake pamaos ngenani sawijine bab ingaranan teks . . . .

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

12.

Pawarta yaiku teks kang wujude laporan ngenani kedadeyan kang lagi dumadi. Ukara ing ngisor iki tuladhane teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane . . . .

a)

Gunung Kelud njeblug ing tanggal 14 pebruari 2014

b)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

c)

Banjir bandang wingi sore dinuga amarga alas kulon kae gundul

d)

Ibu seneng banget dina iki

13.

Panyandra duwe teges unen-unen saemper pepindhan warna. Sing dicandra kaya gedebog iku apane ?

a)

abote

b)

adheme

c)

antepe

d)

anyepe

14.

Panyandra ngemu teges unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Untune miji timun, iki mengku karep wangun untune racak kaya . . . .

a)

kulite mentimun

b)

woh metimun

c)

isine mentimun

d)

wite mentimun

15.

Panyandra ngemu teges unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Sinta iku bacahe ayu, alise . . . .

a)

nawon kemit

b)

blalak-blalak

c)

miji timun

d)

nanggal sepisan

16.

Pepindhan iku unen-unen kang mindhakake barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng. Rukune kaya . . . .

a)

satru

b)

gagak reraton

c)

mimi lan mintuna

d)

podhang reraton

17.

Swarane bledheg wingi kae kaya...

Tembung pepindhan sing bener kanggo ngganepi ukara iki . . . .

a)

Mbelah-mbelahna bumi

b)

Mecah-mecahna gundul

c)

Ngagetake jantung

d)

Mbudekake kuping

18.

Panyandra ngemu teges unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Dio lan Dino angger ketemu kaya banyu karo lenga, pepindhan iku duwe teges . . . .

a)

cedak banget

b)

juweh banget

c)

ora bisa rukun

d)

rukun

19.

Parikan iku ingarane pantun ing basa Indonesia. Pambukane parikan iku manggon ing ngendi ?

a)

gatra siji

b)

gatra loro

c)

ukura kapisan

d)

ukara kapindho

20.

Gatekna parikan ing ngisor !

Wedang bubuk, gula tebu.

..........................................................

Bacute parikan kasebut, yaiku . . . .

a)

yen ngantuk, ndang turu kana

b)

kowe ngantuk, ndang turua

c)

mata ngantuk, njaluk turu

d)

wayahe ngantuk, adhik njaluk merem

21.

Nalika godok banyu, Mita ora sengojo ndemok pancine sing iseh panas. Deskripsi iki bisa ditampa perang pancadriya perangan . . . .

(a)  

22.

Wit pari katon ijo royo-royo, banyune gumrojok saka kalenan. Swarane kodok pating theot. Sawetara walang padha mencok ing godhong pari.

Deskripsi iki bisa ditampa perang panca driya perangan . . . .

a)

Blumbang

b)

Kebon

c)

Laut

d)

Sawah

23.

Wayah awan angina semilir adhem, ndadak angine nggawa gandane lele digoreng. Wacan deskripsi iki nyritakake samubarang sing bisa dirasakake liwat . . . lan . . .

a)

Kuping lan sirah

b)

Kulit lan mripat

c)

Mripat lan tangan

d)

Irung lan kulit

24.

Saben liwat tanduran sinawang ijo . . . .

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

25.

Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.

Tembung sing klebu panyendhu yaiku . . . .

(a)  

26.

Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur.

...................................................................................................................

Bacute parikan kasebut, yaiku . . . . .

a)

Kembang kencur, andhinge sumur

b)

Sapa sregep, bakal penak

c)

kencur-kencur, dudu kembang

d)

kudu jujur, yen kowe kepingin luhur

27.

Wayang duweni arti bayangan. Wayang kang paragane migunakake topeng diarani wayang . . . .

(a)  

28.

Wayang Babone crita wayang iku saka buku . . . .

a)

Ramayana

b)

Mahabarata

c)

Baratayuda

d)

Ramayana lan Mahabarata

29.

Crito Ramayana asale soko India. Sing ngarang buku Ramayana yaiku . . . .

a)

Empu Walmiki

b)

Empu Wiyasa

c)

Empu Sedah

d)

Empu Sedah lan Empu Panuluh

30.

Empu Wiyasa iku pujangga kang ngarang buku . . . .

a)

Ramayana

b)

Mahabarata

c)

Baratayuda

d)

Anoman Obong

31.

Wayang kang paragane diperanake dening pawongan diarani wayang . . . .

a)

golek

b)

wong

c)

purwa

d)

topeng

32.

Omahku ana ing ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tanduran sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi.

Miturut wacan ing duwur, latar kang ora pati jembar iso ditanduri . . . .

(a)  

33.

Unsur instrinsik crita wayang dumadi saka . . . . ( jawaban luwih soko siji )

a)

crita

b)

alur

c)

tema

d)

dongeng

34.

Aksara jawa legena iku sinebut uga carakan jawa. Cacahe aksara jawa ana . . . .

a)

18

b)

19

c)

20

d)

21

35.

Sandhangan aksara jawa kaperang dadi telung klompok, yaiku sandhangan . . . . ( jawaban luwih soko siji )

a)

swara

b)

panyigeg wanda

c)

wulu

d)

wyanjana

36.

Aksara kasebut yaiku . . . .

a)

ma

b)

ga

c)

ba

d)

tha

37.

Pasangan aksara jawa sing manggone ana ing jejere aksara cacahe ana . . . .

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

38.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku . . . .

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

39.

Tembung kasebut wacane . . . .

(a)  

40.

iki pasangan aksara

(a)  

41.

Wujude pasangan aksara pa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

42.

Iki pasangan aksara . . . .

a)

ba

b)

ca

c)

da

d)

pa

43.

Tembung kasebut nggunakake sandhangan . . . .

a)

wulu

b)

taling

c)

suku

d)

taling tarung

44.

sandhangan kanggo menehi " r " mati ana ing aksara migunakake sandhangan ....

a)

b)

c)

d)

45.

Sandhangan iku kanggo nulis . . . .

a)

a

b)

o

c)

u

d)

e