Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Novel Berbahasa Jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 48mins

Name
Class
Date
1.

unsur kang katon yaiku ....

a)

latar

b)

alur

c)

sudhut pandhang

d)

tema

e)

wewatek

2.

"weruh kahanan ing kurang ajar mau, sekala aku muntab nepsuku. Tanganku terus ngepel marani. ora saranta tanganku terus kumlawe nibani raine nomnoman mau."

wewatek paraga sajroning teks ing dhuwur yaiku ....

a)

jirih

b)

sabar

c)

wani

d)

sangar

e)

pinter

3.

Watake Darmono yaiku…

a)

Legawa marang wong tuwa

b)

Sabar marang wong tuwa

c)

Manut marang wong tuwa

d)

Seneng ketulung

e)

Wani marang wong tuwa

4.

sing diarani novel yaiku

a)

karya sastra awujud prosa kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

b)

crita cekak kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

c)

karya sastra awujud prosa kang dicritakke kanthi ke dawa-dawa

d)

karya sastra kang awujud kidung

e)

karya sastra sing critane ora bakal iso tamat

5.

kang kalebu tuladhane novel yaiku

a)

ngulandara

b)

kumpule balung pisah

c)

anak langit

d)

kumandang katresnan

e)

tukang bubur naik haji

6.

novel kang isine ana gegayutane karo cara ngudhari prastawa, kalebu jinishing novel

a)

mite

b)

horor

c)

detektif

d)

komedi

e)

kriminal

7.

Satunggal dinten wonten oto mogok ing satunggaling bulak, kaprenah sangandhaping dhusun Kledung. Wonten 3 priyayi ing salebeting oto wau. Raden Bei asisten, Raden Ayu Asisten saha Raden Ajeng Tien. Sawatawis radi dangu nengga pitulungan lajeng wonten oto sanes mandheg ing sawingkingipun ingkang dipun sopiri dening Rapingun. Boten let suwe oto wau sampun saged dipunstater malih.

Cekakipun cariyos Rapingun ingkang waunipun dados sopiripun Nyonyah Hien, lajeng piyambakipun dados sopir Raden Bei Asisten ing ndalem ngasistenan Ngadirejo. Mlampah setunggal wulan anggenipun Rapingun tumut Raden Bei Asisten. Rapingun dipun anggep kadosta putranipun kiyambak dening Raden Bei.

Sejatosipun Rapingun menika turunan saking tiyang ingkang mulya. nama aslinipun R.M Sutanto. Ananging piyambakipun ngulandara wonten ing pundi pundi.


Saka isine sinopsis ing dhuwur ,bisa diarani nduwe unsur ekstrinsik yaiku ...

a)

nilai ekonomi

b)

nilai pendidikan

c)

nilai sosial

d)

nilai agama

e)

nilai moral

8.

Ing ngisor iki kang dadi tegese alur yaiku ...

a)

Gagasan baku kanggo landhasan nganggit crita kang dijupuk saka pengalaman, panaliten, gagasan utawa pangangen-angen

b)

Katrangan papan, wektu,lan swasana kadadeyan

c)

Lakuning crita saka wiwitan nganti pungkasan. Jinise yaiku maju, mundur, lan campuran

d)

Sipat utawa wewatekane para paraga

e)

Irah-irahaning kang dadi punjering crita

9.

Kang ora kalebu titikane novel yaiku, kajaba ...

a)

Paraga lan watak paraga bisa akeh

b)

Duweni alur/plot kang ora kompleks

c)

Tema ing novel mung siji

d)

Jumlahe kaca(halaman) kurang saka 20 kaca

e)

Cacahe tembung kurang saka sewu tembung

10.

Saka pethikan novel kasebut bisa katemokake sub bab tema ...

a)

Kadurkaan

b)

Panglipur

c)

Kuciwa

d)

Tresna Asih

e)

Angkara

11.

"bareng nembe oleh setahun, ibuku anjar malih sipate. Katresnane menyang aku ilang, malih dadi sengit, lan kadangkala wani nangani aku"

tema kang kaandhut sajroning pethikan novel yaiku....

a)

katresnan

b)

kulawarga

c)

pendhidhikan

d)

sosial

e)

ekonomi

12.

gegayutan antar prastawa kang nduweni sipat sebab akibat lan runtut utawa kronologis crita diarani....

a)

amanat

b)

paraga

c)

sudhut pandhang

d)

irah-irahan

e)

alur

13.

ing ngisor iki klebu latar panggonan yaiku....

a)

angin wus sumilir

b)

lintang ing tawang

c)

kriwikan manuk

d)

gedhong

e)

peteng njekut

14.

crita kang njlentrehake kedadeyan kepungkur gunakake alur ....

a)

mundur

b)

maju

c)

campuran

d)

ngarep

e)

mburi

15.

posisi panganggit nglungguhake paraga punjer ing critane diarani ....

a)

wewatek

b)

alur

c)

sudhut pandhang

d)

amanat

e)

latar

16.

Katon gedhe agung merbawani. Menawa cinandra kaya makhota ratu kang kebak sesotya manik. Disawang saka sisih wetan njegreg dhuwur kaya nyundhul langit. Apamaneh menawa wanci esuk katon endah kinemulan mega putih. Dene ing wanci sore kaya dadi papan paturone sang bagaskara. Pancen endah milangoni Gunung Lawu kang kebak wadi kuwi.

Nilai ingkang kakandhut wonten ing pethikan novel inggih menika ….

a)

sosial

b)

hedorik

c)

latar

d)

kultural

e)

Gaya bahasa

17.

Ing Basa Jawa, kalimat iku diarani ... .

a)

tembung

b)

ukara

c)

gatra

d)

pada

18.

tembung kramane sirah

a)

rikma

b)

mustaka

c)

paningal

d)

suca

19.

tembung kramane mripat

a)

paningal

b)

rikma

c)

suca

d)

talingan

20.

panjenengan sampun dhahar?

a)

nggih kula sampun dhahar

b)

nggih kula sampun nedha

c)

nggih kula sampun maem

d)

nggih kula sampun mangan

21.

simbah (maca) koran

a)

maca

b)

maos

c)

mirsani

d)

ningali

22.

bu guru (gawa) buku

a)

nggawa

b)

mbekta

c)

ngasta

d)

njinjing

23.

kula saweg (mangan) bapak saweg (mangan)

a)

dhahar; dhahar

b)

maem; dhahar

c)

nedha; dhahar

d)

maem; nedha

24.

aku (nggawa klambi)

a)

ngasta klambi

b)

bekta rasukan

c)

bekta ageman

d)

nggawa ageman

25.

basa kramane TUKU

a)

tumbas

b)

nyilih

c)

mundhut

d)

jajan

26.

jenengmu sapa le?

a)

nami kula Adi

b)

asma kula Adi

c)

jeneng kula Adi

d)

namaku Adi

27.

piye anggonmu pamit mangkat sekolah?

a)

bu aku pamit budhal sekolah yo?

b)

bu kula pamit tindak sekolahan

c)

bu kula badhe nyuwun pamit bidhal sekolah

d)

bu kula njaluk pamit menyang sekolah

28.

bapak lagi (lunga)

a)

kesah

b)

tindak

c)

lunga

d)

medal

29.

pakdhe (numpak) motor

a)

numpak

b)

nitih

c)

nganggo

d)

nunggang

30.

Kula dikon simbah tumbas gendhis. tembung dikon benere yaiku ....

a)

diaturi

b)

dipunaturi

c)

dipundhawuhi

d)

diken

31.

Omahe budhe wonten Semarang. tembung omahe benere ....

a)

daleme

b)

dalemipun

c)

griyanipun

d)

griyane

32.

Ashila dereng saged turu. tembung turu benere yaiku .....

a)

sare

b)

tilem

c)

nyipeng

d)

molor

33.

Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko biasa

d)

ngoko umum

34.

Tembung dhadha kramane ...

a)

jangga

b)

waja

c)

soca

d)

jaja

35.

Ingkang mboten kalebet unsur novel

a)

Pitutur

b)

Setting

c)

Alur

d)

Nilai Novel

36.

Urut-urutane dalane crita kang bener, yaiku . . . .

a)

pitepungan, oleh dalan, konflik, klimaks, rampung

b)

oleh dalan, pitepungan, konflik, klimaks, rampung

c)

oleh dalan, konflik, klimaks, pitepungan, rampung

d)

pitepungan, konflik, klimaks, oleh dalan, rampung

e)

konflik, klimaks, pitepungan, oleh dalan, rampung

37.

Iing ngisor iki kang ora kalebu titikane novel yaiku ...

a)

alur-e/ reroncene ora mung siji/ plot

b)

watake paraga digambarake kanthi cetha

c)

konflik/ derdah njalari owahing nasib paraga

d)

asipat reka-reka (fiktif)/ karangan

e)

mung siji prastawa (kedadeyan) kang dadi dalaning crita

38.

Novel yaiku karangan dawa awujud prosa lan ngandhut rerangkening crita uripe wong karo wong liya ing lingkungan kanthi nyorot karakter lan watak saben aktor

a)

Leres

b)

Lepat

39.

Kanggo menehi arahan lan piwulang marang pamaos kanthi nuduhake nilai-nilai kabecikan uga kasaenan, kalebu ...

a)

fungsi rekreatif

b)

fungsi didaktif

c)

fungsi moralitas

d)

fungsi religius

e)

fungsi estetis

40.

jinise novel adhedhasar critane, yaiku ...

a)

remaja, chicklit, songlit, lan dewasa

b)

romantis, misteri, komedi, horor, lan inspiratif

c)

fiksi lan non fiksi

41.

jinise novel adhedhasar isine novel lan paraga kang dicritakake, yaiku ...

a)

remaja, chicklit, songlit, lan dewasa

b)

romantis, misteri, komedi, horor, lan inspiratif

c)

fiksi lan non fiksi

42.

Tegese novel miturut H. B. Jasin ...

a)

Novel iku kadadean kang luar biasa ing uripe masarakat, wong, sing luar biasa amarga kadadean iki munculake konflik, perselisihan, kang mbabaraken konflik ngalihake nasib

b)

Novel yaiku wacan kang kalebu crita narasi lan isine nyritakake kadadeyan utawa prastawa, bisa nyata utawa fiktif kang dilakoni paraga kanthi urutan wektu tinemtu

c)

Novel yaiku karangan dawa awujud prosa lan ngandhut rerangkening crita uripe wong karo wong liya ing lingkungan kanthi nyorot karakter lan watak saben a

43.

Kanggo maringi kawruh ing pamaos satemah pamaos saged mangerto babagan nilai moral kang sae utawa awon saking karakter saben paraga. Kang mangkono diarani ...

a)

fungsi rekreatif

b)

fungsi didaktif

c)

fungsi moralitas

d)

fungsi religius

e)

fungsi estetis

44.

Unsur kang mbangun karya sastra iku dhewe, diarani

a)

unsur instrinsik

b)

unsur ekstrinsik

45.

Urutan kadadean sing terus-terusan, nyambungake crita adhedhasar sebab lan akibat, karo kadadean sing terus dadi crita, diarani ...

a)

underan

b)

alur

c)

sudut pandang

d)

paraga

e)

pitutur

46.

Wong sing digambarake ing karya narasi, utawa drama, sing diwaca diinterpretasikake nduweni kwalitas lan tendensi moral tartamtu kayata diungkapake ing wicara lan apa sing ditindakake ing tumindak, diarani ...

a)

underan

b)

alur

c)

sudut pandang

d)

paraga

e)

pitutur

47.

jinise alur ...

a)

protagonis, antagonis, tritagonis

b)

progresif, protagonis, campuran

c)

progresif, regresif, protagonis

d)

progresif, regresif, campuran

e)

protagonis, regresif, campuran

48.

jinise paraga...

a)

protagonis, antagonis, tritagonis

b)

progresif, protagonis, campuran

c)

progresif, regresif, protagonis

d)

progresif, regresif, campuran

e)

protagonis, regresif, campuran

49.

Kalungguhane pengarang ana sajroning crita, lan dadi paraga utama.

a)

Wong/purusa kapisan (paraga utama)

b)

Wong/purusa katelu (paraga ka-telu )

c)

Wong purusa sarwa ngerti

50.

Kalungguhane pengarang ana sajroning crita, lan dadi paraga tritagonis, lan nyritakake paraga utama.

a)

Wong/purusa kapisan (paraga utama)

b)

Wong/purusa katelu (paraga ka-telu )

c)

Wong purusa sarwa ngerti