NEW
Font size
WorksheetsASAT Basa Jawa kelas 12
Total questions: 48
Worksheet time: 29mins
“Mengko sore tekaa menyang omahku”
yen disalini nganggo basa karma alus dadine …
Mengke sonten mang teng nggen kula
Mangke sonten panjenengan kula suwun rawuh dhateng dalem kula
Mangke sonten panjenengan kula suwun rawuh dhateng griya kula
Mangke sonten sampeyan kula suwun rawuh dhateng dalem kula
Mangke sonten sampeyan rawuh teng nggen kula nggih
Rebutan samubarang kang tanpa guna, iku paribasane …
Nglungguhi klasa gumelar
Rebut balung tanpa isi
Kriwikan dadi grojogan
Arep nangkane emoh pilute
Arep jamure emoh watange
Anak lumrahe bebudene memper wong tuwane, iku paribasane …
Kebat kliwat gancang pincang
Kaduk wani kurang deduga
Kalah cacak menang cacak
Kadang konang
Kacang mangsa ninggal lanjaran
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus kang trep yaiku …
Bapak kesah dhateng Jakarta
Kula nembe rawuh kala wau enjing
Budhe nembe gerah paningalipun
Ibu tumbas sarem dhateng warung
Kula mundhut gendhis dhateng peken
Tembung-tembung ing ngisor iki menawa katulis ing aksara Jawa migunakake sandhangan suku yaiku...
Mlaku
Akik
Serbet
Kopi
Sendok
Aturanae nulis aksara murda yaiku …
Saben satembung cukup siji wae sing ditulis nganggo aksara murda
Ora oleh diwenehi sandhangan
Aksara murda ora bisa dadi pasangan
Aksara murda bisa dadi panyigeging wanda
Aksara murda ora bisa satembung kalih aksara swara
Tembung-tembung ing ngisor iki menawa katulis ing aksara Jawa migunakake sandhangan taling tarung yaiku...
Kolak
Katul
Kasep
Reget
Banjur
Tembung-tembung ing ngisor iki menawa katulis ing aksara Jawa migunakake nga lelet yaiku...
Laler
Lare
Cecak
Segara
Burek
Paugeran tembang macapat antarane kaiket dening guru wilangan.
Apa kang diarani guru wilangan iku...
Tibaning swara ing pungkasaning gatra
Tibaning swara ing pungkasane pada
Cacahing larik saben sapada
Cacahing wanda saben sapada
Cacahing wanda saben sagatra
Cacahing larik tembang saben sapada diarani …
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru sastra
Tembang macapat kang nduweni gatra 10, yaiku...
pangkur
gambuh
dhandhanggula
maskumambang
asmaradan
Tembang macapat kang nggambarake kanoman minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akeh...
Sinom
Mijil
Maskumambang
Pocung
Asmaradana
Tata krama cak-cakaning basa Jawi
Jroning Pasrawungan
Tinata ywa nganti sisip
Antarane ngoko krama
manut paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
cakepan tembang kasebut kelebu tembang macapat ....
Pangkur
Sinom
Gambuh
Maskumambang
Mijil
Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot cacahing larik saben sapada yaiku......
guru sastra
harga basa
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
Ibu bapak badhe tindak haji malih.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kula niki nembe dugi lan dereng nedha sekul.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Wacanen tulisan Jawa iki!
꧋ꦠꦸꦏꦸꦠꦲꦸ꧉
tuku alu
tuku tahu
tuku luku
tuku watu
tuku sewu
Aksara mahaprana iki uga diarani ....
aksara murda
aksara swara
aksara rekan
angka Jawa
aksara pasangan
Gunane aksara swara yaiku kanggo ....
Kanggo nulis konsonan basa manca
Kanggo nulis aksara mahaprana
Kanggo miwiti nulis jeneng
Kanggo nulis basa anyar
Kanggo nulis aksara vokal basa manca.
Ngisor iki carane nulis angka Jawa kang pener, yaiku ....
꧑꧒
꧕꧗꧇
꧉꧔꧕꧉
꧋꧖꧗꧉
꧇꧑꧐꧇
Carane nulis tembung lêmu
꧋ꦊꦩꦸ꧉
꧋ꦭꦩꦸ꧉
꧋ꦲꦼꦩꦸ꧉
꧋ꦭꦺꦩꦸ꧉
꧋ꦭꦼꦩ꧀ꦩꦸ꧉
Tulisan Jawa iki wacane apa?
꧋ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ꦫꦸꦧꦸꦃꦉꦩꦸꦏ꧀꧈
kreteg rubuh pamuk
krêtêg rubuh rêmuk.
Krêtêg rubuh rêmuk
Keteg rubuh remuk.
Krêteg rubuh remuk
Unggah-ungguh basa Jawa yaiku tata cara utawa sistem gunakake basa Jawa kang leres lan laras sesambetan karo ....
Wekdal/Wektu
Pamicara
Lanang/wadon
sing ayu dhewe
Ing ngisor iki kang ora klebu jinising ragam basa ing unggah-ungguh basa yaiku...
Krama Alus
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Biasa
Ragam basa kang digunakake kanggo matur karo kanca sapantaran lan sampun tepang utawa akrab yaiku...
Ngoko Lugu
Ngoko Kasar
Krama Lugu
Krama Alus
Ragam basa kang digunakake kanggo wong tua kang arep ngendika karo cah enom yaiku…
Krama alus
Krama lugu
Ngoko alus
Ngoko lugu
“Aku wingi ngombe es mula dina iki watuk”
Ukara iki menawa ana ing unggah ungguh basa bisa klebu ragam basa apa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ragam basa jawa kang kabeh tembung gunakake krama lan ora ana campuran ngoko utawa madya yaiku...
Krama lugu
Krama alus
Ngoko alus
Krama ndesa
Jinis ragam basa kang nduweni titikan yaiku ater-ater lan panambang ora prelu diganti krama, nanging wasesa dadi krama yaiku...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
“Pak Lukita sajane gerah apa ta Yu? Kok sesasi pisan tindak rumah sakit”
Miturut unggah-ungguh basa Jawa, ukara ing ndhuwur iku klebu ragam basa apa….
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Rusman : Assalamuallaikum wr wb, kula nuwun pak badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?
Pak Darno : Waalaikumsalam iya le, Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?
Rusman : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.
Pak Darno : Ooo ya le, kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.
Rusman : Inggih pak menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih pak. Matur nuwun wasalamuallaikum
Pak Darno : Ya le, ati ati ya
Miturut pacelathon ing nduwur Rusman anggone matur karo Pak Darno gunakake ragam basa apa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?
Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?
Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti
Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?
Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?
Tika : ............................................................
Pacelathon kang ana ing ndhuwur iku gunakake ragam basa apa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?
Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?
Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti
Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?
Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?
Tika : ............................................................
Ukara kang trep kanggo ngisi wangsulane paraga Tika yaiku...
Dalemku Banyuagung
Dalem kula Banyuagung
Griyaku Banyu agung
Griya kula Banyuagung
“Menawi kepengin boten gampil …. kita kedah njaga imunitas lan …. Vitamin”
Coba pilihen tembung kang leres kanggo jangkepi ukara ing nduwur yaiku…
Lara, ngombe
Lara, ngunjuk
Gerah, ngombe
Gerah, ngunjuk
“Kala wingi Bu Suminem priksa dhateng dokter banjur ….. asam lambung inggil mula …. kraos senep lan boten kepenak”
Coba tembung kang leres kanggo jengkepi ukura ing ndhuwur yaiku…
Sanjangipun, padharan
Sanjangipun, weteng
Sanjange, padharan
Sanjange, weteng
Drajat : Nyuwun pangapunten Pak Sujiwo kula badhe (1)...... kelas amarga samenika (2)...... mumet. Kula badhe (3)...... UKS
Pak Sujiwo : Ooo ya mas mangga
Drajat : Matur nuwun Pak
Tembung kang trep kanggo jangkepi tandha titik angka (1) yaiku
Lunga
Metu
Minggat
Medal
Drajat : Nyuwun pangapunten Pak Sujiwo kula badhe (1)...... kelas amarga samenika (2)...... mumet. Kula badhe (3)...... UKS
Pak Sujiwo : Ooo ya mas mangga
Drajat : Matur nuwun Pak
Tembung kang trep kanggo jangkepi tandha titik angka (2) yaiku....
Sakit
Gerah
Padharan
Mustaka
Drajat : Nyuwun pangapunten Pak Sujiwo kula badhe (1)...... kelas amarga samenika (2)...... mumet. Kula badhe (3)...... UKS
Pak Sujiwo : Ooo ya mas mangga
Drajat : Matur nuwun Pak
Tembung kang trep kanggo jangkepi tandha titik angka (3) yaiku....
Dhateng
Menyang
Ning
Dolan
Miturut gambar pacelathon kang trep kanggo kahanan iku yaiku gunakake ragam basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Tembang macapat klebu tembang …
gedhe
tengahan
alit
macapat
dolanan
Tembang macapat cacahe ana …
13
11
12
15
17
Tembang macapat bisa ditegesi "maca" tembang kang medhote ....
telu telu
papat papat
siji siji
lima lima
Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ....
ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae.
beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.
Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .
ragam ngoko alus lan ragam krama inggil
ragam ngoko lan ragam krama
ragam krama lugu lan ragam karma inggil
ragam ngoko lan krama inggil
ragam krama alus lan krama inggil
Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ... .
rumaket
ngajeni
guyonan
penting
mirunggan
Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama
krama lugu
krama inggil
Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... .
kasar lan rumaket
luwih gampang cak-cakane
alus lan nduweni surasa luwih ngajeni
lugu lan kurang ngajeni liyan
endhek tataran undha-usuke
Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
