WorksheetsPTS B JAWA KLS 9 2022/2023
Total questions: 21
Worksheet time: 25mins
Crita wayang Anoman Duta kuwi kajupuk saka salah sijining babon crita wayang yaiku ....
Mahabharata
Pandhawa
Ramayana
Ngalengka
Dutane Ramawijaya yaiku ....
Sugriwa
Rahwana
Anoman
Dewi Sinta
Kang kalebu paraga protagonis ing crita Anoman Duta yaiku ....
Rama, Rahwana, Dewi Sinta
Anoman, Dasamuka
Rama, prajurit Alengkadiraja
Anoman, Laksmana
Penggalihe Sinta seneng campur gumun, ana kewan apik minangka klangenane, mula enggal-enggal dicedhaki. Ora ngertia, kidang kencana iku minangka penjelmaan Rahwana.
kang nyamar dadi kidang kencana yaiku ...
Rahwana utawa Rama
Rahwana utawa Dasamuka
Anoman utawa Rahwana
Rama lan Rahwana
Kang minangka wujude paraga Anoman yaiku ....
Anoman dadi dutaning Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang Dewi Sinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman banjur bali. Nanging konangan prajurit lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana.
Kepriye kahanane anoman sawise konangan dening prajurit manut teks kasebut?
dirangket banjur diobong
dirangket banjur diukum penjara
disowanake Prabu Rahwana lan diobong
dirangket lan disowanake Prabu Rahwana
Amanat kang bisa dijupuk saka paraga Anoman yaiku ....
dadi wong kudu sabar lan waspada
dadi wong kudu bisa mabur supaya bisa ngalahake musuh
dadi wong kangora wedi paukuman lan ora gigrik marang bebener
dadi wong kang bisa ngendhaleni hawa nepsu
Ing ngisor iki kang ora kalebu tembang macapat yaiku ....
Dandanggula
Gambuh
Gambang Suling
Asmaradana
Serat Wulangreh iku kalebu asiling kasusastran Jawa kang wus kawentar amarga ngemot pitutur luhur. Kang nganggit serat Wulangreh yaiku ....
Kanjeng Sunan Pakubuwana IV
Kanjeng Sunan Pakubuwana VI
Pakualam IV
Pakualam VI
Tembung sasmita ing baris kapisan tembang kasebut tegese ....
ati
pralambang
manungsa
pitutur
Pamedare wasitaning ati/
cumanthaka aniri pujangga/
dhahat mudha ing batine/
nanging kedah ginunggung/
datan wruh yen akeh ngesemi/
ameksa angrumpaka/
basa kang kalantur/
tutur kang katula-tula/
tinalaten rinuruh kalawan ririh/
mrih padhanging sasmita//
Guru wilangan tembang dandanggula gatra ka-5 yaiku ....
10i
9i
7a
8a
Pamedare wasitaning ati/
cumanthaka aniru pujangga/
dhahat mudha ing batine/
nanging kedah ginunggung/
datan wruh yen akeh ngesemi/
ameksa angrumpaka/
basa kang kalantur/
tutur kang katula-tula/
tinalaten rinuruh kalawan ririh/
mrih padhanging sasmita
Tegese tembung wasita ing gatra kapisan yaiku ....
ati
pratandha
pitutur, piweling
sabar
Sasmitaning ngaurip puniki/
apan ewuh yen nora weruha/
tan jumeneng ing uripe/
akeh kang ngaku-aku/
pangrasane sampun udani/
tur durung wruh ing rasa/
rasa kang satuhu/
rasaning rasa punika/
upayanen darapon sampurna ugi/
ing kauripanira//
Apa isine tembang dandanggula kasebut?
Tandha utawa pralambang urip supaya dimangerteni supaya duwe rasa pangrasa sejati kanggo kasampurnan urip
menawa kepengin golek kasampurnan urip, kudu golek guru
Goleka guru kang bener, utawa guru kang dhuwur martabate, sregep ngibadah
wong golek ngelmu kudu nggatekake patang prakara
Kang diarani guru wilangan yaiku ....
Cacahing baris saben sabaid tembang
cacahing wanda saben sagatra tembang
tibaning swara ing akhiring baris
Cacahing baid saben sapupuh tembang
Tibaning swara (a,i,u,e,o) ing akhir baris tembang diarani....
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
guru basa
Watake tembang macapat Dhandhanggula, yaiku ....
galak
aweh pitutur
lucu
welas asih, ngresepake
Ing ngisor iki tembung kang ora migunakake aksara swara yaiku ....
Tuladha panganggone aksara rekan yaiku ...
Ambarawa
transmigrasi
zakat fitrah
pramugari
Tembung 'nganggo sandhal' migunakake pasangan ....
nga
ga
na
dha
Tembung kasebut yen ditulis latin ....
tembang macapat
timbang nganggur
tembang gambuh
tembang gambang
Tulisen kanthi ringkes isine crita Anoman Duta kang wis kongerteni!
