NEW
Font size
WorksheetsPTS BAHASA JAWA SEMESTER GANJIL 2022-2023
Total questions: 30
Worksheet time: 45mins
Aksara ingkang trep kangge njangkepi tabel ing ngandhap menika…
Sandhangan ing ngandhap menika dipunwastani...
Taling Tarung
wulu
suku
pepet
wignyan
Wonten ing ngandap wujud saking pasangan aksara NYA inggih menika…
Sandhangan panjing swara re yaiku...
Leres sanget menawi sinerat. Seratan aksara Jawa saking tembung menika antawisipun …
Kula prigel nyerat aksara Jawa. Ukara menika menawi dipunserat ngangge aksara Jawa inggih menika …
“...kula aturaken gunging panuwun awit kerawuhan bapak saha ibu wonten ing adicara menika”. Tembung kerawuhan menika klentu amargi tegesipun kesurupan. Tembung kerawuhan langkung sae bilih dipungantos kanthi...
Karawuhan
Rawuhing
Rawuh
Rawuhe
Para rawuh
1. “....puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi awit, dinten menika kita saged makempal ing papan menika....”.
Tembung makempal menika boten trep bilih dipundeleh wonten ing ukara menika amargi tegesipun ‘raos seneng tiyang jaler kaliyan estri ingkang sampun palakrama’, pramila langkung sae makempal dipungantos tembung...
Kumpul
kempal
kempal manunggal
manunggal
srawung
1. “.....saha para rencang sedaya ingkang bagya mulya....” tembung rencang tegesipun ‘pembantu’. Pramila saenipun dipungantos kanthi tembung...
Kanca
Bala
Bocah
Prakanca
Wadyabala
Greget, sawiji, sengguh ora mingkuh. Menawi dipunserta mawi aksara Jawa inggih menika…
Tata pranataning basa miturut tata krama dipunsebat…
Solah Bawa
Tata Ukara
Tata Krama
Unggah-Ungguh
Kundha Basa
Undha usuk inggih menika tingkataning basa miturut lenggahing tata krama. wonten ing ngandhap menika jenis-jenis undha usuk basa, kejawi...
Basa Ngoko Lugu
Basa Ngoko Alus
Basa Ngoko Inggil
Basa Krama Alus
Basa Krama Inggil
Panganggenipun basa krama ingkang trep inggih menika…
Simbah tumrap wayahipun
Kangge basa panguda rasa
Dhateng kanca sepantaran
Wayah dhateng simbahipun
Priyayi tumrap baturipun
Panganggenipun basa ngoko ingkang trep inggih menika…
Kangge kenalan
Kangge matur dhateng guru
kangge basa panudarasa
kangge wayah dhateng simbah
Kangge putra dhateng bapak
Ukara ing ngandhap menika ingkang ngginakaken basa ngoko lugu ingkang leres inggih menika ...
Aku lagi maca majalah djaka Lodhang
Adhi kula lagi dolanan gatheng ana ing ngarep omah
Ibu lagi ngrajangi brambang karo lenggah ing kursi
Bapak lagi maos koran
Simbah lagi dhahar bubur ana ing nggandhok
Ukara ing ngandhap menika ingkang ngginakaken ragam basa krama inggih menika...
Pak Budi nulis ing papan tulis
Kancaku lagi nggarap soal basa Jawa
Bu Rina nembe nyerat geguritan wonten papan tulis
Siswa kelas XII lagi padha melu kerja bakti ing lapangan sekolah
Murid-murid lagi nindakake sholat Jum’at ana ing masjid sekolah
Gatekna pacelathon ing ngisor iki !
Widada: “Kula nuwun...”
Pak RT : “Mangga, O Nak Widada , kene mlebu kene..”
Widada : “Nggih Pak “
Pak RT : “ Ana perlu apa le”
Widada : “Kula.... Bapak supados ....serat menika kagem bapak.”
dikongkon, menehake
diutus, maringake
didhawuhi, nyaosi
dipunaturi, nyaosaken
dipunutus, nyaosaken
“ Gandheng pun cekap keparenga kula badhe pamit mulih rumiyin.” Ukara pamit kasebat ingkang leres …
Gandheng empun cukup keparenga kula ajeng pamit wangsul rumiyin
Gandheng empun cukup keparenga kula badhe pamit kondur rumiyin
Gandheng sampun cekap keparenga kula badhe pamit kondur rumiyin
Gandheng sampun cekap keparenga kula ajeng pamit kondur rumiyin
Gandheng sampun cekap keparenga kula badhe pamit wangsul rumiyin
Menawi mlampah ing sangajenging tiyang sepuh kedahipun ndingkluk sinambi matur…
Nuwun Sewu
Nyuwun Sewu
Kula Nuwun
Ndherek nepangaken
Rumiyin
Ibu ngomong. Ukara ingkang trep inggih menika…
Ibu matur
Ibu omong
Ibu ngendika
Ibu kandha
ibu sanjang
aksara ing kiwa menika saged dipunserat/ tulis ing tembung...
lélé
léwat
lêmah
léyéh-léyéh
lépén
aksara ing sisih kiwa menika saged dipunserat/ tulis ing tembung...
Réog ponorogo
Rêmên sega
Réka daya
Rél sêpur
Réwél bangêt
Tembung ingkang leres kangge njangkepi ukara ing nginggil inggih menika....
Ndherek nepangaken, ...........kula Yoga, ......... kula wonten Sorowajan 1 no 27
tembung ingkang leres miturut unggah-ungguh basa kangge njangkepi tembung ing nginggil...
Sandhangan panyigeg wanda ing ngandhap kasebat menapa?
Wignyan
Cecak
Layar
Pangkon
Cakra
Sandhangan panyigeg wanda ing ngandhap kasebat menapa?
Wignyan
Cecak
Pangkon
Layar
Cakra
kalis : "Rawuh kula wonten ing mriki badhe silaturahmi". tembung 'Rawuh' boten leres, ukara ingkang leres ngginaaken ...
'teka kula wonten ing mriki badhe silaturahmi'
'sowan kula wonten ing mriki badhe silaturahmi'
'dolan kula wonten ing mriki badhe silaturahmi'
'mampir kula wonten ing mriki badhe silaturahmi'
'mara kula wonten ing mriki badhe silaturahmi'
kinan : "Kula Nuwun pakdhe, kula dipunutus ibu supados............ serat kangge arisan benjang dalu". tembung ingkang leres kangge njangkepi ukara ing nginggil inggih menika.....
Nyaosaken
Maringaken
ngeteraken
ndugekaken
ngenehaken
"Asma kula Eni". tembung Asma boten leres , ingkang leres ngginaaken tembung nama utawi nami, amargi..., kejawi...
Asma dipunginaaken kangge ngurmati tiyang sanes
Asma boten dipunginaaken kangge mbasake awake dhewe
Asma kalebet basa krama
Asma saged dipunginaaken kangge nyuwun pirsa dhateng tiyang sanes
Asma saged kaginaaken kangge dhiri pribadhi
Nalika siswa arep mlaku ana sangarepe wong tuwa kang lagi lenggahan, kepriya patrap/sikap kang bener ?
Mlaku kanthi cepet ora usah nolah-noleh
Mlaku banter karo mesem
Mlaku kanthi alon, awak rada mbungkuk
Mlaku kanthi alon, awak ngadeg jejeg karo matur ndherek langkung
Matur kanthi alon, awak rada mbungkuk karo matur nuwun sewu ndherek langkung.
