Font size
WorksheetsPenilaian Tengah Semester Bahasa Jawa Kelas 8
Total questions: 40
Worksheet time: 4hrs 45mins
"Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para kleting ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Biru, Kleting Ungu, lan Kleting Ijo sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah lan reresik griya piyambakan. Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha. Pengrengkuhe Mbok Randha dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe emban siladan, benten kaliyan putri sanesipun....”
Bebasan sing tegese ora adil, yaiku ....
Arep jamure ora arep watangane.
Emban cindhe, emban siladan.
Ora uwur ora sembur.
Rebut balung tanpa isi.
Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging kepingin dadi panguwasa, yaiku....
Adang-adang tetesi embun.
Blilu tau, pinter durung nglakoni.
Cebol nggayuh lintang.
Durung pecus keselak besus.
Pepindhan sing tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji mari ditandangi, sijine kudu enggal ditandangi maneh, yaiku kaya....
Kuthuk kelangan babon
Linang alihan
Ngaru napung
Niba tangi
Saloka sing tegese wong asor/ala wewatekake nanging sugih bandha donya, yaiku....
Asu belang kalung wang
Bathok bolu isi madu
Cecak nguntal empyak
Dom sumurup banyu
Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane iku pamerange ragam basa sing dititik saka ....
Panggonane
Wilayahe
Sapa sing nganggo
Situasine
Anik : Kula nuwun.
Pak Karji : Mangga nak, kene mlebu kene.
Anik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Dewi : Punika Iho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.
Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Anik : .........................
Pak Karji : Usaha bathik iki dakjenengake "Sekar Jagad”. " Ana perlu apa kok sajak wigati banget. "
Tembung wigati tegese ...
temenan
gumun
penting
pengin
Kanggo nggenepi pacelathon ing dhuwur ukara sing trep yaiku...
Apa jenenge usaha bathik sampeyan Pak?
Punapa naminipun usaha bathik panjenengan Pak?
Sinten naminipun usaha bathik panjenengan Pak?
Sapa jenenge sing duwe usaha bathik Pak?
Ing ngisor iki sing kudu disiapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba....
Nemtokake narasumber
Nemtokake tema
Nemtokake biaya
Nemtokake tujuan
Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba....
Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep
Supaya ora anapitakonan kang kliwatan
Supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah
Supaya anggone nindakake wawancara suwe
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, apike nggunakake basa....
Krama alus
Krama lugu
Ngoko alus
Ngoko lugu
Gegambarane panggonan, wektu, lan swasana dumadine crita ing sajroning pagelaran drama diarani....
Alur
Tema
Konflik
Setting
Rerangkening ukara sing diucapake paraga utama ing pambuka drama, diarani....
Dhialog
Epilog
Monolog
Prolog
Omong-omongan/ pacaturan ing antarane paraga loro utawa luwih ing drama, diarani...
Dhialog
Epilog
Monolog
Prolog
Paraga sing tumindake kayata dadi maling, dadi wong jahat ing drama, lan sapanunggalane diarani peran...
Antagonis
Protagonis
Oktagonis
Sentragonis
Gagasan pokok kang ndhasari dalan crita diarani...
Alur
Tema
Judul
Setting
Ora suwe sawise kraton Mataram ngadeg, ing wilayah lor kulon wewengkon Mataram iku ana daredah. Tembung daredah ing ukara kasebut tegese....
Pesta
Pentas
Pawai
Rerusuh
Akeh senopati agul-agule praja kaprejaya nganti tumeka pati gugur ing paprangan. Tembung tumeka asale saka tembung lingga kang entuk seselan....
in
er
en
um
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.
Saben sapada tembang gambuh ana .... gatra.
Pitu
Papat
Nem
Lima
Guru lagu lan guru wilangan gatra katelu yaiku....
10i
11i
9i
12i
Sekar gambuh ping catur. Pethikan tembang kasebut ngemu teges....
tembang gambuh kang ping catur
tembang gambuh kang dicritakake
tembang gambuh kang kacritakake
tembang gambuh kang kaping papat
Tanpa tutur katula-tula katali. Tembung kang kacithak kandel duweni teges....
tansah diandharake
tansah dibaleni
tansah cilaka
bakal kebanjur
Serat Wulangreh pupuh Gambuh isine ngandharake supaya manungsa....
kudu nglampahi watak adigang, adigung, adiguna
kudu ngadohi watak adigang, adigung, adiguna
kudu duweni watak adigang, adigung, adiguna
kudu nglakoni watak adigang, adigung, adiguna
Bocah nakal iku tembe bakal...
wegah maca
mertabata
wuta hijaiyah
getun mburi
Ilmu kawruh piwulange guru iku kena kanggo sangu ...
urip ing donya
urip ing akhirat
donya lan akhirat
donya sa-angkasa
Sing kalebu medhia cetak yaiku...
ariwati
internet
youtube
radhio
Dongeng kang paragane digambarake saka kewan diarani…
(a)
Dongeng kang nyritakake dumadine papan panggonan diarani…
(a)
Gegayutan klawan panggonan utawa latar, waktu, lan suwasana sajrone cerkak diarani...
(a)
Dalan sawijine crita karya sastra diarani...
(a)
Pelaku kang kegubed ing sajrone crkak diarani...
(a)
Cerkak mujudake salaj sijining jinis...
(a)
Dalan critane cerkak luwih (a) tinimbang novel
Isine crita njupuk saka panguripane (a) sadina-dina
Aksara ing samping yen ditulis nganggo aksara latin dadi...
(a)
Aksara ing samping yen ditulis nganggo aksara latin dadi...
(a)
Sebutna ciri-cirine cerkak, 4 wae!
Sebutna unsur instrinsik saka cerkak!
Apa bedane tema lan amanat?
Gawea ukara pitakon sing nakokake barang cacahe 2 wae!
Apa bedane paraga protagonis lan antagonis? Jlentrehna!
