wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA JAWA KELAS 2

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Urip rukun iku penting kanggo saben wong. Yen urip rukun, kabeh kegiatan bisa mlaku lancar lan tentrem. Bocah kudu ngajeni kanca lan guru supaya padha seneng lan ora rebutan. Apa tegese urip rukun?

a)

Urip nganggo dhuwit akeh

b)

Urip bareng wong liya kanthi tentrem lan seneng

c)

Urip dhewekan wae

d)

Ora melu dolanan bareng kanca

2.

Aku nulungi kancaku sing kesrakat. Aku uga ngrungokake guru nalika nerangake pelajaran. Yen ana kanca sing ora ngerti, aku menehi pitulungan. Kabeh iku supaya urip rukun ing sekolah. Tuladha prilaku urip rukun ing teks yaiku…

a)

Ngedum kabar ala marang kanca

b)

Nulungi kanca sing kesrakat lan ngrungokake guru

c)

Ora melu kegiatan sekolah

d)

Rebutan dolanan karo kanca

3.

Dolanan bareng kanca iku nyenengake. Contone dolanan engklek lan petak umpet. Dolanan iki ngajari supaya rukun lan kerja sama. Bocah kudu nuruti aturan supaya dolanan bisa mlaku lancar. Apa tujuan dolanan bareng miturut teks?

a)

Nambah rukun lan kerja sama

b)

Mung kanggo seneng-seneng dhewe

c)

Ngedum barang karo kanca

d)

Supaya ora sekolah

4.

Aku lan kancaku padha maca tembung dolanan. Banjur kita mangsuli pitakon saka guru. Saben dolanan nduweni aturan sing kudu ditindakake. Yen nglanggar aturan, dolanan ora bisa lancar. Apa sing kudu ditindakake bocah supaya dolanan bisa lancar?

a)

Nglanggar aturan dolanan

b)

Nuruti aturan dolanan lan mangsuli pitakon

c)

Aja melu dolanan

d)

Dolanan dhewekan tanpa kanca

5.

Saben esuk aku mangan sarapan. Banjur aku nyapu omah sadurunge sekolah. Aku uga maca buku sadurunge lunga sekolah. Aku seneng nindakake tugas saben dina. Apa kegiatan esuk bocah ing teks?

a)

Dolanan ing lapangan

b)

Mangan sarapan, nyapu, maca buku

c)

Mangan tanpa nyapu

d)

Nonton televisi

6.

Saben dina Senin, aku nyapu kelas lan mangan sarapan. Banjur aku maca buku sadurunge sekolah. Sawise sekolah, aku ngerjakake PR. Aku seneng mbantu ibu lan dolanan karo kanca.

Apa kegiatan bocah sawisé sekolah?

a)

Nyapu kelas

b)

Ngerjakake PR

c)

Mangan sarapan

d)

Dolanan dhewekan

7.

Sekolahku resik lan tertib. Guru lan kanca padha nulungi siji lan sijine. Aku seneng belajar lan dolanan bareng kanca. Aku uga mbantu njaga kebersihan sekolah.

Apa sing nggawe bocah seneng sekolah?

a)

Sekolah resik, guru lan kanca nulungi, bisa dolanan

b)

Sekolah kotor lan ora ana guru

c)

Ora melu dolanan

d)

Aja nulungi kanca

8.

Aku latihan pacelathon karo kanca. Kita nganggo basa sopan lan ngajeni siji lan sijine. Bocah kudu ngerti isi pacelathon lan ngetrapake unggah-ungguh. Kita uga nulis teks pacelathon dhewe. Apa tujuan latihan pacelathon ing teks?

a)

Sinau ngomong kasar

b)

Ngerti isi pacelathon lan ngetrapake unggah-ungguh

c)

Ora melu kanca

d)

Dolanan dhewekan

9.

Aku seneng urip rukun karo kanca ing sekolah. Yen ana kanca sing kesrakat, aku nulungi. Kita padha ngrungokake guru lan padha seneng dolanan bareng.

Dolanan engklek lan petak umpet dadi favorit. Bocah kudu nuruti aturan supaya dolanan lancar. Kabeh iku supaya kabeh seneng lan rukun ing sekolah.

Apa sing kudu ditindakake bocah supaya tetep rukun lan dolanan lancar?

a)

Nglanggar aturan dolanan

b)

Nulungi kanca lan nuruti aturan dolanan

c)

Dolanan dhewekan tanpa kanca

d)

Ora melu sekolah

10.

Wayah Esuk

Saben esuk aku mangan sarapan lan nyapu omah. Banjur aku maca buku sadurunge lunga sekolah.

Ing sekolah, aku seneng pacelathon karo kanca lan ngetrapake basa sopan. Aku uga nulis teks pacelathon sing wis digawe.

Apa kegiatan bocah sadurunge sekolah lan ing sekolah?

a)

Mangan sarapan, nyapu, maca buku, pacelathon, nulis teks pacelathon

b)

Dolanan dhewekan lan nonton televisi

c)

Mangan tanpa maca buku

d)

Nyapu wae

11.

Aku nulungi kanca sing kesrakat lan ngrungokake guru. Aku uga menehi pitulungan yen kanca ora ngerti pelajaran. Tuladha prilaku rukun yaiku…

a)

Dolanan bareng kanca

b)

Nonton dhewekan

c)

Nulungi kanca sing kesrakat

d)

Ora melu sekolah

12.

Bocah padha maca tembung dolanan lan mangsuli pitakon saka guru. Dolanan mlaku lancar amarga padha nuruti aturan. Napa dolanan bisa lancar?

a)

Amarga dolanan ora ana aturan

b)

Amarga padha dolanan dhewekan

c)

Amarga padha nuruti aturan

d)

Amarga ora ana guru

13.

Aku seneng nindakake tugas saben dina. Sawise sekolah, aku ngerjakake PR lan dolanan karo kanca. Kegiatan sawisé sekolah yaiku…

a)

Nyapu omah esuk

b)

Mangan sarapan

c)

Ngerjakake PR lan dolanan karo kanca

d)

Nonton televisi

14.

Bocah sinau pacelathon nganggo basa sopan lan nulis teks pacelathon dhewe. Tujuan sinau pacelathon yaiku…

a)

Dolanan dhewekan

b)

Ngerti isi pacelathon lan nganggo basa sopan

c)

Ngomong kasar

d)

Ora melu sekolah

15.

Urip rukun lan dolanan bareng kanca penting. Bocah kudu nulungi kanca lan nuruti aturan dolanan supaya seneng lan tentrem. Napa bocah kudu nulungi kanca lan nuruti aturan dolanan?

a)

Supaya dolanan ora lancar

b)

Supaya dolanan dhewekan

c)

Supaya seneng lan tentrem

d)

Supaya ora sekolah

16.

Saben dina aku nyapu, mangan, maca buku, lan ing sekolah ngetrapake unggah-ungguh. Bocah uga sinau pacelathon bareng kanca. Kegiatan bocah saben dina lan ing sekolah yaiku…

a)

Dolanan dhewekan

b)

Nyapu, mangan, maca buku, pacelathon, ngetrapake unggah-ungguh

c)

Nonton televisi

d)

Dolanan tanpa aturan

17.

Dolanan cublak-cublak suweng ngajari bocah supaya rukun lan kerja sama bareng kanca. Apa pelajaran sing bisa dijupuk saka dolanan cublak-cublak suweng?

a)

Ngomong kasar

b)

Ora melu dolanan

c)

Dolanan dhewekan

d)

Rukun lan kerja sama

18.

Bocah mbedakake swara jejeg lan miring supaya bisa maca lan nulis kanthi bener. Tujuan mbedakake swara jejeg lan miring yaiku…

a)

Supaya bisa maca lan nulis kanthi bener

b)

Supaya dolanan luwih seneng

c)

Supaya nonton televisi

d)

Supaya ora sekolah

19.

Bocah nyritakake kegiatan saben dina saka esuk nganti sore supaya luwih tanggung jawab. Napa bocah nyritakake kegiatan saben dina?

a)

Supaya dolanan dhewekan

b)

Supaya mangan terus

c)

Supaya luwih tanggung jawab

d)

Supaya ora sekolah

20.

Bocah sinau pacelathon, ngetrapake unggah-ungguh, lan nulis teks pacelathon dhewe. Tujuan latihan pacelathon yaiku…

a)

Ngomong kasar marang kanca

b)

Dolanan dhewekan

c)

Ngerti isi pacelathon lan nggunakake basa sopan

d)

Ora melu sekolah

21.

Piket Kelas

Siti        :    “Rina, dina iki giliran sapa piket kelas?”
Rina     :    “Dina iki sing piket aku, Siti, lan Andi.”
Siti        :    “Oh, ngono. Tugasmu apa wae dina iki?”

Rina     :    “Aku nyapu kelas lan mbuwang sampah. Siti tugasmu ngelap meja lan mriksa kerapihan bangku.”

Siti        :    “Inggih, ora napa-napa. Andi tugasé apa?”
Rina     :    “Andi tugasé nyiram kembang lan ngresiki papan tulis.”

Siti        :    “Yen kabeh bar rampung, kelas mesthi dadi resik lan penak kanggo sinau.”

Rina     :    “Leres. Wong kelas sing resik kuwi nggawe kabeh siswa luwih semangat.”

Andi (mlebu kelas): “Maaf aku telat, ayo padha miwiti piketé. Aku langsung nyiram kembang dhisik, yo!”

Siti        :    “Sip, ayo padha kerja bareng supaya lekas rampung.”

  1. Adhedhasar pacelathon, tugas-tugas piket sing ditindakake para siswa yaiku …

a)

Nyapu kelas, ngelap meja, nyiram kembang

b)

Ngelap meja, nyapu halaman, nyiram kamar mandi

c)

Ngganti jadwal piket, nyapu halaman, ngresiki lemari

d)

Nyiram kembang, nggawe laporan piket, ngresiki buku perpustakaan

22.

Piket Kelas

Siti        :    “Rina, dina iki giliran sapa piket kelas?”
Rina     :    “Dina iki sing piket aku, Siti, lan Andi.”
Siti        :    “Oh, ngono. Tugasmu apa wae dina iki?”

Rina     :    “Aku nyapu kelas lan mbuwang sampah. Siti tugasmu ngelap meja lan mriksa kerapihan bangku.”

Siti        :    “Inggih, ora napa-napa. Andi tugasé apa?”
Rina     :    “Andi tugasé nyiram kembang lan ngresiki papan tulis.”

Siti        :    “Yen kabeh bar rampung, kelas mesthi dadi resik lan penak kanggo sinau.”

Rina     :    “Leres. Wong kelas sing resik kuwi nggawe kabeh siswa luwih semangat.”

Andi (mlebu kelas): “Maaf aku telat, ayo padha miwiti piketé. Aku langsung nyiram kembang dhisik, yo!”

Siti        :    “Sip, ayo padha kerja bareng supaya lekas rampung.”

Pernyataan ing ngisor iki sing cocog karo pacelathon yaiku …

a)

Rina lan Siti piket, Andi teka telat, kabeh kerja bebarengan

b)

Andi nyapu kelas, Siti mung maca buku, Rina ora melu piket

c)

Siti nunggu ing njaba kelas, Rina ora nduwé tugas, Andi nyiapke jadwal piket

d)

Kelas ora resik amarga kabeh siswa ora kerja bareng

23.

Wayah Esuk

Saben jam lima esuk. Bima wis tangi. Bima age-age mbukak cendhela kamare. Hawane krasa seger. Ing njaba isih katon peteng. Jago kluruk keprungu saut- sautan Bima pancen bocah sregep. Tugas sing dadi tanggung jawabe mesthi ditandangi.

Saben esuk resik- resik kamare Kasur, bantal, lan guling ditata rapi. Kemule dilempit. Kamare Bima katon resik. Bima tansah eling dhawuhe bapak ibune. Wong kuwi kudu ngulinakake urip resik.

Bima tansah resik-resik kamare saben esuk lan ngatur kasur, bantal, lan guling kanthi rapi.

Yen Bima ora nindakake kabeh tugas kasebut, apa sing bakal kedadeyan ing kamare?

a)

Kamare tetep resik lan rapi

b)

Kamare bakal reged lan barang-barang ora tertata

c)

Bima bakal langsung sekolah tanpa masalah

d)

Kamare bakal kebak kembang lan iwak

24.

Bima tansah eling dhawuhe bapak lan ibune supaya urip resik. Saka tumindak iki, apa manfaat sing bisa dipetik Bima lan kanca-kanca?

a)

Murid bisa ngrasakake kamare luwih resik lan sehat

b)

Murid bisa dolanan luwih akeh sak esuk

c)

Murid ora perlu manut aturan sekolah

d)

Murid bisa mangan jajanan sak karepe

25.

Ing kelas 2, para siswa padha sinau urip rukun. Nalika ana kanca sing kesrimpet, liyané langsung nulungi. Yen ana kanca loro sing padha rebutan buku, guru ngajari supaya padha rembugan lan genti-gentenan nganggo buku kasebut. Tumindak iki nuduhake yen urip rukun kuwi penting kanggo tentreming kelas.

Tindakan sing nuduhake urip rukun yaiku …

a)

Rebutan barang, nesu-nusu, ora gelem nulungi

b)

Mbantah guru, ngganggu kanca, nglirwaake aturan

c)

Meneng wae, ora melu apa-apa, ora peduli kanca

d)

Tulung-tinulung, rembugan becik, genti-gentenan nganggo barang

26.

Nalika sinau bebarengan, siswa padha maca wacan lan mangsuli pitakon. Guru menehi conto cara maca kanthi swara jejeg lan miring supaya siswa luwih paham bedane. Sawise kuwi, siswa latihan maca bareng-bareng supaya luwih lancar.

Kegiatan maca sing kasebut ing paragraf yaiku …

a)

Corat-coret papan tulis, dolanan HP, sare ing kelas

b)

Maca wacan, latihan swara jejeg lan miring, mangsuli pitakon

c)

Nulis gambar wae, ora melu maca, ora ngrungokake guru

d)

Mlayu-mayu neng kelas, dolanan bal, nggodha kanca

27.

Riko lan Beni padha latihan nulis nganggo ejaan sing bener. Dheweke maca dhisik teks sing ana, banjur nyalin ukara kaya tuladhane guru. Riko nulise rapih lan cetha, dene Beni isih kudu dilatih amarga aksarane kurang jelas.

Kegiatan sing ditindakake Riko lan Beni yaiku …

a)

Nulis sembarangan, ora maca dhisik, ora manut tuladha

b)

Dolanan wae, ora nulis, ora maca

c)

Nulis nganggo ejaan bener, maca teks, nyalin ukara

d)

Coret-coret meja, ngrusak buku, ora nyalin ukara

28.

Ning dina Setu, bocah-bocah dolanan bareng ing halaman sekolah. Ana sing dolanan gobak sodor, ana sing dolanan engrang, lan ana uga sing mung lungguh ngobrol karo kanca-kanca. Dolanan bareng nggawe bocah krasa seneng lan guyub.

Dolanan sing kasebut ing paragraf yaiku …

a)

Gobak sodor, engrang, ngobrol bareng

b)

Catur, video game, nonton TV

c)

Mangan jajanan, turu ing kursi, mlaku solo

d)

Mlayu nang dalan gedhe, nengok mobil, main petasan

29.

Nalika guru nyritakake tembang “Cublak-Cublak Suweng”, kabeh siswa krungu kanthi semangat. Sabanjure guru ngajak siswa maca tembung-tembung sing ana ing teks. Sawise kuwi, siswa latihan nulis aksara tegak bersambung kanthi rapih.

Kegiatan sing ditindakake siswa yaiku …

a)

Dolanan wae, ora ngrungokake, ora nulis

b)

Ngobrol wae, ora maca, ora latihan nulis

c)

Ngrungokake tembang, maca tembung, nulis aksara tegak bersambung

d)

Mlayu metu kelas, ora melu pelajaran, ora nulis

30.

“Padhang Rembulan ”

Ayo kanca enggala siyaga,

Buku potlod sarapan wis sumadya,

srengengene sing ngawe- awe

Ngelingake aja lali kewajibane .

Ayo kanca sinaua sing tata

Niat suci aja wedi rekasa

Nyamektakke jiwa ragane  

Nengenake jujur sregep ing panggawe

Saka tembang “Padang Rembulan”, sikap sing kudu ditindakake supaya sinau lan nindakake tugas kanthi becik yaiku …

a)

Ngelingake kewajiban, sinau kanthi tata, lan nyamektakke jiwa ragane

b)

Dolanan wae, ora peduli karo kewajiban

c)

Mangan sarapan lan turu maneh

d)

Nggoleki kanca lan ora sinau

31.

Saben dina, Bunga latihan maca tembung saka buku. Dheweke banjur nyalin tembung sing wis diwaca menyang buku tulis. Nalika rampung, guru mriksa lan menehi tandha yen tulisane wis apik lan bener.
Kegiatan Bunga yaiku …

a)

Maca tembung, nyalin tembung, nampa koreksi guru

b)

Dolanan kursi, ora sinau, ora nyalin

c)

Gambar kembang wae, ora maca buku

d)

Mung lungguh wae, ora maca, ora nulis

32.

Esuk-esuk, Rina ngresiki amben, terus ngrampungake sarapan. Sawise kuwi, dheweke nyiapake buku sekolah lan pamit marang wong tuwa. Kabeh ditindakake kanthi tertib lan mandhiri.
Tugas esuk sing ditindakake Rina yaiku …

a)

Nonton TV wae, ora nyiapake buku

b)

Dolanan HP, turu maneh, ora gelem sekolah

c)

Ngresiki amben, sarapan, nyiapake buku sekolah

d)

Mlayu metu omah tanpa pamit, ora sarapan

33.

Nalika ing sekolah, guru nyritakake teks “Dina Minggu”. Siswa banjur mangsuli pitakon saka isi teks kasebut. Sabanjure, dheweke diminta nulis ukara kanthi ejaan bener lan nyritakake gambar sing ana ing buku.
Kegiatan siswa yaiku …

a)

Dolanan botol, ora melu pelajaran

b)

Ngrungokake teks, mangsuli pitakon, nulis ukara lan nyritakake gambar

c)

Ngobrol wae, ora ngrungokake teks, ora mangsuli

d)

Corat-coret bangku, ora nulis ukara

34.

Guru menehi gambar bocah sing lagi nyapu, bocah sing lagi maca, lan bocah sing lagi ndandani tas. Siswa diparingi tugas kanggo nulis paragraf prasaja saka gambar kasebut. Siswa uga diminta nyerat huruf kanthi rapih lan jelas.
Tugas sing kudu ditindakake siswa yaiku …

a)

Nonton kanca nulis wae, ora melu

b)

Nulis paragraf saka gambar, latihan huruf rapih, ngerteni isi gambar

c)

Gambar sembarangan, ora nulis paragraf

d)

Mlayu metu kelas nalika pelajaran berlangsung

35.

Ing sekolah, ana kegiatan “Setu Resik”. Bocah lan guru padha kerja bakti resik-resik kelas lan halaman. Sawise rampung, kelas dadi wangi lan rapih. Bocah-bocah krasa seneng amarga sekolah dadi luwih nyaman kanggo sinau.
Kegiatan “Setu Resik” yaiku …

a)

Dolanan bal, nglumpukake sampah sembarangan

b)

Lung-lungan wae ing kelas, ora melu kerja bakti

c)

Kerja bakti, resik-resik kelas lan halaman, nggawe sekolah nyaman

d)

Nambah sampah, ora bantu resik-resik

36.

Nalika sinau pacelathon, guru ngajari cara ngomong sing sopan marang kanca lan guru. Siswa latihan pacelathon kanthi tumindak sing trep. Ana sing latihan njawab pitakon, lan ana sing latihan ngajak rembugan kanthi unggah-ungguh.
Ketrampilan sing diajari guru yaiku …

a)

Ngomong sopan, latihan pacelathon, ngajak rembugan sing bener

b)

Guya-guya banter, ora sopan karo guru

c)

Ngomong kasar, ora melu pacelathon

d)

Nggawe rame kelas, ora latihan rembugan

37.

Siswa diwenehi wacan “Sekolahku”. Sawise maca, dheweke kudu ngganepi ukara sing wis ana pilihane. Banjur, siswa diminta nulis pacelathon cendhak karo kanca lan dipraktekake ing ngarep kelas.
Kegiatan siswa yaiku …

a)

Meneng wae, ora maca, ora ngisi ukara

b)

Maca wacan, ngganepi ukara, nulis lan memeragakan pacelathon

c)

Nolak tugas, ora nulis apa-apa

d)

Corat-coret buku, ora latihan pacelathon

38.

Ana kelompok siswa sing makarya bebarengan. Ana sing ngresiki meja, ana sing nyapu lantai, lan ana sing nyusun buku. Makarya bebarengan nggawe tugas luwih cepet rampung lan kelas dadi resik.
Makarya bebarengan nuduhake …

a)

Lomba-lomba nesu, ora gelem nulungi

b)

Kerja bareng, ngaboti tugas, nggawe kelas resik

c)

Kerja dhewe-dhewe, ora peduli kanca

d)

Dolanan wae nalika liyane kerja

39.

Nalika latihan tembang dolanan, guru nerangake arti saben larik. Siswa banjur maca lan niru tembang kanthi swara sing bener. Guru uga ngandhani supaya siswa percaya diri nalika tampil ing ngarep kelas.
Kegiatan ing paragraf yaiku …

a)

Nerangake arti tembang, maca tembang, latihan percaya diri

b)

Meneng wae, ora gelem nembang, ora melu latihan

c)

Ganti-ganti lirik lagu, nggawe rame kelas

d)

Ngobrol wae, ora ngrungokake guru

40.

Saben esuk, siswa diwajibake piket kelas. Ana sing nyapu, ana sing ngelap papan tulis, lan ana sing nyusun bangku. Yen kabeh bebarengan, kelas dadi rapih lan siap kanggo sinau.
Piket kelas ing paragraf yaiku …

a)

Nyapu, ngelap papan tulis, nyusun bangku

b)

Lung-lungan wae, ora gelem piket

c)

Ngacak-acak bangku, nggawe reged kelas

d)

Nyapu sak karepe, ora koordinasi karo kanca