WorksheetsAdat Tradisi Mantu
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Titikan:
1) Kaandharake secara cetha lan nggunakake basa kang baku
2) Ditulis miturut imajinasine panyerat
3) Ngandharake bab kawruh lan informasi
4) Sipate netral lan objektif
5) Basane migunakake basa rinengga
Kang kalebu titikane teks eksposisi yaiku….
1,2,3
2,3,4
3,4,5
1,3,4
Tata cara nulis wacan eksposisi:
1) Nglumpukake bahan karangan
2) Mekarake cengkorongan dadi paragraf kang wutuh
3) Gawe cengkorongan
4) Nemtokake topic/tema
5) Nemtokake ancas karangan
Urutane tata cara nulis wacan eksposisi ing dhuwur sing bener yaiku….
4,5,1,2,3
4,5,1,3,2
5,4,1,3,2
4,1,5,3,2
Upacra iki wujude panganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngresiki ampeyan panganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka pralambang penganten kakung kang bakal dadi pangarsane kulawarga lan ngabdine penganten putri minangka garwa.
Sawise maca tuladha teks eksposisi ing dhuwur, bisa dimangerteni yen teks iku ngrembug babagan….
Urut-urutan sedhekah bumi
Upacara lelayu
Cak-cakane upacara penganten
Cak-cakane tedhak siten
Sinduran minangka pralambang pinanganten sakloron sampun tinampa dados kulawarga. Saliyane iku, sinduran nduweni teges isin mundur ateges isin yen olehe omah-omah gagal. Acara sinduran menika wonten ing gambar….
Upacara panggih inggih punika upacara temu penganten kakung kaliyan penganten putri. Papaning upacara panggih limrahipun wonten ing gapuraning pawiwahan. Rantaman upacara panggih temon dipunwiwiti liron sekar kembang mayang, dipunpungkasi kanthi adicara sungkeman. Salebeting upacara panggih temon wonten adicara timbangan. Adicara menika nggadhahi makna bilih tiyang sepuh mboten “abot sisih”. Timbangan kalampahan kanthi cara Bapak temanten putri mangku temanten kekalih, lajeng ingkang Ibu nyuwun pirsa “abot pundi pakne?” dipunwangsuli Bapak “padha abote, Bune”.
Nilai-nilai ingkang kaemot ing teks kasebat inggih menika….
Budaya
Politik
Sosial
Moral
Tata cara mantu kang duwe makna yen penganten putri iku ora entuk metu saka kamar, amarga ing acara utama, panganten putrine bakal ayu kaya widodari, yaiku….
Siraman
Widodareni
Kacar-kucur
Sungkeman
Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tata cara mantu kang maknane wujud bekti mring wong tuwa yaiku….
Wiji dadi
Widodareni
Kacar-kucur
Sungkeman
Wis jamak lumrahe yen wong lanang iku kudu tanggung jawab marang kulawargane, mula kudu bisa menehi nafkah marang kulawargane. Tata cara kasebut jumbuh karo gambar ing ngisor iki, yaiku….
Ing ngisor iki gambar kang nunjukake upacara wiji dadi yaiku….
Sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah, diarani….
Lamaran
Siraman
Srah-srahan
Ijab Kabul
