NEW
Font size
WorksheetsUnggah-Ungguh Aruh-Aruh
Total questions: 10
Worksheet time: 2mins
…
Bu Wasita : “Apa wis padha rampung kabeh?’
Widati : “Sekedhap Bu, menika Dhik Ningsih nembe ngangge sepatu.”
Pak Wasita : “Yen kabeh wis padha rampung, ayo enggal budhal mengko mundhak telat.”
…
Tataran basa ingkang diagem dening Bu Wasita inggih menika … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
“Bapak, kula nyuwun pangestu badhe budhal sekolah.”
Ukara kasebut migunakaken tataran basa … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Nalika kepanggih Bu Guru wonten ing peken tembung kagem aruh-aruh ingkang trep inggih menika … .
Badhe mundhut menapa, Bu?
Arep tumbas apa, Bu?
Badhe tuku apa, Bu?
Arep mundhut apa?
Nabila: “…”
Bu Rini: “Eh.. sugeng sonten, mbak Nabila?”
Tembung ingkang trep kagem njangkepi pacelathon kasebat inggih menika … .
Sugeng enjing
Sugeng siyang
Sugeng sonten
Sugeng ndalu
Nalika sore-sore kepanggih kaliyan pak guru wonten margi anggenipun aruh-aruh inggih menika … .
Sugeng enjing Pak, badhe tindak pundi?
Sugeng siyang Pak, badhe tindak pundi?
Sugeng sonten Pak, badhe tindak pundi?
Sugeng ndalu Pak, badhe tindak pundi?
“Iya, Mas. Iki aku wis rampung.” Ukara kasebat migunakaken tataran basa … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Nalika wali kelas pinanggih kaliyan bapak utawi ibu ing dalem, anggenipun aruh-aruh inggih menika … .
Ana keperluan apa ya Pak?
Wonten kersa menapa Pak?
Arep ketemu kaliyan sinten?
Wonten kersa apa Pak?
“Iya Le dak pangestoni lan sing ngati-ati, aja lali ndedonga luwih dhisik.” Ukara kasebat migunakaken tatran basa … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
…
Bu Wasita : “Apa wis padha rampung kabeh?’
Widati : “Sekedhap Bu, menika Dhik Ningsih nembe ngangge sepatu.”
Pak Wasita : “Yen kabeh wis padha rampung, ayo enggal budhal mengko mundhak telat.”
…
Tataran basa ingkang diagem dening Widati inggih menika … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
…
Bu Wasita: “Sing ngati-ati, enggal bali.”
Widada, Widati, Widaningsih:”Inggih Bu, sugeng enjing.”
…
Saking pacelathon menika Widada, Widati, saha Widaningsih saweg ngetrapaken unggah-ungguh … .
pamitan
aruh-aruh
tetepungan
nyuwun pangapura
