wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAWARTA KELAS 8

Total questions: 14

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Apa sing diarani Pawarta ...

a)

crita kang nyritakake kadadeyaning papan panggonan utawa alam

b)

crita utawa katrangan bab kadadeyan utawa prastawa sing nyata lan narik kawigaten wong akeh

c)

crita sing ana gegayutane karo masarakat sing diwarisna kanthi cara gethok tular

d)

crita kang wujude salah sijining kadadeyan fiksi ing masarakat

2.

Banjir Bandhang ing Malang

Malang - Udan deres uga nyebabake banjir ing Kutha Malang. Kurang luwih 400 warga kudu ngungsi. Yaiku warga sing manggon ing RT 01 RW 09, Desa Jatimulyo, Kecamatan Lowokwaru. Saora-orane ana 61 omah sing kena banjir amarga banjire kali Brantas. Gunggunge 175 warga kudu ngunsi menyang Balai RW lokal. Wilayah liyane sing kena pengaruh yaiku pemukiman warga Kampung Putih ing Jalan Kejaksaan Agung Suprapto, Kecamatan Klojen. Ana 52 omah ing pinggih kali Brantas kena banjir. Nganti 200 wong kudu ngungsi. "Kira-kira ana 400 warga sing kudu ngungsi. Ana ing rong tituk, yaiku ing RT 01 RW 09, Desa Jatimulyo, ana 61 omah sing kena, jumlah sing dievakuasi ana 175 wong." Ujare Walikota Malang, Sutiaji marang detikcom, Kamis (4/11/2021).

Saka pethikan pawarta kanthi irah-irahan "Banjir Bandhang ing Malang" coba analisissen apa sing marakake banjir, yaiku ...

a)

Udan deres amarga banjire kali Brantas

b)

Udan deres ana ing rong titik Desa Jatimulyo

c)

Udan deres amarga banjire kali Serayu

d)

Para warga ing sekitar kali Brantas padha ngungsi

3.

Kang kalebu unsur pawarta yaiku ...

a)

wicara, wirama, wirasa, wiraga

b)

pambuka, isi, panutup

c)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

d)

5W + 1H

4.

Sifating pawarta kang nerangake manawa kabar iku nyata anane lan esih dadi kawigatene wong akeh, diarani ...

a)

aktual

b)

tajam

c)

hoak

d)

terpercaya

5.

Ana akéh nang lingkungané dhéwék sing sabeneré bisa dimanfaatna dadi barang-barang sing uniklan nduweni seni sing dhuwur. Salah sijiné limbah kayu lan oyod kayu sing ora dienggo. Neng tangan ahliné, limbah kuwé bisa diproses lan ngehasilna sesuatu sing ana niléné. Kaya sing dilakoni dening Teguh Siswanto, wong lanang seka Désa Guci, Kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal.

Seniman désa sing umuré 34 taun kiyé nyulap limbah kayu dadi souvenir. Contoné tasbeh, pipa rokok, tongkat, gelang lan liyané. (Sumber: https:kumparan.com/panturapost/bah-enom-nang-tegal-kiye-nyulap-oyod-dadi-barang-sing-unik-unik-fwhper1 CT6V full)

Saka tuladha pethikan pawarta iku, coba golekana unsur who ne ....

a)

Seniman

b)

Teguh Siswanto

c)

Souvenir

d)

Kayu lan oyot

6.

Banjir Bandhang ing Malang

Malang - Udan deres uga nyebabake banjir ing Kutha Malang. Kurang luwih 400 warga kudu ngungsi. Yaiku warga sing manggon ing RT 01 RW 09, Desa Jatimulyo, Kecamatan Lowokwaru. Saora-orane ana 61 omah sing kena banjir amarga banjire kali Brantas. Gunggunge 175 warga kudu ngunsi menyang Balai RW lokal. Wilayah liyane sing kena pengaruh yaiku pemukiman warga Kampung Putih ing Jalan Kejaksaan Agung Suprapto, Kecamatan Klojen. Ana 52 omah ing pinggih kali Brantas kena banjir. Nganti 200 wong kudu ngungsi. "Kira-kira ana 400 warga sing kudu ngungsi. Ana ing rong tituk, yaiku ing RT 01 RW 09, Desa Jatimulyo, ana 61 omah sing kena, jumlah sing dievakuasi ana 175 wong." Ujare Walikota Malang, Sutiaji marang detikcom, Kamis (4/11/2021).

Saka pethikan pawarta kanthi irah-irahan "Banjir Bandhang ing Malang" cacahe warga sing ngungsi nang Balai RW lokal, yaiku ...

a)

175

b)

61

c)

400

d)

52

7.

Unsur when ing pawarta iku nuduhake ...

a)

wektu nalika nulis kabar

b)

wektu nalika maca kabar

c)

wektu nalika kadadeyan prastawa

d)

wektu nalika kabar pawarta disebarake

8.

Pawarta kang ditulis kanthi cekak oas, panggone pawarta ana ing kaca ngarep dhewe ing koran lan situs pawarta (news site, online media) diarani ...

a)

Opinion news (Berita Opini/ Pawarta Opini)

b)

Stright news (Berita langsung)

c)

Interpretative news (Berita Interpretasi)

d)

Investigation news (Berita Investigasi)

9.

Gambar iki salah sijining tayangan pawarta kang kondhang sing kalebu jinis pawarta apa ...

a)

Dept news (Berita Mendalam)

b)

Interpretative news (Berita Interpretasi)

c)

Investigation news (Berita Investigasi)

d)

Opinion news (Berita Opini/ Pawarta Opini)

10.

Nulis pawarta iku kudu dikantheni tanggung jawab. Sing tanggung jawab marang kabar kasebut yaiku ...

a)

sing maca pawarta

b)

sing nyebarake pawarta

c)

sing digawe pawarta

d)

sing gawe pawarta

11.

Gawea salah siji tuladha pawarta kanthi tema "lingkungan hidup"

4 lines
12.

Apakah yang kamu rasakan setelah belajar bahasa jawa materi "Pawarta"

a)

b)

c)

13.

Menurut anak-anak ketika guru bahasa jawa menjelaskan materi bagaimana?

a)

Mudah dipahami

b)

Membingungkan

c)

Guru tidak menjelaskan materi

14.

Pembelajaran bahasa jawa kedepannya apa yang anak-anak harapkan?

a)

Materi dan cara belajar yang menyenangkan

b)

Menggunakan bahasa jawa ketika di kelas agar siswa terbiasa

c)

Guru mengajar dengan dengan menggunakan bahasa Indonesia dan bahasa Jawa