wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

EVALUASI PASINAON PRANATACARA

Total questions: 10

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Patraping sarira ingkang mranani nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

Jumeneng kanthi greget

b)

Jumeneng kanthi kaken

c)

Jumeneng kanthi rongeh

d)

Jumeneng kanthi loyo

e)

Jumeneng kanthi lelendhehan

2.

Gatosaken pethikan teks pranatacara ing ngandhap!

Wiwit purwa madya ngantos dumugi nyaketi wasana adicara pangaosan ing dalu menika, sampun lumampah kanthi widada kalis ing sambikala. Salajengipun kula ingkang tinanggenah ndherekaken lumaksitaning adicara menika temtu kemawon kathah kekiranganipun, sae saking pangrakiting ukara menapa malih subasita, jer kula namung titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan turta cubluk ing pangertosan. Pramila mugi keparenga panjenengan sadaya kersa paring samodraning pangaksama dhateng kula.

Peranganing teks pranatacara ing ngingil dipunwastani ...

a)

Salam pambuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Atur pamuji sokur

d)

Ancasing gati

e)

Panutup

3.

Gatosaken seratan wonten kothak ing ngandhap menika!

1.   Panutup

2.   Salam pambuka

3.   Salam panutup

4.   Atur puji sokur

5.   Atur pakurmatan

6. Ancasing gati

Urut-urutaning teks pranatacara ingkang leres inggih menika ...

a)

2-5-4-6-3-1

b)

2-5-4-6-1-3

c)

2-5-6-4-1-3

d)

2-4-5-6-1-3

e)

2-4-5-6-3-1

4.

Gatosaken pethikan teks pranatacara ing ngandhap!

Bapak Lurah Desa Trimurti ingkang sinudarsana, Bapak Lurah Desa Pancasari ingkang kinurmatan, Para Bapak Ibu warga Desa Trimurti ingkang kula kurmati ugi.

Peranganing teks pranatacara ing ngingil dipunwastani ...

a)

Salam pambuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Atur pamuji sokur

d)

Ancasing gati

e)

Panutup

5.

Nalika dados pranatacara ing kagiyatan masarakat Ina dereng saged mbedakaken antawisipun d lan dh,  t lan th, bab menika nedahaken bilih Ina anggenipun dados pranatacara dereng saged ngetrapaken…

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

e)

Wibawa

6.

1.       Peranganing teks pranatacara ingkang ngandharaken urut-urutaning acara utawi upacara inggih menika ...

a)

Salam pambuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Atur pamuji sokur

d)

Ancasing gati

e)

Panutup

7.

Keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan sedaya, awit kula piniji panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS Tunas Harapan Periode 2020/2021.

Tembung piniji gadhah teges ingkang sami kaliyan...

a)

minangka

b)

badhe

c)

didhawuhi

d)

kepyakan

e)

acara

8.

Paraga ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana acara utawi upacara, dipunwastani ...

a)

Pranatacara

b)

pamedhar sabda

c)

panyiar

d)

pawarta

e)

nembang

9.

Ewah-ewahaning pasuryan ingkang mranani nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

Mbesengut

b)

mecucu

c)

mrengut

d)

sumringah

e)

cengenges

10.

Nalika pranatacara kedah ngraosaken utawi menjiwai wonten salebeting manah ingkang dipunjumbuhaken kaliyan adicaranipun. Bab menika jumbuh kaliyan pangertosan saking...

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

wibasa