wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PAMBIJEN AKHIR BAHASA JAWA KELAS XII

Total questions: 20

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

Yen kabandhingake basa ngoko, basa krama luwih...

a)

rumaket lan lugu

b)

luwih gampang cak-cakane

c)

alus lan ngajeni

d)

lugu lan kurang ngajeni

e)

endhek tataran undha-ushuke

2.

Kula sampun.....menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...

a)

ngomong

b)

ngendika

c)

kandha

d)

ngucap

e)

matur

3.

Menawa omongan karo wong sing luwih tuwa sing kurang pengalaman, prayogane kudu...

a)

ngetokake kapinterane

b)

ngremehake

c)

pamer kabisane

d)

tetep andhap asor

e)

nganggep bodho

4.

Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji. Tembung camboran kaperang dadi 4, yaiku

Tembung Camboran Wutuh (kacamata = tesmak, piranti kanggo ndeleng)

Tembung Camboran Tugel (balung + kulit = Lunglit)

Tembung Camboran Tunggal (Naga sari. Naga = jenenge kewan, Sari = pati kembang. Nagasari = jenenge jajan tradisional)

Tembung Camboran Wudar (rumah sakit= papan kanggo wong sing lara)

Ing ngisor iki sing kalebu Tembung Camboran Tugel yaiku ...

a)

Bulik - Ibu Cilik

b)

semar mendhem

c)

uler kaget

d)

Buku gambar

5.

Unggah-ungguhing basa iku digunakake kanggo...

a)

Wong kang duwe pangkat

b)

patut-patut

c)

wong tuwa

d)

ngurmati utawa diajeni wong liya

e)

tandha supaya diajeni wong liya

6.

Pak, panjenengan apa wis (mangan)?

Tembung njero kurung yen migunakake basa ngoko alus benere...

a)

nedha

b)

dhahar

c)

nedhi

d)

maem

e)

mangan

7.

Pak, panjenengan apa wis (mangan)?

Tembung njero kurung yen migunakake basa krama inggil benere...

a)

nedha

b)

mangan

c)

nedhi

d)

maem

e)

dhahar

8.

"Weruh kahanan ing kurang ajar mau, sekala aku muntab nepsuku. Tanganku terus ngepel marani. ora saranta tanganku terus kumlawe nibani raine nomnoman mau."

Wewatek paraga sajroning teks ing dhuwur yaiku ....

a)

jirih

b)

sabar

c)

wani

d)

sangar

e)

pinter

9.

"Bareng nembe oleh setahun, ibuku malih owah sipate. Katresnane menyang aku ilang, malih dadi sengit, lan kadangkala wani nangani aku."

Tema kang kaandhut sajroning pethikan novel yaiku....

a)

pendhidhikan

b)

katresnan

c)

sosial

d)

ekonomi

e)

kulawarga

10.

Dhasar bocah rai gedheg, dikandhani bola-bali ora nggugu.

Tembung Rai Gedhek tegese...

a)

ora gelem tumandhang

b)

ora duwe isin

c)

ora gelem mikir

d)

ora ngrungokake

e)

ora gelem ngrumangsani

11.

Rasane awakku remek, ajur mumur, nalika nyawang kowe ora ngajeni Ibumu dhewe. Apa kui sing jenenge bhekti marang wong tua?

Lelewaning basa sing ana ing ukara kasebut yaiku....

a)

Hiperbola

b)

Litotes

c)

Personifikasi

d)

Metonimia

12.

Cincing-cincing meksa klebus, tegese paribasan iku yaiku ....

a)

Arep ngirit jebul malah entek akeh

b)

Tumindhak ala lan becik bakal ketara ing tempe mburi

c)

Ora gelem ngrungoake rerasan liyan sing ora prasaja

d)

Arepe ora kudanan, tibane teles kebes

13.

Palang mangan tanduran, tegese Saloka kasebut yaiku ....

a)

Wong kang dipercaya njaga malah gawe rusak barang sing dijaga.

b)

Wong cilik mungsuh wong wong kang duwe panguwasa.

c)

Wong gedhe kang jarak utawa nerak aturane dhewe.

d)

Wong kang andhum barang, nanging dheweke malah ora keduman.

14.

Perangan struktur teks anekdot yaiku, kajaba/kecuali ...

a)

Abstraksi

b)

Orientasi

c)

Krisis

d)

Reaksi

e)

Judul

15.

Teks kang nyindir sikape/perangane wong liya kanthi lucu utawa komedhi, kaaran....

a)

Teks Artikel

b)

Teks Anekdot

c)

Teks Sandiwara

d)

Teks geguritan

16.

Ing ngisor iki kang kalebu sipat-sipat teks anekdot kanthi umum, yaiku....

a)

Aneh

b)

Njuwarehi

c)

Nyata

d)

Wantah

e)

Rekan

17.

Salah siji unsur basa sing digunakake sajroning teks anekdot yaiku ukara retoris kanggo ndudut ati utawa narik kawigaten. Sing dikarepake ukara retoris, yaiku ....

a)

Ukara pitakon cekak

b)

Ukara pitakon kang ora mbutuhake wangsalan

c)

Ukara pitakon kang diwangsuli dhewe dening pamaca teks anekdot

d)

Ukara pitakon secara umum saka prastawa

e)

Ukara pitakon saka paraga sing ngalami kedadeyan sajroning crita

18.

Sajroning perangan struktur teks anekdot kang ngandharake ngenani prastawa utawa maslaah diarani ....

a)

Abstraksi

b)

Koda

c)

Reaksi

d)

Krisis

e)

Orientasi

19.

Anak polah, bapak kepradah. Unen-unen kasebut duweni teges....

a)

Anak kang polahe bisa meneng lan murang tata marang bapak

b)

Anak ora duwe pakewuh marang wong tua

c)

Wong tuwa nemu reribet amarga polahe anak.

d)

Anak kang tansah bekti marang wong tuwa

e)

Wong tuwa kang dipokali dening anak

20.

Tembung ing ngisor iki kang anggone nulis migunakake sandhangan WIGNYAN, yaiku....

a)

Perih

b)

tarung

c)

tumbas

d)

pinggir

e)

sigeg