Font size
WorksheetsLATIHAN PAS
Total questions: 30
Worksheet time: 25mins
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang ing ndhuwur yaiku…
6; 7u, 8i, 8a, 8i, 7a, 8i.
6; 8u, 7i, 8a, 8i, 8a, 7i.
6; 8a, 8i, 8i, 8a, 8a, 8i.
6; 7a, 7i, 7a, 7i, 7a, 7i.
6; 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Wedi wiryaning dumadi
Supadi niring sangsaya
Yeku pangreksaning urip.
Tembung sing warna ijo duweni makna...
kuasa lan ilang.
kuasa lan sengsara.
ilang lan sengsara.
kuasa lan njaga.
ilang lan njaga.
Supaya ilang sengsarane, makna tembang iki jumbuh karo petikan tembang Kinanthi…
supadi niring sangsaya.
wedi wiryaning dumadi.
rina wengi den anedya.
salami mung awas eling.
mangka kanthining tumuwuh.
Kudu disregepi anggone ngolah ati, anggone ngolah ati saben wayah esuk lan bengi diniati. Tumindak sing apik uga mbengkas nafsu ati. Bab kuwi mau bakal gawe awakmu dadi manungsa kang utama. Makna tembang ing ndhuwur jumbuh karo tembang Kinanthi Serat Wedhatama pada…
1
2
3
4
5
Marma den taberi bocah
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduk ing pambudi
Bengkas kahardaning nafsu
Supadya dadya utami.
Tembung sing ora bener saka tembang ing ndhuwur lan koreksine yaiku...
bocah : angger
ati : driya
bocah : gendhuk
nafsu : driya
bocah : kulup
nafsu : driya
bocah : angger
utami : utama
nafsu : driya
utami : utama
Bab kang diandharake kuwi yaiku cara kanggo njaga kahuripan. Makna tembang iki jumbuh karo petikan tembang Kinanthi…
rina wengi den anedya.
mangka kanthining tumuwuh.
yeku pangreksaning urip.
salami mung awas eling.
eling lukitaning alam.
Penyiar ora entuk katon lagi ora bombong apa maneh ora nduweni rasa semangat. Bab kuwi nuduhi yen salah sawijining sing kudu digatekake nalika dadi penyiar yaiku...
wawasan kang jembar.
konten/materi.
artikulasi.
pernapasan/prana.
swasana ati.
Nalika ngendikan, pernapasan kudu dilatih. Aja nganti awake dhewe katon kaya wong ngos-ngosan. Bab kuwi nuduhake sing kudu digatekake nalika dadi penyiar yaiku...
swasana ati.
pernapasan.
konten/materi.
wawasan kang jembar.
artikulasi.
Sugeng siyang mitra BSJ 92.2 FM Pasinaon Giyaran Basa Jawi Semarang. Kepanggih malih kalian jejaka Asep wontening adicara LAWA alias Lagu Jawa ing dinten Selasa, 17 Juli 2020. Kula badhe hangancani panjenengan setunggal jam kepengke. Mangga ingkang badhe riques lagu, kirim salam kagem para kadang lan sadherek panjenengan. Saged wa utawi telpon ing 08562654850. Ingkang nembe online buka facebook, saged gabung wonten grup BSJ FM.
Saka wacan ing dhuwur, teks broadcast kuwi ngandharake...
adicara pawarta.
adicara pawarta.
adicara ing facebook.
adicara curhat.
adicara lagu jawa.
Mitra BSJ, sampun jam 11 siyang, menika ateges jatah ku ngancani panjenengan wonten ing atur giyaran laras sampun telas. Kula kedah enggal nyuwun pamit, matur nuwun awit kawigatosan panjenengan. Hambok bilih wonten cupet ceweting atur ingkang boten hanuju prana penggalih panjenengan kula nyuwun agunging sih samudra pangaksama. Pepanggih wonten wekdal candhakipun, Jejaka Berlian pamit. Matur nuwun.
Saka wacan ing dhuwur, tembung kang entuk ater-ater anuswara yaiku...
ehambok.
pepanggih.
ngancani.
ceweting.
candhakipun
Sugeng siyang mitra BSJ 92.2 FM Pasinaon Giyaran Basa Jawi Semarang. Kepanggih malih kalian jejaka Asep wontening adicara LAWA alias Lagu Jawa ing dinten Selasa, 17 Juli 2020. Kula badhe hangancani panjenengan setunggal jam kepengke. Mangga ingkang badhe riques lagu, kirim salam kagem para kadang lan sadherek panjenengan. Saged wa utawi telpon ing 08562654850. Ingkang nembe online buka facebook, saged gabung wonten grup BSJ FM.
Saka wacan ing dhuwur, bisa dimangerteni yen media kang dianggo kanggo siaran yaiku...
youtube.
televisi.
instagram.
radhio.
ariwarti lan kalawarti.
Sugeng siyang mitra BSJ 92.2 FM Pasinaon Giyaran Basa Jawi Semarang. Kepanggih malih kalian jejaka Asep wontening adicara LAWA alias Lagu Jawa ing dinten Selasa, 17 Juli 2020. Kula badhe hangancani panjenengan setunggal jam kepengke. Mangga ingkang badhe riques lagu, kirim salam kagem para kadang lan sadherek panjenengan. Saged wa utawi telpon ing 08562654850. Ingkang nembe online buka facebook, saged gabung wonten grup BSJ FM.
Wacan ing dhuwur kalebu teks broadcast perangan...
pambuka (opening).
riques.
surasa.
panutup (closing).
sapa aruh.
Mitra BSJ, sampun jam 11 siyang, menika ateges jatah ku ngancani panjenengan wonten ing atur giyaran laras sampun telas. Kula kedah enggal nyuwun pamit, matur nuwun awit kawigatosan panjenengan. Hambok bilih wonten cupet ceweting atur ingkang boten hanuju prana penggalih panjenengan kula nyuwun agunging sih samudra pangaksama. Pepanggih wonten wekdal candhakipun, Jejaka Berlian pamit. Matur nuwun.
Wacan kasebut kalebu teks broadcast perangan...
riques.
panutup (closing).
pambuka (opening).
surasa.
sapa aruh.
Saka gambar ing ngisro iki kang diarani beskap atela yaiku...
Basa krama saka jarit yaiku...
jarik.
sinjang.
samping.
batik.
lurik.
Stagen inggih menika perangan ingkang wonten pangagem adat jawi. Stagen inggih menika salah sawijining paninggalan kabudayan Jawi ingkang turun temurun diagem dumugi sakmenika. Stagen menika saktunggaling kain tenun tradhisionil ingkang wiyaripun kinten-kinten 15cm kaliyan dawanipun werna-werni saking 5 meter, 10 meter lan sak panunggalipun. Jenisipun kain radi lentur lan saged melar ananging teksturipun tenunan ingkang kiat. Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseri utawi ngencengake tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar.
Fungsi saka stagen yaiku...
supaya jarik ora mlorod utawa udhar.
kanggo nempelake jarik marang awak.
supaya katingal tradhisional.
supaya katon endah.
supaya jarik katon kenceng.
Saka gambar ing ngisor iki, blangkon kang asale saka jogja yaiku...
Dhuwung utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanesipun turangga, wisma, lan wanita kaliyankukila. Curiga utawi keris punika gadhah makna lanang, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, lan ugi sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbela nagari.
Wacan kasebut nyaritakake busana adat Jawi yaiku...
warangka.
keris.
sinjang.
bebed.
epek timang.
Fungsi saka perangkat gamelan ing dhuwur yaiku...
pengatur irama.
pemangku irama.
pengatur nada.
pemangku lagu.
pamurba lagu.
Perangkat gamelan kang diarani peking yaiku...
Aksara Swara cacahe ana...
6
5
4
8
7
Demung kuwe salah sijining gamelan sing klebu keluarga balungan utawa wilahan. Ing se set gamelan biasane ana 2 demung, lorone kaperang saka laras pelog lan slendro. Demung ngasilake nada kanthi oktaf paling endhep sajroning kaluwarga balungan, kanthi ukuran fisik sing luwih gedhe. Demung nduweni wilahan sing luwih tipis nanging luwih amba tinimbang wilahan saron lan peking, senggaa nada sing dikasilake lebih endhep. Tabuh demung biasane digawe saka kayu, kanthi bentuk kayata palu, luwih gedhe lan luwih abot tinimbang tabuh saron.
Cara nabuhe ana sing biasa jumbuh karo nada, nada sing imbal, utawa nabuh gantian antara demung 1 lan demung 2, ngasilake jalinan nada sing nduweni variasi nanging meloni pola tartamtu. Cepet alone lan seru lemahe tinabuhan gumantung saka komando kendhang lan jinis gendhinge. Ing gendhing Gangsaran sing nggambarake kahanan paprangan upamane, demung ditabuh kanthi seru lan cepet. Ing gendhing Gati sing nuansane militer, demung ditabuh alon nanging seru. Nalika ngiringi lelagon ditabuh alon. Nalika selang ing kondisi imbal, mula ditabuh cepet lan seru.
Saka wacan ing dhuwur, perangkat gamelan kang lagi dicaritakake yaiku...
Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro duwé 11-12 wilah kang tipis lan digawé saka logam, manawa ana ing gamelan pélog duwé 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr kang mung duwé 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha kang paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok kang paling ngisor rosé. Kanggo nadha kang luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung kang luwih dhuwur.
Piranti kang kanggo nabuh utawa tabuh gendèr racaké luwih cendhèk ketimbang gambang kang digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh kang wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan kang cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah iku, supaya swarané mandheg
Ana ing pakeliran wayang, gendèr minangka ngiringi carita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan kang fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr duwé fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr duwé peran kang utama, kudu nabuh instrumèn kang ora tau mandheg sawengi muput.
Perangkat gamelan kang diandharake wacan ing dhuwur yaiku...
Sing kalebu struktur teks eksposisi yaiku... (pilih luwih saka siji)
penegasan ulang.
tesis.
surasa basa.
argumentasi.
closing.
Sing kalebu fungsi aksara swara yaiku... (pilih luwih saka siji)
nulis vokal, istilah basa manca.
nguatake pelafalan.
nulis pangkat, jabatan, sesebutan, jeneng wong.
nulis jeneng dhaerah, kutha, desa, negara
nulis sandhangan swara.
mangka kanthining tumuwuh,
salami mung awas eling,
(a) ,
wedi wiryaning dumadi,
supadi niring sangsaya,
yeku pangreksaning urip.
ukara kang trep kanggo njangkepi tembang ing dhuwur yaiku...
marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
(a) ,
bengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.
Ukara kang trep kanggo njangkepi tembang ing dhuwur yaiku...
Broadcast yaiku ilmu komunikasi kang nyinauni babagan...
(a)
Gambar ing dhuwur kalebu perangan busana adat jawa kang diarani...
(a)
Wiru, wiwiren aja nganti kleru. Yen wiru wong lanang ana ing sisih tengen gedhene telung driji, dene wiru wong wadon ana ing sisih kiwa gedhene sejempol/rong driji. Cacahe wiru yaiku...
(a)
