wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH BAB WAWANCARA

Total questions: 20

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Teks wawancara wujude arupa

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Pacelathon

d)

Eksposisi

2.

Ing ngisor iki sing dudu kalebu kegiatan wawancara...

a)

Podcast

b)

Talkswaw

c)

Pacelathon

d)

Wawancara

3.

Punapa naminipun produk olahan bandeng ingkang panjenengan produksi punika, Bu?

Ukara pitakon wawancara kasebut isi saka struktur teks wawancara bagian....

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Deskripsi Bagian

d)

Pembuakaan

4.

Kanggo nakokake alasan digunakake tembung pitakon....

a)

Punapa

b)

Kenging punapa

c)

Kados pundi

d)

Kala menapa

5.

Struktur teks wawancara kang isine nakokake babagan modal, cara pangedole, susah senenge usaha bagian...

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Deskripsi Bagian

d)

Panutup

6.

Nakokake wektu, ukara pitakon sing bener......

a)

Kenging menapa panjenengan milih profesi polisi?

b)

Wiwit kala menapa panjenengan dados polisi?

c)

Sinten ingkang nyengkuyung panjenengan dados polisi?

d)

Kados pundi susah remenipun dados polisi?

7.

Ing ngisor iki sing ora perlu dipersiapake utawa ditindakake ing kegiatan wawncara....

a)

Nentokake tujuan

b)

Nentokake Narasumber

c)

Nentokake Pewawancara

d)

Nyusun daftar pitakonan wawancara

8.

Nalika pas nindakake wawancara, sing ora perlu digatekake utawa ditindakake......

a)

Dokumentasi

b)

Unggah-ungguh

c)

Busana

d)

Suguhan

9.

Penjelasan saka Narasumber didokumentasekake lewat....

a)

Foto

b)

Rekaman

c)

Dhaftar pitakonan

d)

Pacelathon

10.

Sawijine ukara diarani ukara tanduk lan ukara tanggap adhedhasar.... ukara

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Isi

d)

Jejer lan wasesa

11.

Sing dudu kalebu ukara tanduk....

a)

Bapak sampun tindak.

b)

Ibu mundhut jajan.

c)

Adhiku wis adus.

d)

Tugase wis karampungake.

12.

Ukara pitakon sing ora nganggo tembung pitakon.....

a)

Sampeyan wis mangan ?

b)

Sapa sampeyan?

c)

Punapa pakaryan sampeyan?

d)

Sampeyan naminipun sinten?

13.

"Griya kula celak Hotel Merdeka". Tembung pitakon sing cocok karo wangsulan kasebut....

a)

Punapa griyanipun sampeyan?

b)

Kenging punapa griyanipun sampeyan?

c)

Kados pundi griyanipun sampeyan?

d)

Wonten pundi griyanipun sampeyan?

14.

Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya sing nuduhake pakaryan utawa pegawean. Ing ngisor iki sing ora kalebu golongane tembung kriya tanduk.....

a)

mangan, turu, nyapu, numpak

b)

lungguh, adus, lunga,tuku

c)

nampa, ngombe,nyiduk,matur

d)

katampa, tinemu, sinebut

15.

Kripik pare didadekake unggulan kabupaten Tulungagung. Ukara kasebut kalebu ukara tanggap amarga.....

a)

Jejere nindakake pagawean

b)

Wasesane nindakake pakarya

c)

Wasesane dikenani pakaryan

d)

Jejere dikenani pakaryan

16.

Nyusun Laporan Hasil Wawancara sing bener.....

a)

Sadurunge wawancara

b)

Nalika wawancara

c)

Sawise wawancara

d)

Sadurunge lan sawise wawancara

17.

Tujuan wawancara golek informasi ngenani ingon-ingon iwak hias. Narasumber sing pas....

a)

bakul iwak hias

b)

sing duwe iwak hias

c)

sing duwe ingon-ingon iwak hias

d)

sing ngingu iwak

18.

Kegiatan wawancara ngenani industri pomahan. Sing pas dadi narasumber yaiku.....

a)

wong sing duwe usaha konveksi.

b)

wosng duwe usaha kost-kostan

c)

wong duwe usaha ingon-ingon iwak

d)

wong duwe usaha ingon-ingon pitik

19.

Sing ora perlu ditulis ing Laporan Hasil Wawancara..

a)

Jenenge Narasumber

b)

Tujuan Wawancara

c)

Wektu wawancara

d)

Usahane Narasumber

20.

Wangsulan Narasumber : Usaha bathik iki dakjenengi "Sekar Jagad"

Wangsulan kasebut kanggo pitakonan wawancara...

a)

Apa jenenge usaha bathik sampeyan?

b)

Punapa naminipun usaha bathik panjenengan Pak?

c)

Sinten naminipun usaha bathik panjenengan Pak?

d)

Sapa jenenge sing duwe usaha bathik Pak?