wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

8A. PENILAIAN HARIAN 2 MATERI BASA RINENGGA LAN PARIWARA

Total questions: 25

Worksheet time: 38mins

Name
Class
Date
1.

Tuladha basa krama inggil (krama alus) yaiku …

a)

Bapak nembe kemawon rawuh saking Malang.

b)

Bapak nembe kemawon dugi saking Malang.

c)

Bapak jik tas teka saka Malang.

d)

Bapak jik tas rawuh saka Malang.

2.

“Pak, kondure aja nganti kebengen lho!”

Ukara kasebut mawa basa ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

3.

Basa sing trep klawan undha usuk basane yaiku …

a)

Bapak mantuk ngantor, Mas Aji kondur sekolah, lan aku mulih dolan.

b)

Bapak mantuk ngantor, Mas Aji mulih sekolah, lan aku kondur dolan.

c)

Bapak kondur ngantor, Mas Aji mantuk sekolah, lan aku mulih dolan.

d)

Bapak kondur ngantor, Mas Aji mulih sekolah, lan aku mantuk dolan.

4.

Wong tuwa sing ndhawuhi anake lumrahe nggunakake basa ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

5.

Titik-titik sajrone pacaturan iki isenana nganggo ukara sing mathuk!

Guru      : “….”

Budi       : “Nyuwun pangapunten Bu, kala wingi kula boten mlebet amargi dipunajak Bapak kalihan ibu dhateng Surabaya tilik eyang kakung ingkang saweg gerah.”

a)

Budi, kowe wingi olehmu menyang Surabaya karo sapa wae?

b)

Sakjane ana apa ta Bud, kowe wingi kok ora mlebu sekolah?

c)

Budi, eyangmu sing ana ing Surabaya iku sakjane gerah apa?

d)

Bapak lan ibumu wingi jarene menyang Surabaya, ana apa?

6.

“Dudu sanak dudu kadang, …” Bacute unen-unen kasebut yaiku …

a)

Yen ilang melu kelangan

b)

Yen susah wegah bungah

c)

Yen tentrem melu ayem

d)

Yen mati melu kelangan

7.

Unen-unen iki sing lumrah yaiku …

a)

Sepi lan rame ing gawe.

b)

Sepi lan rame ing pamrih

c)

Sepi ing pamrih, rame ing gawe.

d)

Sepi ing gawe, rame ing pamrih.

8.

Basa rinengga sing wujude paribasan “Dhemit ora ndulit setan ora doyan” nduweni teges …

a)

Wong sing tansah kalis saka bebaya.

b)

Wong nemu kabegjan gedhe banget.

c)

Wong sing tansah nemoni bebaya

d)

Wong sing uripe sarwa kecukupan.

9.

Tuladha ukara sesanti sing trep yaiku …

a)

Mikul njero mendhem dhuwur.

b)

Ing ngarsa mangun karsa.

c)

Jer basuki mawa beya.

d)

Sapa ora temen tinemu.

10.

Ukara-ukara iki sing klebu basa rinengga yaiku …

a)

Anggenipun tindak kesusu banget.  

b)

Majua sayuta ngasra sakethi wuri.

c)

Wong iku olehe lara ora bisa waras.

d)

Badhe dipunkapakaken namung manut.

11.

Pengumuman utawa wara wara kang isine nawakake barang barang utawa jasa diarani ….

a)

crita rakyat

b)

pawarta

c)

pariwara

d)

pengumuman

12.

Gatekna pariwara iki!

Pariwara kasebut isine nawakake ....

a)

penggaweyan

b)

lembaga kursus Hang Tuah

c)

lapangan kerja maritim

d)

jasa komputer

13.

Gatekna pariwara iki!

Sing ditawakake lumantar pariwara kasebut yaiku kaya ing ngisor iki, kejaba ....

a)

kursus kemaritiman

b)

kursus basa Inggris

c)

kursus baby sitter

d)

ndandani HP

14.

Gatekna pariwara iki!

Sing dadi sasarane pariwara kasebut yaiku ....

a)

kabeh masyarakat

b)

masyarakat sakiwa tengene jalan Gowah

c)

masyarakat sing lagi lulus SMA

d)

Emak Sport

15.

Gatekna pariwara iki!

Tulisan ”Wernani Uripmu” ing perangan pariwara diarani ....

a)

headline

b)

subheadline

c)

tagline

d)

productshot

16.

Pariwara sing nduweni titikan/paugeran iki klebu jinise pariwara ....

·        Nduweni tujuan mbentuk kesadharan lan pengetahuan bab prodhuk utawa fitur- fitur saka prodhuk kang wis ana.

·        Njelasna cara kerja prodhuk.

·        Menehi informasi rega lan kemasan prodhuk.

·        Ngoreksi prodhuk.

a)

pariwara informatif

b)

pariwara persuasif

c)

pariwara reminder

d)

pariwara profokatif

17.

Basa sing digunakake kanggo pariwara nduweni sifat kaya ing ngisor iki, kejaba ....

a)

persuasif

b)

profokatif

c)

komunikatif

d)

sugestif

18.

Basa pariwara sing persuasif maksude ....

a)

Bisa mahanani marang kebutuhane konsumen, menehi kawigaten lan solusi tumrap  kebutuhan informasi para warga.

b)

Tembung-tembunge jelas, semanak, cekak aos, lan ora mbulet, nganti ngrusak durasi penayangan.

c)

Rakitan ukarane bisa ngowahi panemune wong kang krungu utawa maca iklan dadi percaya marang apa sing diiklanke.

d)

Basa sing digunakake bisa ndayani pamiarsa dadi wuwuh utawa tambah kapercayane, saengga ketarik marang sing diiklanake.

19.

Paugerane nulis iklan kudu spesifik, yaiku prodhuk utawa jasa sing ditawakake kudu cetha ….

a)

merk lan tipene

b)

fiture lan wernane

c)

merk lan wernane

d)

merk, tipe, fitur, lan wernane

20.

Gambar pariwara kasebut ditujokake kanggo ….

a)

masyarakat umum

b)

para guru SMA

c)

para remaja wadhon

d)

para petani

21.

Sing di arani pariwara komersial yaiku.....

a)

pariwara sing dipasang ing media TV

b)

pariwara sing digawe lan dipasang migunakake teknik elektro

c)

pariwara bisnis kang nduweni tujuwan kanggo ngolehake asil utawa bathi

d)

pariwara sing digunakake kanggo nyampekne informasi

22.

Salah sijine strategi masarake barang yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen babagan … prodhuk sing ditawakake tinimbang produk liyane.

a)

kaluwihan

b)

kecocogan

c)

regane

d)

katerangan

23.

Basa sing perlu digatekane nalika nulis pariwara, kejaba ....

a)

isine objektif lan jujur 

b)

basane gamblang

c)

ora bisa dipahami

d)

narik kawigaten

24.

Tuladha pariwara kang nawarake layanan jasa yaiku ....

a)

obat obatan

b)

kursus

c)

sabun

d)

winih jagung

25.

Ing ngisor iki sing ora klebu tuladha panggonan pariwara cetak yaiku ....

a)

TV

b)

spanduk

c)

koran

d)

baliho