Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Persiapan PAS XII

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

"Ratih kuwi pawakane dhuwur, putih, lan mripate njedjer kothak".


Paraga Ratih digambarake lumantar ....

a)

fisike

b)

pachelathone

c)

tindakane

d)

bathine

e)

pikirane

2.

Cerkak wancahan (singkatan) saka....

a)

Cerita cekak

b)

Cerita pendek

c)

Cerita cakak

d)

Cerita sambung

e)

Cerita fiksi

3.

Pambuka kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

konflik

e)

krisis

4.

Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !

Kaya saben dinane Bawang putih lunga maring kali kanggo ngumbaih. dheweke ketemu karo nini-nini. Dening nini-nini mau Bawang Putih diwei semangka sing ora patiya gedhe. Maune Bawang Putih ora gelem, nanging sawise dipeksa dening nini-nini mau akhire dheweke gelem lan ngaturaken matur nuwun. Sagutule ngumah semangkane disigar, kagete Bawang Putih isi semangkane arupa emas sing cacaeh akeh banget.

Adhedhasar tugelan cerkak nang ndhuwur, nilai-nilai sing bisa dijukut yaiku ....

a)

moral lan sosial

b)

sosial lan agama

c)

agama lan budaya

d)

budaya lan pendidikan

e)

pendidikan lan moral

5.

Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !

“Saiki aja padha adu nepsu lan karep. Wis dha lerema! Aku sing bakale ngrumat bapak!”. Kabeh pada meneng nalika Saptono lagi ngomong kaya kuwi, kabeh pada krasa ayem uga wedi amarga omongane mau. Sita lan Sono banjur pada siap-siap bali maring umahe, sinambi nyepakake dhaharane bapak.

Manut pethilan cerkak nang ndhuwur, wateke paraga aku yakuwe ....

a)

njaluk sak penake dhewe

b)

gawe nesu

c)

kemaki

d)

tego maring wong tuwo

e)

bekti maring wong tuwa

6.

Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku….

a)

alur, paraga, swasana

b)

wektu, papan, swasana

c)

tema, papan, swasana

d)

sudut pandang, swasana, wayah

e)

wayah, swasana, alur

7.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake

a)

Kedadean jaman biyen

b)

Kedadean apa anane

c)

Prastawa sejarah

d)

Kedadean sajerone kraton

e)

Panguripan sabendina

8.

Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Pamecahe masalah

e)

Eksposisi

9.

Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...

a)

Nilai kabudayan

b)

Nilai Sosial

c)

Latar/setting

d)

Pariwisata

e)

Pendidikan

10.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!

Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku.

Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....

a)

Ibu

b)

Bapak

c)

Toni

d)

Aku

e)

Adhik

11.

Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...

a)

Paraga

b)

Penokohan

c)

Setting

d)

Akting

e)

Alur

12.

Sing ora kalebu titikane (ciri-ciri) cerkak yaiku...

a)

Ceritane Cekak (tembunge kurang saka 10.000)

b)

Perkara sing di critakake mung siji

c)

Cacahe paraga mung sethithik

d)

nganggo basa krama inggil

e)

nganggo basa gancaran

13.

Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggiti sawijining cerkak saka unsur ekstrinsik iku antarane kaya ing ngisor iki, kajaba...

a)

sudut pandang

b)

ekonomi

c)

agama

d)

sosial

e)

budaya

14.

Kadadeyan ing crita kanthi sambung sinambung wiwit ngarep nganthi pungkasan cerita, yaiku....

a)

Tokoh/penokohan

b)

Latar/ setting

c)

Alur/ plot cerita

d)

Amanat

e)

Sudut pandang

15.

"Rina wengi Pak Joko tansah nyambut gawe golek upa".


tembung rina tegese ....

a)

saben

b)

awan

c)

nalika

d)

wayah

e)

kajaba

16.

Mobil Murah


Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.

Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.

”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam.”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune.”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus.

Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”

”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.

”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake

ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.


Karakteristik wacan kanthi irah-irahan “Mobil Murah” Sing bener. Kajaba…

a)

Guyonane ngandhut pasemon,wewarah, lan utawa .

b)

Isine nyritakake lelakone paraga/wong penting.

c)

Guyonane lugu/ wantah.

d)

Mupangate minangka sarana kritik

e)

Mupangate minangka sarana hiburan.

17.

Teks kanthi irah-irahan ”Mobil Murah” kalebu teks apa?

a)

Teks humor

b)

Teks anekdot

c)

Teks cerkak

d)

Teks wayang

e)

Teks drama

18.

janturan, yaiku andharan umum kang nggambarake mula bukaning crita. Kang klebu janturan wacan “Mobil Murah” yaiku…

a)

Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales,wong yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.

b)

Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.

c)

Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”

d)

”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!”

e)

”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.

19.

prakara, yaiku perangan crita kang nggambarake kahanan kang gawat, aeng‘aneh’,utawa janggal ‘ora lumrah. Prakara wacan “Mobil Murah”yaiku…

a)

Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales,wong yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.

b)

Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.

c)

Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”

d)

”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.

e)

e. ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!”

20.

“Luwak mangan tales”unen iki klebu jinise basa rinengga…

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

e)

Purwakanthi

21.

Luwak mangan tales nduweni teges…

a)

Carane ngomong luwes

b)

Wong kang pantes

c)

Tumindake gandes

d)

Wong kang lagi apes

e)

Wong kang lamis

22.

“Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba” ukara iki klebu jinise ukara…

a)

Tanggap

b)

Tanduk

c)

prentah

d)

pitakon

e)

lamba

23.

“Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba” tembung nudhing migunakake ater-ater…

a)

An-(anuswara)

b)

An-(tripurusa)

c)

Ing-(anuswara)

d)

Ing-(tripurusa)

e)

Seselan -dha-

24.

Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu ....

a)

dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.

b)

dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.

c)

dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.

d)

dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah.

e)

dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.

25.

Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki ….

a)

pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi.

b)

ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan media massa liyane.

c)

bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat.

d)

ngajak tumindak becik lumantar pasemon.

e)

jenenge paraga lan papan dumadine prakara.

26.

Tembung utawa ukara tinamtu kang perlu oleh kawigaten, nalika maca teks anekdot perlu diucapake kanthi ....

a)

nadha kang dhuwur

b)

nadha kang bisaa

c)

nadha endhek banget

d)

kang bisa nrenyuhake

e)

kang kepenak dirungokake

27.

Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku ....

a)

migunakake basa baku utawa standar.

b)

migunakake basa campuran baku lan ora baku.

c)

migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa.

d)

migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.

e)

migunakake basa standar kaya Jogja-Solo.

28.

Perangan saka teks anekdot kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepiye prastawa kang dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan diarani...

a)

Reaksi

b)

Abstraksi

c)

Krisis

d)

Orientasi

29.

Perangan saka teks anekdot kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita diarani...

a)

Krisis

b)

Koda

c)

Reaksi

d)

Abstraksi

30.

Adi : Yen mlaku sikile loro, menawa mandheg sikile sepuluh. Apa kuwi aranane Nab?

Zaenab : Apa ya... wuah kuwi yo ora mungkin ana tah!

Adi : Kowe wae ra ngerti, jawabane kuwi bakul sate pikulan!

Teks anekdot kasebut dudutan...

a)

Sindiran

b)

Pitutur

c)

Lucu

d)

Pesen moral

31.

Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-cirine teks anekdot yaiku...

a)

Pasemon adhedhasar kedadeyan saben dina

b)

Crita cerkak, ringkes lan lucu

c)

Nduweni kesan panglipur lan pesen tartamtu

d)

Nduweni tembung panggandheng

32.

Kinanthi kuwi putrane Bu Sumiati kang nduweni watak andhap asor lan pinter. Perangan kasebut nuduhake pengenalan...

a)

Paraga

b)

Wayah

c)

Panggonan

d)

Alur

33.

Kinanthi kuwi putrane Bu Sumiati kuwi nduweni watak andhap asor lan pinter. Ukara kasebut menawa mlebu ing teks anekdot kalebu ing bagian...

a)

Krisis

b)

Reaksi

c)

Koda

d)

Orientasi

34.

gajah ngidak rapah Tegese

a)

wong rajin bakal sugeh

b)

wong pinter bakal sukses

c)

wong kang nglangar wewelare dewe

d)

wong kang andap asor

35.

Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane, nggunaake jinise unggah-ungguh basa napa?

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

36.

Nggunaake ragam basa ngoko lugu sing bener, kajaba

a)

Wong/bocah meh padha umure

b)

Ngrembug wong liya kang perlu diajeni

c)

Guru marang murid

d)

Bapak marang anak

37.

Nalika awak dhewe matur dhateng Bapak Ibu, becike nganggo ragam basa apa?

a)

Krama lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Ngoko lugu

38.

Wekdal Bapak dhahar, adhik tumut nedha ugi. Ukara kasebut migunakake unggah-ungguh basa . . .

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Krama Alus lan Krama Lugu

d)

Krama Lugu lan Krama Alus

39.

"Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le!"

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

40.

Ing ngisor iki tembung ngoko-krama-krama inggil kang runtut, yaiku ...

a)

Mundhut-tumbas-tuku

b)

Lunga-nderek-kesah

c)

Lara-sakit-gerah

d)

Mangan-dhahar-nedha

41.

Ing ngisor iki kena nggunakake basa ngoko, kejaba ...

a)

Guru marang murid

b)

Bapak marang anak

c)

anak marang eyang

d)

kanca marang kanca

42.

"Wekdal Ibu . . . . dhateng peken, kula taksih . . . . wonten kamar"

a)

Kesah-Siram

b)

Tindak-Tilem

c)

Kesah-Sare

d)

Tindak-Turu

43.

Bapak ... dhateng Solo. Tembung sing trep yaiku

a)

Lunga

b)

Sare

c)

Tindak

d)

Siram

44.

Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung kowe owah dadi . . . .

a)

Tetep kowe

b)

Sampeyan

c)

Panjenengan

d)

Kula

45.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

46.

Tuladha ukara kang becik kanggo tetepungan marang wong liya yaiku ....

a)

“Halo, kenalan yo!”

b)

“Eh, kenalan yok! Jenengmu sapa?”

c)

“Mas, kowe wong ngendi?”

d)

“Mbak, nderek nepangaken, nami kula Jono, panjenengan?”

47.

Guneman/ omong-omongan antarane wong siji lan sijine diarani ...

a)

Rasan-rasan

b)

Pacelathon

c)

Geguritan

d)

Pidato

48.

Pacelathon iku duweni perangan (unsur) penting yaiku ....

a)

asal-usul tembung

b)

unggah-ungguh

c)

struktur pacelathon

d)

panggonan pacelathon

49.

miturut gambar kasebut, unggah-ungguh basa pacelathon kang trep yaiku ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

50.

Ukara kang trep kaliyan unggah-ungguh kanggo jangkepi pacelathon kaseut yaiku ....

a)

kula boten ngertos, Pak

b)

mboh, rak ngerti

c)

kula ora ngerti, Pak

d)

ora weruh, Pak