Font size
WorksheetsBasa Jawa Wulangan 2 Kelas 4
Total questions: 25
Worksheet time: 21mins
Ranti:
"Mesakake banget ya marang lelakonsing dialami dening Bawang Putih. Duwe kesalahan sethithik wae, diajar lan dipulasara kaya ngono. Piye Ren, saupama kowe dadi Bawang Putih?"
Reni :
"Yen aku dadi Bawang Putih, aku ora kuwat. Sujune Bawang Putih isih kuwat lan tetep sabar. Wong sing sabar iku akhire bakal nampa pitulungan."
Ranti:
"Ya wis samesthine, sapa sing sabar mesthi dadi kekasihe Gusti Allah. Merga wong urip kuwi sejatine bakal ngundhuh wohing pakarti."
Reni:"Apata sakjane tegese tetembungan "ngundhuh wohing pakarti iku?"
Ranti:
"Ngundhuh wohing pakarti iku tegese mbesuke wong iku bakal nampa piwales marang tumindake dhewe-dhewe. Sapa sing tumindak becik bakal nampa kamulyan, dene sing tumindak ala uga bakal ngrasakake piwalese."
Reni:
"Bener apa sing kokakndhakake kuwi. Buktine Bawang Putih, krana kesabarane lan tumindake kang becik akhire uga nampa pitulungan saka Nini Buta ljo. Malah isih diwenehi bebungah kang awujud waluh kang isine maneka warna mas barleyan sing njalari wong tuwane dadi sugih."
1. Geneya Ranti mesakake karo lelakone Bawang Putih?
Jalaran Bawang Abang tingkah lakune ala banget.
b. Jalaran duwe kesalahan sethithik wae dipulasara.
C. Jalaran Bawang Abang wis ora duwe wong tuwa.
d. Jalaran nalika ditulungi wegah nampa pitulungan.
2. Watake Bawang Putih yaiku...
srakah
sabar
nyengit
jirih
3. Unen-unen "ngundhuh wohing pakarti" tegese.....
wong sing nampa piwales saka tumindake dhewe.
wong sing ora bisa ngajeni marang wong liya.
wong kang tumindake tansah njagakake wong liya.
wong sing senengane aweh pitulungan marang liyan.
Tata krama jroning pirembugan sing becik yaiku.....
Rembugana mung karo wong sing becik wae.
Saora-orane bisa gawe lara atine wong liya.
Gunakna tetembungan sing becik lan sopan.
Nalika rembugan ora perlu nganggo basa
Sing diarani teks pirembugan yaiku teks wujude.....
tembang
gancaran
geguritan
pacelathon
Nalika maca teks pirembugan sing kudu digatekake yaiku ....
olehe ngucapake tetembungan kudu bener.
olehe maca saben ukara kudu sing banter.
wong sing maca pirembugan kudu pinter.
ora perlu nggatekake tandha pawacan.
Ciri-cirine teks pirembugan yaiku....
ukara sing digunakake kudu dawa.
Cukarane awujud pacelathon (dhialog)
basane kudu nggunakake basa endah.
tetembungane angel dingerteni.
(1) Sapa wae sing bakal teka mrene?
(2) Kapan mbakyumu budhal menyang Malang?
Adhedhasar isine ukara ing ndhuwur diarani ukara ...
sambawa
andharan
prentah
pitakon
Ing ngisor iki sing kalebu ukara sambawa yaiku....
Tulung aku mengko silihna buku ing perpustakaan!
Saupama aku duwe buku mesthi taksilihne kowe!
Sesuk sore bapak arep tindak menyang Semarang.
Ing ngendi olehmu arep nyimpen barang-barang iki?
Ukara sing isine duweni teges senajan, upama,
diarani ukara ....
andharan
prentah
sambawa
pitakon
Apa sing diarani teks pirembugan?
(a)
Kepriye tata kramane nalika nganakake pirembugan?
(a)
Tulisen ciri-cirine teks pirembugan!
(a)
Bab-bab apa wae sing kudu digatekake nalika maca teks pirembugan?
(a)
Jelasna apa sing diarani ukara andharan! wenehana tuladha siji!
(a)
Jelasna apa sing diarani ukara pitakon! wenehana tuladha siji!
(a)
Jelasna apa sing diarani ukara pakon. wenehana tuladha siji!
(a)
Jelasna apa sing diarani ukara sumbawa. wenehana tuladha siji!
(a)
tulung jupukna tabung gas elpiji kuwi!
ukara kuwi kalebu ukara ...
(a)
Senajan mung sethithik sing penting rata!
Ukara kuwi kalebu ukara...
(a)
Sabisa-bisane awake dhewe kudu pinter ngirit BBM.
Ukara kasebut kalebu ukara (a)
Kepriye carane supaya bisa ngirit energi?
Ukara kasebut kalebu ukara (a)
saupama aku duwe dhuwit kowe taktukokne jajan!
ukara kasebut kalebu ukara ..
(a)
Muga-muga aku mengko ora disukani Pak Guru!
Ukara kasebut kalebu ukara ...
(a)
Tulung jupukna buku pepak jawa kuwi!
Ukara kasebut kalebu ukara...
(a)
