NEW
Font size
WorksheetsCrita
Total questions: 20
Worksheet time: 12mins
Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. Nanging critane bisa wae wujud…
Pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana imajinasi
Sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane pelaku sejarah
Dongeng kang wis sumebar turun-temurun
Crita babad tanah jawi kang wis diakoni dening masyarakat
Asal-usul panggonan kang dibumboni daya khayal pengarang.
Lusan
“innalillahi wa inna ilaihi raji’un,” mung kuwi sing kaucapake bu lik Sunami sawise nampa telpon.
senadyan kanthi gamblang dokter wis aweh katrangan yen Neni iku lara leukemia utawa kanker darah, nanging kanggone wong desa kono, isih tetep percaya yen larane Neni awit lusan. Amarga Neni sing isih prawan rabi karo dhudha pindho ateges Neni iku bojo katelu. Manut kapitayan ing desa kono, bab kuwi bakal njalari nemu bilahi. Luwih-luwih nalika slametan telung dinane Neni, Rudi ya terus tinggal donya dadakan tanpa jalaran.
Manut cerkak mau Neni kuwi ….
Bojone rudi
anake Rudi
ibune rudi
adhine rudi
putrane Bu Sunami
Lusan
“innalillahi wa inna ilaihi raji’un,” mung kuwi sing kaucapake bu lik Sunami sawise nampa telpon.
senadyan kanthi gamblang dokter wis aweh katrangan yen Neni iku lara leukemia utawa kanker darah, nanging kanggone wong desa kono, isih tetep percaya yen larane Neni awit lusan. Amarga Neni sing isih prawan rabi karo dhudha pindho ateges Neni iku bojo katelu. Manut kapitayan ing desa kono, bab kuwi bakal njalari nemu bilahi. Luwih-luwih nalika slametan telung dinane Neni, Rudi ya terus tinggal donya dadakan tanpa jalaran.
Miturut warga desa jalaran matine Neni, yaiku.....
Lara jalaran leukemia
Lara ketularan Rudi
Ditinggal Rudi lunga
Abot sangga uripe karo Rudi
Sadurunge Rudi dhudha ping loro
Mak gi, wong wadon sing umure wis sepuh kuwi ngenteni anak-anake kanthi sabar, sinambi lempit-lempit sandhangan kang mentas dipulung saka memehan. Ing pojoke gubug ana celengan saka kendhi sing sasuwene iki dadi gandhulane ati. Ya celengan iku kang bisa aweh panjurung uripe lan anak-anake. Tangane kang wis kisut dipangan wektu kanthi kebak rasa welas asih wis rampung nyawisake mangan kanggo anak-anake. Bocah papat kang racak umur-umurane kuwi olehe ngopeni ngungkuli jabang bayi sing diprejelne dhewe. Mak gi pancen uripe tanpa bandha, nanging katresnane kang tulus bisa kanggo nggedhekake bocah-bocah senajan kudu medhot olehe padha sekolah.
Dudutan cerkak ing ndhuwur...
Mak gi mujudakae wong wadon sugih sing nduwe anak papat.
Mak gi mujudake wong wadon ora nduwe sing nduwe anak papat.
Mak gi wong wadon sing banget tresnane marang anak kandhunge.
Mak gi wong wadon sing nresnani anak kandhung lan anak angkate.
Mak gi nduweni anak angkat cacahe papat.
Kanggo nguripake crita, pangarang cerkak migunakake...
Lelewaning basa
Basa baku
Dhialek lan idhiolek
Basa standar
Basa padinan
Nalika sinau nulis cerkak apike diwiwiti kanthi nulis cengkorongan dhisik, gunane...
Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan tumata urut-urutane
Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
Nuntun pamaca supaya bisa mahami urutan crita sing sawutuhe
Nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
Nalika nulis cerkak kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba
Milih tema
Milih judhul
Nemtokake paraga lan watak paraga
Nemtokake latar
Pilihan tembung
Unsur kang ana gegayitane karo wektu, swasana, lan linglungan sosial ing cerkak diarani...
Latar
Panggonan
Paraga
Alur
Tema
Kalungguhane pengarang ing sajroning crita diarani
Pamawas
Latar
Paraga
Alur
Tema
Nalika cacike naker beras ing timbangan, mak klebat ana setan liwat ing pikiranku. Kayane cacike ya rada lena, ora pati nggagas polahku. Tanpa nyalawadi, tanganku kanthi alon-alon ndhudhut salah sijine plastik wadhah dolanan. Jinise dolanan iku montor-montoran saka plastik. Sabanjure dak gambol ing sak kathok sisih tengen. Dak ematake, cacike ora sadhar manawa salah sijine dagangane dak jupuk tanpa nembung. Wektu kuwi aku ora nggagas swara atiku sing ngelikake tumindakku kuwi. Ing pikiranku anane amung wayangane Thole sing wis ngarep-arep dolanane.
Latar cerkak ing dhuwur yaiku
Warung klontong
Pasar
Warung kopi
Warung makan
Swalayan
Bedane teks anekdot lan teks humor
Teks anekdot guyonane ngandut pasemon menawi teks humor guyonane wantah
Teks anekdot guyonane paragane wong biasa menawi teks humor paragane wong penting
Teks anekdot guyonane ngandut hiburan lelipur biasa menawi teks humor guyonane ngandhut wejangan
Teks anekdot nyritakake wong biasa menawi teks humor nyritakake wong penting
Teks anekdot guyonane ngandut wantah/lugu menawi teks humor guyonane ngandhut wewarah
Paragraf wiwitan kalebu struktur
Janturan
Pawadan
Prakara
Tanggapan
Wasana
Wasanane ing teks kasebut yaiku
"Ati-ati aja nganti ceblok maneh!", jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel
Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku, dr. Bandhot, MM, M. Si.
Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok aing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, "Ooo...sepurane, rokokku ceblok"
"Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe, sampeyan bisa ditahan!"
Sabanjure, petugas karo mendhelik nakoni Bandhot," apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar aturan?"
Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok aing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, "Ooo...sepurane, rokokku ceblok". Punggelan teks kasebut miturut struktur teks anekdot kalebu perangan..
Tanggapan
Janturan
Pawadan
Prakara
Wasana
Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajrone nindakake ayahane, kanggo...
Nyemoni para priyayi
Nebet ing ati para panyemak
Guyon karo para panyemak
Guyon karo wong penting/pejabat publik
Sarana guyon maton
Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki...
Bab bab kang kaanggep sakral dening masyarakat
Pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe priyayi
Ariwarti, kalawarti, radhiyo, lan medhiya masaa liyane
Ngajak tumindhak becik lumantar pasemon
Jenenge paraga lan papan dumadine prekara
Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran..
Teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhingake karo teks humor
Akeh sing ngarani yen teks anekdot padha wae karo teks humor
Sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor
Teks anekdot drajate padha wae yen kabandhingake karo teks humor
Teks anekdot nduweni isi, lelewaninv basa, lan tujuwan kang gumathok
Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal kebul ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dubuwang mak prung ceblok ing sisih tengen sikile.
Punggelan teks kasebut miturut struktur teks anekdot kalebu perangan..
Pawadan
Janturan
Prakara
Tanggapan
Wasana
Perangan teks anekdot kang nuduhake klimaks saka crita diarani
Prakara
Janturan
Pawadan
Tanggapan
Wasana
Urut urutan strukturteks anekdot yaiku
Janturan-pawadan-prakara-tanggapan-wasana
Janturan-wasana-prakara-tanggapan-pawadan
Janturan-prakara-pawadan-tanggapan-wasana
Janturan-pawadan-tanggapan-prakara-wasana
Pawadan-janturan-krakara-tanggapan-wasana
