WorksheetsSoal Evaluasi Bahasa Jawa "Makanan Tradisional Jawa"
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Tuladha panganan tradhisional Jawa, yaiku... .
bika ambon
sega megono
sega padang
mi ayam
bakso
Beras kang dibuntel janur lan wujude pesagi, yaiku... .
kupat
lemper
cengkarok
gethuk
thiwul
Panganan tradhisional lemper, yaiku... .
panganan wujude dawa kang digawe saka beras ketan dibuntel godhong gedhang
panganan wujude dawa kang digawe saka beras katul dibuntel godhong gedhang
panganan wujude dawa kang digawe saka beras ketan dibuntel godhong janur
panganan wujude pesagi kang digawe saka beras katul dibuntel godhong janur
panganan wujude pesagi kang digawe saka beras ketan dibuntel godhong gedhang
Sega liwet yaiku sega gurih kang dimasak nganggo santen kang ndadekake rasa gurih.
Tembung santen tegese padha karo tembung... .
banyu peresan krambil
banyu peresan kluwih
banyu peresan beras
banyu peresan gori
banyu peresan wortel
Wacan iki kanggo pitakonan nomer 5-7.
(1) Sega thiwul nalikane jaman penjajahan dadi panganan gantine sega. (2) Sakliyane
Gunungkidul, thiwul uga kondhang ana ing daerah-daerah liya. (3) Thiwul yaiku
panganan tradhisional khas Kabupaten Gunungkidul. (4) Ing jaman mbiyen, sega
kalebu panganan sing mewah, amarga langka ndadekake wong-wong golongan kelas
dhuwur sing bisa nduweni beras. (5) Masarakat golongan tengah mangisor bisane
nduweni thiwul.
Wacan ing ndhuwur ora runtut. Urutan tembung-tembung satemah bisa dadi ukara
kang runtut, yaiku... .
3, 2, 1, 4, 5
3, 2, 4, 5, 1
3, 2, 4, 1, 5
1, 3, 4, 2, 5
1, 3, 4, 5, 2
Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing ndhuwur, yaiku... .
Gunungkidul
panganan mewah
thiwul
sega
beras
Tema kang trep kanggo wacan ing ndhuwur, yaiku... .
panganan mewah
panganan tradhisional
panganan manca
panganan wetanan
panganan kulonan
Sega tumpeng yaiku sawijing panganan tradhisional kang nduwe makna filosofis.
Peprincen ana ing sega tumpeng lan filosofine kang trep, yaiku... .
pitik (ingkung) nduwe makna manekung kanthi ati grusa-grusu anggone ngibadah
marang Gusti
sega kanthi wujud kerucut nduwe makna pangajab lan ora gelem bekti marang Gusti
endhog godhog nduwe makna makarya kanthi rencana, tliti, lan ora tuntas
kangkung ana ing urap nduwe makna jinangkung
bayem ana ing urap nduwe makna susah lan ayem
Peprincen ana ing tumpeng, yaiku... .
sega, endhog, urap, kupat
sega, endhog, urap, randha royal
sega, endhog, randha royal, ingkung
sega, endhog, ingkung, urap
sega, endhog, ingkung, kupat
Sega tumpeng kuwi padha karo... .
gunung kang maknane pasrah marang kahanan ing alam
gunung kang maknane pasrah sinambi ora gelem ngupaya
gunung kang maknane pangajab kang pasrah
gunung kang maknane pangajab kang asor
gunung kang maknane pangajab kang dhuwur
