WorksheetsTEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF
Total questions: 10
Worksheet time: 6mins
Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi
gamblang lan rinci.
Bener
Salah
Titikane teks tanggapan dheskriptif, kejaba ....
Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya.
Tujuwane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa
ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekne.
Titikane obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.
Wacan sing diwacakake kanggo kanca-kanca.
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe
segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.
Manut wacan iku dhuwure Gunung Bromo yaiku ....
rong ewu telung atus wolung puluh loro
rong ewu telung atus sangang puluh loro
rong ewu rong atus sangang puluh loro
rong ewu telung atus sangang puluh sanga
Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe
pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Tegese tembung "nengsemake" yaiku ....
kondhang
endah
nyenengake
apik
Pesisir Pulo Merah saiki dhadhi primadhona wisata ing Banyuwangi. Para wisatawan bisa ndheleng endahe pesisir sing resik.
Tembung sing panulisane salah yaiku (a)
Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon
Kabupaten Malang. Tembung wewengkon tegese ....
bagean
panggonan
wilayah
dunung
SENDANG BIRU
Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter.
Isine paragraf kasebut yaiku ....
Pesisir Sendang Biru
Panggonane Pesisir Sendang Biru
Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang
Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang
Tuladha tembung sing nganggo swara (i) miring yaiku ....
wajik, sapi, ublik, petis
siji, sawi, klambi, mati
lading, kalis, arit, alis
wiwitan, dhuwite, adhine
Papan panggonan sing ... obyek wisata mesthi nduwe sesawangan sing
apik. Tembung sing cocog kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku ....
ndadekake
didadeni
didadekake
ndadeni
Sing klebu tuladhane tembung panggandheng yaiku ....
apa, pira, kaya
apik, resik, padhang
karo, nalika, lan
loro, akeh, sepuluh
