wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN SOAL CERKAK

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.
Pesan moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang ...
a)
sing ngarang lan sing maca
b)
sing nyurasa lan ngrasakake isine crita
c)
kahanan masyarakat kang kacrita
d)
kahanan masyarakat wong kang maca
e)
ing ngendi crita kasebut kawaca
2.
Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. nanging critane bisa wae wujud ...
a)
pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana imajinasi
b)
sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane pelaku sejarah
c)
dongeng kang wis sumebar turun-temurun
d)
crita babad tanah Jawi kang wis diakoni dening masyarakat
e)
asal-usul panggonan kang dibumboni daya khayal pengarang
3.
Pakaryan ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita diarani ...
a)
njarwakake
b)
nyadhur
c)
ngerpek
d)
njiplak
e)
nganggit
4.
Nalika nyadhur cerkak, ora kena ngowahi ...
a)
basane cerkak
b)
lelewaning basa cerkak
c)
isi lan rasane crita
d)
titikan basane cerkak
e)
kaendahan basane cerkak
5.
Nalika sinau nulis cerkak apike diwiwiti kanthi nulis cengkorongan dhisik, gunane ...
a)
nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
b)
nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan tumata urut-urutane
c)
nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
d)
nuntun pamaca supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
e)
nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
6.
Katrangan kang trep kanggo nuduhake unsur intrinsik yaiku ...
a)
ngemu katrangan latar panggonan lan alur
b)
nuduhake latar panggonan lan latar wektu
c)
ngemu latar wektu lan amanat
d)
nuduhake latar swasana lan watak wantu paraga
e)
nuduhake tema lan aluring crita
7.
Asil susastra nyritakake lelakoning manungsa kanthi cekak diarani ...
a)
novel
b)
roman
c)
drama
d)
cerkak
e)
sandiwara
8.
Cerkak ngandhut nilai kang gegayutan karo tindak-tanduk ing pasrawungan antarane wong siji lan sijine ing bebrayan agung diarani nilai ...
a)
etika
b)
pendhidhikan
c)
kamanungsan
d)
moral
e)
sosial
9.
Sajrone alur ana babagan kang nepungake kahanan, paraga, uga gegayutan antarane paraga siji lan sijine kang dicritakake diarani ...
a)
rising action
b)
exposition
c)
turning point
d)
complication
e)
ending
10.
Babagan kang kudu ana sajroning crita kanggo mangun crita amrih gampang dinalar lan dimangerteni dening pamaca diarani unsur ...
a)
intrinsik
b)
narasi
c)
eksplorasi
d)
ekstrinsik
e)
naratif