NEW
Font size
WorksheetsSesorah kelas 9
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Micara kanthi ancas medar sabda utawa ngomongkae panemune ing ngarep wong akeh diarani ....
sesorah
geguritan
crita
macapat
Sesorah kang ancase kanggo nampani tamu ing sawijining acara diarani ....
atur pangajak
atur pambagyaharja
atur panglipur
atur panyaruwe
Kampanye, orasi, pengajian, promosi iku salah sijining wujud sesorah kang ancase ....
atur panglipur
atur pambagyaharjo
atur pangajak
atur panyaruwe
Bapak Kepala SMP Negeri 5 Purworejo ingkang kinurmatan. Bapak Ibu Dwija saha karyawan SMP Negeri 5 Purworejo ingkang kula bekteni. Para kadang wredha mudha ingkang kula tresnani.
Pethikan teks sesora ing ndhuwur ana ing perangan ....
pambuka
surasa
isi
panutup
Para sesepuh, pinisepuh kakung miwa putri ingkang luhur ing budi saha ingkang tansah kula bekteni. Bapak saha Ibu, para rawuh satuhu kinurmatan lan kinabekten. Sarta para sedherek ingkang kula tresnani.
Pethikan sesorah ing dhuwur kalebu perangan pambuka .....
atur pambagyaharja
atur pakurmatan
atur puji syukur
atur panuwun
Pethikan sesorah ngisor iki kang isine pambuka atur puji syukur yaiku ....
Para sepuh, pinisepuh ingkang pates sinudarsana, para kadang mitra ingkang bagya mulya, dalah sagung para rawuh ingkang luhur ing budi.
Para rawuh ingkang kinabekten, boten kesupen kula matur agunging panuwun dene bapak ibu sampun rawuh ing acara menika.
Para rawuh ingkang kinabekten, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangaksami.
Minangka pambukaning atur, sumangga kula saha panjenengan sami ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Ageng saengga dinten menika saged kempal wonten ing acara menika.
Mekaten atur kula, mbok menawi wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun agunging pangaksami. Kula ugi ngaturaken agunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun nyengkuyung ing adicara menika.
Pethikan sesorah kasebut ana ing perangan ....
salam pambuka
purwaka
surasa
panutup
Para rawuh ingkang bagya mulya, ngrembag babagan bathik mesthinipun ugi ngrembag babagan asal-usulipun tembung. Bathik asalipun saking tembung "ngembat/ mbat" lan "titik" . Kekalihipun tembung anggadhahi teges "menehi titik" ingkang tegesipun pedamelan mbathik menika maringi titik mbaka titik wonten ing lambaran kain werna pethak.
Katitik saka surasa pethikan teks sesorah kasebut, kanggo acara ....
dina kamardikan
dina pendhidhikan
dina santri
dina bathik
Para sepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi saha ingkang tansah kula bekteni.
Saka pethikan teks sesorah kasebut, tembung miwah nduweni teges ....
lan
mewah
lanang
wadon
Mekaten atur kula, menawi kathah kekirangan saha kalepatanipun kula tansah nyuwun lumunturing samudra pangaksama.
Saka pethikan teks sesorah kasebut tembung pangaksama nduweni teges ....
laut
pangapura
donga
kalepatan
