wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Rinengga

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

e)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

2.

tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani...

a)

kawi

b)

purwakanthi

c)

seroja

d)

saloka

e)

pepindhan

3.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

c)

Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.

d)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

e)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

4.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

d)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

e)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

5.

saka ukara ing ngisor iki kang klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku...

a)

ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

runtang-runtung rerentengan

d)

kinasihan kadya mimi lan mintuna

e)

rinengga ing busana kang edi endah

6.

tuladhane tembung saroja yaiku...

a)

dawa tangane, adus kringet

b)

putih memplak, ayem tentrem

c)

gagah prakosa, gedhe endhase

d)

dhuwure kaya otak-otak mega

e)

colong jupuk, tipis lambene

7.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Lumaksita

d)

Sastra

e)

Basa

8.

Witing tresna, tresnane mung sawetara

Nandhang lara, larane ngapusan tresna


unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru...

a)

Basa

b)

Sastra

c)

Swara

d)

Wilangan

e)

Gatra

9.

Ana bungah, ana susah, iku wis lumrah

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

10.

Raja putra, putrane Raja Alengka

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

11.

Rujak dhondhong, dhondhonge sisaning kalong

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

12.

3.Edi peni tegese ...

a)

Endah banget

b)

Seneng banget

c)

Gedhe banget

d)

Cilik banget

13.

6. Gedhe endase tegese...

a)

Muring-muring

b)

Seneng njupuk barange liyan

c)

Dumeh/ sombong

d)

Seneng omong

14.

7. Bocah kuwi seneng ngabangake kuping. Ngabangake kuping tegese...

a)

Kupinge dadi abang

b)

Kupinge getihen

c)

Kupinge kabangen

d)

Nggawe nesu

15.

10.Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Mas Bagas awake gagah prakosa

b)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

c)

Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane

d)

Adik seneng nggawe klambi werna bangjo