wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Drama kelas XI

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Lodrug lan kethoprak kalebu drama ...

a)

Modern

b)

Tradhisional

c)

Semi modern

d)

Tragedi

e)

Jaman biyen

2.

Sawijine karya seni kang diperagakake dening pawongan tartamtu lan digelar ing ndhuwure panggung diarani...

a)

Geguritan

b)

Drama

c)

Drama Tradhisional

d)

Drama Modern

e)

Macapatan

3.

Drama kang umume nyritakake panguripan jaman saiki tuladhane ngenani pendhidhikan, sosial lan liya liyane kuwi dirani drama...

a)

Tradhisional

b)

Modern

c)

Fabel

d)

Lodrug

e)

Kethoprak

4.

Paraga kang nduweni sipat serakah, iri lan pengin menang dhewe diarani paraga ...

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Paraga Utama

e)

Paraga Pambantu

5.

Minak Koncar : Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih!


Patih Logender : Hahahaha......(Karo mengkerik) kuwi perkara gampang. Ora usah kuwatir, kabeh mengko bisa dak rampungi. Hahaha...(guyune saya banter). Pancen Minak Jingga pinter, nanging iki mengko bakal kalah karo tipuane Logender (karo ndudingi dhadhane dhewe) hahahaha...


Saka pethikan teks ing ndhuwur, Patih Logender nduweni sipat ...

a)

Wicaksana

b)

Ora gampang nyerah

c)

Tanggung Jawab

d)

Pinter

e)

Sombong

6.

Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang diarani ...

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Dudutan

d)

Epilog

e)

Dialog

7.

Rantaman utawa urut-urutane crita sajrone teks drama diarani ...

a)

Tema

b)

Latar

c)

Alur

d)

Pamaragan

e)

Setting

8.

Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani ...

a)

dialog

b)

epilog

c)

prolog

d)

monolog

e)

casting

9.

Drama kang isine nyritakake crita jaman biyen kang biyasane isine kuwi nyritakake kasekten lan bab ora lumrah kuwi kagolong drama...

a)

Tradhisional

b)

Modern

c)

Fabel

d)

Lodrug

e)

Kethoprak

10.

Drama ing gambar kasebut, diarani ...

a)

lodrug/Ludruk

b)

Wayang wong

c)

Kethoprak

d)

Teater