wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KUIS BASA JAWA BAB LAYANG

Total questions: 11

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Layang sing isine undhangan kanggo mantu, sunatan, syukuran diarani layang ...

a)

iber

b)

lelayu

c)

ulem

d)

kitir

2.
Sesambungan tumrap sing ngirim lan sing ngirimi diarani ...
a)

Salam taklim

b)

Peprenah

c)

Adhangiyah

d)

Titi mangsa

3.
Ing ngisor iki tuladha ukara panutup ing layang, sing bener yaiku ...
a)

Sesarengan serat menika kuila ngaturi kabar bilih kawomtenan kula sae-sae mawon.

b)

Budhe ing liburan semester 1 kula badhe sowan dateng dhalemipun ing Blitar.

c)

Kula sakeluwarga pinaringan rahayu wilujeng. Kula suwun semanten ugi keluwarganipun Pakdhe lan budhe.

d)

Wasana cekap semanten menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

4.
Perangan/struktur layang sing runtut yaiku .........
a)

Titi mangsa, satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa, peprenah, wasana basa, tapak asma, asma terang.

b)

Titi mangsa, satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa, wasana basa, peprenah, asma terang, tapak asma.

c)

Titi mangsa, satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa, wasana basa, peprenah, tapak asma, asma terang

d)

Titi mangsa, surasa basa, adangiyah, purwaka, satata basa, wasana basa, peprenah, tapak asma, asma terang.

5.
Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuwan menehi kabar tertamtu lan ditulis ana ing ndhuwure kertas diarani..
a)

Handphone

b)

layang

c)

internet

d)

e-mail

6.
Layang kang isine ngabarake bab kesripahan diarani layang ...
a)

ulem

b)

lelayu

c)

iber-iber

d)

kitir

7.
Layang kang ditujokake marang wong tuwa, becike nggunakake basa .....
a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

8.
Ing ngisor iki sing kalebu ukara pitakon retoris, yaiku ..........
a)

Mulih sekolah mengko jam pira?

b)

Sapa sing ora kepengin lulus sekolah?

c)

Piye yen kokbayari dhisik?

d)

Kapan bapak kondur saking Solo?

9.
Tegese ukara sananta yaiku .......
a)

Ukara kang ngandharake kekarepan utawa niyatan.

b)

Ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah.

c)

Ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijining bab utawa kedadean

d)

Ukara kang isie kangge njaluk tulung marang pawongan.

10.
Ukara kang ngandharake sawijining perkara utawa kedadeyan marang wong liya. Ukara kasebut yaiku tegese jinise ukara apa?
a)

Ukara pitakon

b)

Ukara sambawa

c)

Ukara carita

d)

Ukara sananta

11.

“Ngendikanipun Bapak saha Ibu, kula mangke manawi biji rapor kula sae kepareng sowan dhateng Madiun.”

Ukara kasebut kalebu jinis ukara ..........

a)

pitakon

b)

carita

c)

sambawa

d)

sananta