wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH Bahasa Jawa Kelas 6 (Cangkriman & Pidato)

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Tembung globalisasi asale saka tembung "globe" sing tegese....

a)

donya

b)

isi donya

c)

bal bunder

d)

mendunia

2.

Ing ngisor iki kalebu dhampak negatipe globalisasi, yaiku....

a)

majune teknologi

b)

masyarakat tansaya maju

c)

rusake lingkungan

d)

komunikasi tansaya gampang

3.

Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....

a)

cangkriman

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

4.

Ing ngisor iki sing kalebu wujude cangkriman, yaiku

a)

cangkriman wujude plesetan lan cangkriman sinawung ing parikan

b)

cangkriman wujude wancahan lan cangkriman wujude pepindhan

c)

cangkriman sinawung ing tembang lan cangkriman wujude geguritan

d)

cangkriman wujude pepindhan lan cangkriman wujude geguritan

5.

Jenise utawa wujude cangkriman iku ana....

a)

telu

b)

papat

c)

lima

d)

enem

6.

Pitik walik saba meja, batangane yaiku

a)

andha

b)

nanas

c)

celengan

d)

sulak

7.

Bapak pucung roda papat bisa mbengung,

Wujud kothak dawa,

Nguntal barang sakabehing,

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha.

Batangane tembang ing dhuwur yaiku....

a)

trek

b)

kapal mabur/pesawat

c)

montor

d)

andha

8.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake.

Ukara ing dhuwur tuladhane cangkriman kang awujud....

a)

wancahan/cekakan

b)

irib-iriban

c)

pepindhan

d)

sinawung ing tembang

9.

Jenenge padha karo rasane, yaiku....

a)

keset

b)

legi

c)

asem

d)

pait

10.

Cilik dadi kanca, gedhe dadi mungsuh, yaiku....

a)

andha

b)

geni

c)

sumur

d)

genteng

11.

Pidhato tegese padha karo....

a)

cangkriman

b)

sesorah

c)

unen-unen

d)

saroja

12.

Miturut swasanane, pidhato iku kaperang dadi loro, yaiku....

a)

pidhato resmi lan pidhato kenegaraan

b)

pidhato ora resmi lan pidhato manten

c)

pidhato resmi lan pidhato ora resmi

d)

pidhato resmi lan pidhato formal

13.

Titikane pidhato resmi yaiku, kajaba....

a)

intonasi swara datar

b)

ukarane jangkep

c)

migunakake tembung baku

d)

intonasi swara munggah mudhun

14.

Struktur pidhato kaperang dadi....

a)

loro

b)

papat

c)

lima

d)

telu

15.

Muji syukur ing ngarsaning Allah, kalebu perangan....pidhato

a)

pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

dudutan

16.

Perangan pidhato sing ngandharake dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup, yaiku....

a)

dudutan

b)

isi

c)

panutup

d)

pambuka

17.

Ing ngisor iki sing ora kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidhato, yaiku....

a)

puji syukur

b)

dudutan

c)

salam pambuka

d)

pakurmatan

18.

Metodhe pidhato Impromptu yaiku methode pidhato sing....

a)

kanthi tanpa nganggo persiapan

b)

kanthi cara maca teks

c)

kanthi ngapalake naskah

d)

kanthi gawe pokok-pokokpidhato

19.

Kanggo persiapane nulis pidhato, becike gawe....

a)

kesimpulan

b)

ukara

c)

tembung

d)

cengkorongan

20.

Nyinaoni bab pidhato padha karo nyinaoni kepriye carane omong ing ngarep wong akeh kanggo ngandharake gagasan arupa....

a)

gambar

b)

crita

c)

bedhekan

d)

lisan