NEW
Font size
WorksheetsPTS Genap Kelas 6 Bahasa Jawa: Pacelathon
Total questions: 15
Worksheet time: 30mins
Karangan kang wujude guneman para paraga kang tumindak arane ....
pacelathon
crita
geguritan
tembang
Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ....
jenenge paraga
tema pacelathon
tujuwane pacelathon
swasana pacelathon
Tanda waca kang digunakake kanggo misahake jeneng paraga lan ucapane yaiku ....
titik
petik
titik loro
koma
Tuladha basa krama kang trep kanggo awake dhewe yaiku ….
Bu, kula bidhal rumiyin, nggih
Panjenengan adus rumiyin!
Bu, kula tindak rumiyin
Kula badhe siram rumiyin
Nalika nindakake pacelathon karo wong liya becike nggatekake … basane.
tata krama
tata susila
unggah-ungguh
trapsila
Bapak menawi tindak kantor … sepeda, dene kula menawi … sekolah cekap mlampah kemawon.
numpak – mangkat
nitih – tindak
nggenjot – lunga
nitih – bidhal
Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....
kanca sakelas
guru marang siswa
anak marang wong tuwa
wong tuwa marang anak
Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku ....
bengak-bengok saka kadohan
nyedak karo meneng
nyedak karo ngajak salaman
mripate ngawaske wong liya
Tuladha ukara kang becik kanggo tetepungan marang wong liya yaiku ....
“Halo, kenalan yo!”
“Eh, kenalan yok! Jenengmu sapa?”
“Mas, kowe wong ngendi?”
“Mbak, nderek nepangaken, nami kula Jono, panjenengan?”
Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”
Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”
Candra : “Inggih , Bu!”
Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.
Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....
ngoko
krama
campuran
ngoko andhap
Pacelathon bisa kalaksanan manawa ditindakake paling sithik wong cacah ....
lima
papat
telu
loro
Kula ngombe es degan, dene Pakde ... kopi tubruk,
Tembung kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
ngunjuk
nginum
ngombe
ngrahapi
Ukara ing ngisor kang migunakake basa ngoko andhap yaiku ....
Pak, yen arep tindak mrana, aku melu ya?
Pak, yen arep tindak mrana, kula melu ya?
Pak, yen arep tindak mrana, aku dherek ya?
Pak, yen arep tindak mrana, aku dherek nggih?
Wacanen pacelathon iki!
Firdaus : “Coba padha nyedak mrena dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU.
Nurwan : “Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya.”
Ardi : “Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?”
Paraga sing paling pinter babagan listrik yaiku ....
Ardi
Firdaus
Nurwan
adhine Firdaus
Wacanen pacelathon iki!
Firdaus : “Coba padha nyedak mrena dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU.
Nurwan : “Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya.”
Ardi : “Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?”
Rembugane para paraga iki mau nggunakake setting ing ....
omah
sekolah
kantor
pinggir dalan
