NEW
Font size
WorksheetsPENILAIAN HARIAN_EKSPOSISI ADAT MANTU_XI
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Piwulang Kautaman ing Upacara Mantu
Upacara adat mantu sejatosipun mujudaken sarana sesambungan antawisipun ingkang kagungan hajat mantu kaliyan para tamu ingkang ngrawuhi upacara adat mantu kasebut. Ingkang kinandhut ing sesambungan iku warna-warni. Tuladhanipun, ingkang kagungan hajat mantu anggenipun ngomah-omahaken putranipun dipunkantheni anteping tekad lan donga pamuji. Bab menika katingal saking sarana maneka warna ubarampe, kadosta tetuwuhan, cengkir gadhing, gedhang raja kalih tundhun, kembar mayang lan bleketepe. Ingkang kagungan hajat ugi nyuwun donganipun para tamu ingkang ngrawuhi upacara mantu kasebut. Salajengipun para tamu nderek memuji lan ngamini donga ingkang kagungan mantu.
Ing upacara mantu, wonten urut-urutan acara ingkang dipuntindakaken dening ingkang kagungan hajat mantu.
1. Saderengipun upacara mantu: nontoni, lamaran, asok tukon, lan srah-srahan.
2. Upacara mantu: majang, cethik geni, pasang tarub, sengkeran, siraman, ngerik, midodareni, siraman, ijab, panggih temanten, lan pawiwahan.
3. Sasampunipun upacara mantu: boyong temanten.
Kathah piwulang kautaman ingkang kinandhut ing upacara mantu. Tuladhanipun, upacara mantu saged kangge sarana ngraketaken talining silaturahmi wargaming bebrayan. Upacara mantu ugi mujudaken kabudayan silih asung boga, mulyakaken tamu kanthi gupuh, lungguh lan suguh ingkang prayogi.
Mugi-mugi upacara adat kados upacara mantu menika tansah lestantun dipuntindakaken dening masarakat Jawa. Sinaosa jaman lumaku gilir gumanti lan kabudayan ngalami ewah-ewahan manut lakuning jaman, kabudayan jawa tetep lestantun.
Wacan kasebut dipunwastani teks menapa? Andharaken alesanipun!
Teks eksposisi, amargi wosipun/isinipun ngandharaken babagan kawruh/informasi dhumateng pamaos.
Teks deskrpsi, amargi gadhah ancas (tujuan) nggambaraken sawijining barang/objek kanthi jelas dhateng pamaos
Taks narasi, amargi nyariyosaken prakawis saking wiwitan dumugi pungkasan.
Teks argumentasi, amargi wosipun/isinipun pamanggih (pendapat) panyerat babagan prakawis tartamtu, adatipun wonten referensi/teori saking para ahli.
Teks persuasi, amargi wosipun/isinipun pangajak supados pamaos nuruti menapa ingkang dipunajab panyerat.
Struktur teks kasebut inggih menika ....
Orientasi, komplikasi, resolusi, koda/ending
Tesis, argumentasi, penegasan ulang
Identifikasi, klasifikasi, deskripsi bagian
Alenia: pambuka, isi/penjelas, panutup
Pendahuluan, tubuh argumen, kesimpulan
Bleketepe inggih menika ron klapa ingkang taksih ijem, dipunpasang dening tiyang sepuh pinanganten. Ancasipun pasang bleketepe ing upacara adat mantu inggih menika ....
nggambaraken lawang kangge mlebet dunya enggal, dunya pagesangan ing bale wisma, ingkang kathah pacoban ingkang kedah dipunatasi.
kangge ngresiki badan lan jiwa supados suci lan murni.
kangge ngerik rikma-rikma lembut pinanganten dening pamaes
kangge nggambaraken bilih menawi sampun mangun bale wisma, mesthi pikantuk rejeki kangge gesang ing bebrayan agung.
kangge tolak bala utawi nyuwun dhumateng Gusti supados upacara saged katindakaken kanthi gangsar, kalis saking sambekala saking purwa madya lan wasana.
Sasampunipun masang tarub, dipunlajengaken masang bleketepe. Bleketepe dipundamel saking anyaman janur minangka tandha dipunwiwiti adicara hajatan. Pundi ingkang dipunwastani bleketepe?
Pisang ingkang dipunpilih ing prosesi masang tuwuhan inggih menika pisang raja. Teges filosofi pisang raja ing upacara mantu inggih menika ....
supados samangke pinanganten kekalih saged ngraosaken endahing gesang lan lila legawa gesang bebarengan.
supados pinanganten kekalih kagungan kapribaden ingkang luhur.
supados pinanganten kekalih saged resik lair lan batinipun.
supados pinanganten kekalih pikantuk kaluhuran kados raja, sabda pandhita ratu, datan kena wola-wali.
supados pinanganten kekalih pikantuk rejeki ingkang kathah lan mumpangati kangge kulawarga.
Siraman ing prosesi upacara mantu gadhah teges filosofi....
tiyang sepuh sampun lila menawi putranipun badhe krama
bapak lan ibu paring pangestu dhateng putranipun
nyucikaken jiwa amargi badhe nindakaken adicara ijab ingkang sakral
tandha bektinipun lare dhateng tiyang sepuh
lare pingin dipapungi tiyang sepuh
Adicara sasampunipun siraman inggih menika dodol dhawet. Bapak lan ibunipun pinangaten putri ingkang sadean. Ubarampe ingkang dipunginakaken kangge tumbas dhawet kasebut inggih menika
arta
kreweng
koin
e-money
barkot
Calon penganten kakung ing pahargyan midodareni rawuh saperlu srah-srahan. Menapa ingkang dipunwastani srah-srahan?
Calon penganten kakung masrahaken jiwa lan raganipun dhumateng penganten estri.
Calon penganten estri masrahaken jiwa lan raganipun dhumateng penganten kakung.
Calon penganten kakung masrahaken saprangkat perhiasan, rasukan, alat rias, arta lan jajanan dhumateng penganten estri.
Calon besan masrahaken calon penganten kakung.
Calon besan masrahaken calon penganten estri.
Pinanganten kekalih nalika wiwitan panggih, mandheg lan balang-balangan iket godhong sirih (isinipun kapur sirih) ingkang dipuntaleni benang. Miturut kapitadosan kuno, godhong sirih gadhah teges ....
supados samangke pinanganten kekalih saged ngraosaken endahing gesang lan lila legawa gesang bebarengan.
supados pinanganten kekalih kagungan kapribaden ingkang luhur.
supados pinanganten kekalih saged resik lair lan batinipun.
ngadhahi daya kangge ngusir roh jahat, pramila pinanganten kekalih dados pinanganten sejati.
supados pinanganten kekalih pikantuk rejeki ingkang kathah lan mumpangati kangge kulawarga.
Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, limo donya iku sinandi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu ingkang maknanipun wujud bekti dhumateng tiyang sepuh inggih menika ....
siraman
midodareni
sungkeman
kacar-kucur
