NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal Pemantapan Materi Bahasa Jawa Semester 2
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
1. Supaya kelas kejaga karesikane, mula digawe ...
A. Kerja bakti
B. Piket kelas
C. Gotong royong
2. Yen kelas resik, murid-murid sehat lan ...
A. Sumpek
B. Ora betah
C. Krasan
3. Supaya ngerti kapan wektune kegiatan ing cathetan padinan, mula perlu ditulis ...
A. Isine Kegiatan
B. Dina lan tanggal
C. Sing nulis kegiatan
4. Ditumbasne bapak tuku sepeda, kelebu pengalaman sing ...
A. Nyenengake
B. Nyusahake
C. Ngisinake
5. Bapak wis rampung ngunjuk obat.
Ukara ing nduwur kelebu basa ...
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama inggil
6. Bapak wis rampung ngunjuk obat.
Ukara ing nduwur kecampuran tembung krama, yaiku ...
A. Wis rampung
B. Ngunjuk
C. Obat
7. Ibu ... trigu kanggo gawe roti.
Tembung sing mathuk gawe njangkepi ukara ing nduwur yaiku ...
A. tuku
B. tumbas
C. mundhut
8. Daleme pak Wibawa ana ing jl. Soekarno Hatta.
Tembung "Dalem" ing ukara nduwur nduweni teges, yaiku ...
A. Kantor
B. Sekolah
C. Omah
9. Njaga karesikan omah dadi tanggung jawabe ...
A. Bapak lan ibu
B. Pembantu lan tukang kebun
C. kebeh anggota keluarga
10. Ing pekarangan buri omah apike ditanduri ...
A. kembang
B. woh-wohan
C. pari
11. Gawe ngombe kita kabeh mbutuhake ...
A. Banyu
B. Srengenge
C. Wit-witan
12. Tuladhane njaga bumi supaya bumi tansah lestari, yaiku ...
A. Nebangi hutan hijau
B. Mbuangi sampah ing kali
C. Nggunakake banyu sak perlune
13. Sumunare Srengenge bisa digunakake kanggo ...
A. Mepe klambi
B. Nuwuhake sumber
C. Nggodok banyu
14. Srengenge angslup ing siseh kulon nalika wis wayah ...
A. Isuk
B. Awan
C. Sore
15. Nalika bocah-bocah nduwe janji kudu ...
A. Dak tepati
B. Dak ingkari
C. Dak lalekne
16. Nalika bocah-bocah nduwe salah kudune ...
A. Meneng ae
B. Muring-muring
C. Njaluk sepura
17. Sing ora nunjukake sikap urip rukun yaiku ...
A. Kerja bakti ngresiki omah
B. Rebutan dolanan karo adik
C. Sholat jamaah karo bapak lan ibu
18. Amarga kekeselen adhiku ... ing kamar.
A. Turu
B. Tilem
C. Sare
19. Kucingku Telu
Kucingku telu, Kabeh lemu-lemu
Sing siji abang, Sing loro klawu
Meang-meong, dakpakani lonthong
Kucingku mangan, kancaku ndomblong
Irah-irahan tembang dolanan ing nduwur yaiku ...
A. Kucingku
B. Kucingku telu
C. Telu kucingku
20. Kucingku Telu
Kucingku telu, Kabeh lemu-lemu
Sing siji abang, Sing loro klawu
Meang-meong, dakpakani lonthong
Kucingku mangan, kancaku ndomblong
Sing ndomblong tembang ing nduwur, yaiku ...
A. Kucing Abang
B. Kucing klawu
C. Kancaku
